Tèkstil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Dodolan tekstil di Karachi, Pakistan.

Tèkstil ya iku bahan kang asalé saka serat kang diolah dadi benang utawa kain minangka bahan kanggo nggawé klambi lan produk-produk kerajinan liyané. Saka segi pangertènan tèkstil mau mangka bisa disimpulaké yèn bahan utawa produk tèkstil ya iku produk serat, benang, kain, pakaian lan pira-pira jinis barang kang bahan dasaré saka serat. Ing lumrahé bahan tèkstil dikelompokaké miturut jinisé, kaya ta mengkéné.[1]:

  • Adedhesar jinis produk utawa dhapuré:
  1. Serat staple
  2. Serat filamen
  3. Benang
  4. kain
  5. Produk dadi (pakaian / produk kerajinan lan sakpanunggalé).[1]
  • Adhedhasar jinis bahané:
  1. Serat alam
  2. Serat sintetis
  3. Serat campuran[1]
  • Adhedhasar jinis konstruksine:
  1. Tenun
  2. Rajut.
  3. Renda.
  4. Kempa.
  5. Benang tunggal.
  6. Benang gintir.[1]

Pengertènan babagan jinis lan sipat tekstil arupa modal dhasar kanggoné wong kang bakal geluti ing indhustri tèkstil lan fasion. Pengertènan babagan jinis lan sipat serat tèkstil diperlokaké banget kanggo ngenali, milih, nggawé, nggunakaké lan ngerwat pira-pira produk tèkstil kaya ta serat, benang, kain, pakaian lan tèkstil lenan perumahan liyné. Karakteristik lan sipat bahan tèkstil ditemtokaké déning karakteristik lan sipat serat panyusuné.[1]

Saliyané iku sipat-sipat bahan tèkstil uga kadayan penyempurnaan sahinggga dadi produk dadi. Mangka saka iku kanggo mahamaké babagan bahan tèkstil diperlokaké pangertènan babagan karakteristik lan sipat pira-pira tekstil. Karakteristik lan sipat sarta uga nemtakaké banget prosès pangolahané bisa saka segi pemilihan piranti, prosedur panggawéan utawa jinis zat kang digunkaké. Saksuwiné prosès pangolahan tekstil sipat-sipat dhasar serat ora bakal ilang. Prosès pangolahan tekstil namung minangka ndandani, ngundhakaké, nambahi lan maksimalaké sipat dhasar serat mau saéngga dadi bahan tèkstil kang duwé kuwalitas kang apik. Ora kabèh jinis serat bisa diprosès dadi produk tèkstil. Kanggo diolah dadi produk tèkstil mangka serat mau kudu duwé sipat-sipat kaya mengkéné.[1]:

  1. Perbandingan dawa lan amba kang gedhé.
  2. Kekutan kang cukup
  3. Fleksibelitas dhuwur
  4. Kemampuané mular lan élastis
  5. Cukup kriting supaya duwèni daya kohèsi antarané serat
  6. Nduwèni daya serap tumprapé banyu
  7. Tahan tumprap panas
  8. Ora rusak nalika dikumbah
  9. Tersedia sajeroning jumlah kang gedhé
  10. Tahan tumprap bahan kimia
  11. Jinis serat lan tèhnik pengolahané dadi bahan tekstil.[1]

Sajarah tèkstil Indonésia[besut | besut sumber]

Sacara pasti awit kapan awal anané indhustri TPT ing Indonesia ora bisa dipastèkaké, nanging kemampuan masarakat Indonesia sajeroning bab nenun lan ngrajut klambiné dhéwé wis dimulai awit anané kraton-kraton Hindhu ing Indonesia sajeroning wujud kerajinan, ya iku tenun-menenun lan mbathik kang amung ngrembaka ing kiwa-tengené lingkungan pura lan uga ditujukan amung kanggo kepentingan seni lan budaya sarta digunakaké dhéwé.[2] Sajarah pertekstilan Indonesia bisa diarani saka indhustri omahan taun 1929 dimulai saka pertenunan (weaving) lan perajutan (knitting) kanti nggunakaké piranti Textile Inrichting Bandung (TIB) Gethouw utawa kang dikenal kanti jeneng Piranti Tenun ora Mesin (ATBM) kang digawé déning Daalennoord ing taun 1926 kanti produké arupa tekstil tradhisional kaya ta sarung, kain dawa, lurik, sabuk, nan selendang. Panganggoan ATBM wiwit diganti déning Piranti Tenun Mesin (ATM) kang pertama kali digunakaké ing taun 1939 ing Majalaya-Jawa Barat, ingendi laladan mau éntok pasokan listrik ing taun 1933. lan awit iku indhustri TPT Indonesia wiwit ngleboni éra tèknologi kanti nggunakaké ATM.[2]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g [1], (Kaunduh 24/10/12).
  2. ^ a b sejarah-tekstil, (Kaunduh 24/10/12).