Menyang kontèn

Lemper

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     
Lemper
Lemper
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaIndonésia
Buku masakan: Lemper  Médhia: Lemper

Lemper inggih punika dhedhaharan ingkang dipundamel saking ketan ingkang salebetipun dipunisi abon (saged abon pitik utawi abon sapi) ingkang limrahipun dipunbungkus ngagem ujungan pisang. Lemper punika wujudipun silinder. Sajinis lemper ingkang dipunblebet nganggé tigan ayam kasebat "semar mendem". Wonten jinis sanèsipun inggih punika ingkang namanipun lalampa asal saking tlatah Manado, wangunipun kados déné lemper nanging dipunbakar rumiyin. Lemper punika masakipun ingkang sepindhah dipun dang rumiyin beras ketanipun ngantos mateng. Salajengipun, beras ketan ingkang sampun mateng disiram ngagem santen lajeng dipun dang malih ngantos tanak. Menawi sampun tanak ketan menika dipun céthak lajeng dipun dang malih.[1]

Jinis sanès ingkang mèmper lemper inggih punika lemang ingkang masakipun dipunlebetaken bumbung pring lajeng dipunbakar. Bakcang, satunggiling masakan Cinten ugi mèmper.

Biyasanipun lemper punika dipun ginakkake dados suguhan wonten ing dalemipun tiyang gadhah damel. [2]

  1. "Resep Kue Lemper Khas Jawa oleh Rinna Ramadhayanty Panjaitan". Cookpad (ing basa Indonesia). 2022-08-21. Dibukak ing 2025-06-10.
  2. "Sering Disajikan Ketika Hajatan, Begini Filosofi Kehidupan dalam Jajanan Lemper - Semua Halaman - Kids". kids.grid.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-10.