Yoghurt

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Yoghurt

Yoghurt utawa yogurt, ya iku susu kang digawé saka fèrmentasi bakteri.[1] Yoghurt bisa digawé saka susu apa waé, kalebu susu kacang kedelai.[1] Nanging produksi modèrn saiki didominasi susu sapi.[2] Fermentasi gula susu (laktosa) ngasilké asam laktat, kang duwé peran ing protein susu kanggo ngasilké tekstur kaya gel lan ambu kang unik ing yoghurt.[1] Yoghurt kerep didol apa anané, uga rasa buah, vanilla utawa coklat uga populer.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Ana bukti bilih produk susu budidaya wis diprodhuksi minangka pangananan sawéné paling sithik 45004500 taun, wiwit milenium ka-3 SM.[3] Yoghurt paling pisanan mbok bilih kafèrmentasi mawi cara spontan déning bakteri alasan kang urip karo tas kulit wedhus kang digawa déning bangsa Bulgar, wong nomadik kang wiwit migrasi nèng Éropah karo abad ke-2 M lan akhiré netap ing Balkan nalika akir abad ka-7.[3] Saiki, akèh nagara duwé yoghurt dhéwé-dhéwé, sanajan nganti saiki durung ana bukti kang jelas babagan sapa kang nemukakés yoghurt.[3] Téyori bilih yoghurt digunakaké déning wong-wong Turki kuno didasarké karo buku Diwan Lughat al-Turk déning Mahmud Kashgari lan Kutadgu Bilig déning Yusuf Has Hajib kang ditulis nalika abad kaping 11.[3] Ana ing buku loro iki, tembung yoghurt disebutké lan digambarké minangka kaya déné kang digunakaké déning wong Turki nomadik, kanthi tembung yoghurt digambarké ana ing pirang pérangan.[3] Uga, kang sepisan wong ÉropahÉropah ngenal yoghurt bisa didelok karo sajarah klinik Perancis nalika Francis I lara diaré kang mbebayani lan ora ana dhokter Perancis kang bisa nambani.[3] Nanging, sekuthuné Suleiman si Hebat ngirim dhokter, lan kanthi bantuan yoghurt dhèwèké bisa mari lan wong Éropah dipercaya ngenal yoghurt kang pisanan kanthi kedadéan iku.[3]

Ètimologi 'yoghurt'[besut | besut sumber]

Kata dijupuk saka basa Turki yoğurt (pangucapan: [jɔˈurt]) dijupuk saka tembung sipat ‘yoğun’, kang tegesé “karot” lan “kandel”, utawa saka tembung kriya yoğurmak, kang ateges “mijet” lan bisa uga ateges “gawé karot” asliné – kepriyé yoghurt digawé.[2]

Isi[besut | besut sumber]

Yoghurt digawé kanthi nglebokaké baktèri spesifik nèng jero susu ana ing tèmperatur kang dikontrol lan kondisi lingkungan, mliginé ing produksi indhustri.[4] Baktèri ngrombak gula susu alami lan ngeculake asam laktat minangka produk sisa.[4] Keasaman mundhak nyebabké protein susu kanggo gawé karot.[4] Keasaman mundhak (pH=4-5) uga njaga proliferasi bakteri patogen kang potensial.[4] Di Amérika Sarékat, kanggo bisa dadi yoghurt, produk kudu saka bakteri Streptococcus salivarius subsp.[4] thermophilus lan Lactobacillus delbrueckii subsp. bulgaricus.[4] Ana ing akèh nagara, produk manawa kasebat yoghurt yèn bakteri urip ing produk akir. Produk kang wis dipasteurisasi, kang ora ana bakteri urip, kasebat susu fermentasi (minuman).[5] Yoghurt kang wis dipasteurisasi duwé rentang urip kang dawa lan ora mbutuhké kulkas. Yoghurt ngandhut akèh protein, vitamin B, lan mineral kang wigati. Yoghurt duwé lemak kaya déné susu kang dadi bahan dasaré.Amarga struktur laktosa yoghurt dirusak, dadi yoghurt bisa dikonsumsi wong kang alergi karo susu. Yoghurt kaya kanthi vitamin Bvitamin B.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d www.enformasi.com Manfaat Yoghurt (diunduh tanggal 12 mei 2011)
  2. ^ a b www.lintasberita.com (diunduh tanggal 18 Mèi 2011)
  3. ^ a b c d e f g gaya-hidup.infogue.com (diunduh tanggal 12 mei 2011)
  4. ^ a b c d e f www.scribd.com (diunduh tanggal 12 Mèi 20011)
  5. ^ a b forum.cekinfo.com (diunduh tanggal 18 Mèi 20110