Diaré

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Diaré
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal
Rotavirus jalaran diaré
ICD-10 A09, K58, K59.1
ICD-9 009.2-009.3, 558.9, 564.5
DiseasesDB 3742
eMedicine ped/583 
MeSH D003967

Diaré utawa mangsur (utawa ing basa kasar uga diarani mèncrèt) ya iku salah sawijining lelara minangka pendheritané ngalami buang air besar kang dhapuré cuwèr lan punjul kaping telu in wayah sadina, racaké suwéné diaré nganti loro utawa telung dina, saliyané iku fèsès utawa tinja pendherita uga duwé kandhuntan banyu kang ngluwihi bates, kira-kira 200 gram.[1] Ing donya kaping telu, diaré dadi jalaran kepatèn balita kang paling umum, uga dadi jalaran sedané punjul 1,5 juta wong saben tauné.[2]

Panyebab diaré[besut | besut sumber]

Ana pirang-pirang macem hal penyebab diaré, ing antarané panganan kang kena kontaminasi, obat-obatan lan stres uga bisa dadi jalaran diaré amarga diaré bisa dadi indikasi awal yèn pendheritané duwé lelara liya. Kangèlan anggoné nyerna panganan uga bisa dadi jalaran diaré kronis. Panganan kang ora bisa dicerna kanthi sampurna bisa njalari mual, diaré, kram weteng, gampang ngentut, lan racaké ing 30 menit bisa nyerang kekebalan awak.[3]

Faktor Panyebab Diaré:

Faktor Infèksi: amarga anané infèksi ing saluran pencernaan utawa ing njaba piranti pencernaan.

Infeksi Parèntal ya iku infèksi ing njaba piranti pencernaan kaya ta: Otitis Media Akut (OMA), tonsilitis, bronkopneumonia, ensefalitis, lan sapanunggalané.[3]

Infèksi enteral ya iku infèksi ing jero saluran pencernaan kang dadi faktor utama jalaran diaré. Kang kalebu ing infèksi enteral iki ing antarané:

  1. infèksi bakteri: Vibrio, Escherichia coli, Salmonella, Campilobacter, Yersinia, Aeromonas, lan sakpanunggalané.
  2. infèksi virus: Entrovirus (Virus Echo, Coxsackie, lan Poliomielitis).
  3. infèksi parasit: cacing (Ascaris, Trichuris, Oxyuris, lan Strongyloides).[3]

Faktor Malabsorbsi: Malabsorbsi Karbohidrat Disakarida

Faktor Panganan: antarané panganan kang wis bosok, panganan kang ngandhut racun, utawa réaksi alèrgi amarga mangan salah sawijining panganan.

Faktor Psikologis: amarga rasa wedi, faktor kang siji iki racaké dialami déning wong kang wis diwasa, lan jarang dialami déning bocah cilik.[3]

Tandha-tandha Diaré[besut | besut sumber]

Tandha-tandha diaré ya iku fèsès kang cuèr kanthi frékuènsi kaping papat utawa luwih saben dinané, samangsa-mangsa uga kanthi tandha-tandha:

  1. muntah
  2. awak lesu
  3. awak panas
  4. ora duwé napsu mangan
  5. lan anané getih utawa lendir ing jero fèsès.[4]

Saliyané iku uga bisa ngalami lara weteng lan kejang weteng, uga tandha-tandha tandha-tandha kaya flu kaya ta rada demam, nyeri otot utawa kejang lan mumet. Diaré bisa njalari awak kelangan cuèran utawa elektrolit. Diaré racaké uga njalari dehidrasi (kekurangan cuwèran awak). Dehidrasi ringan naming njalari lambe pacah-pecah. Dehidrasi sedeng bisa njalari kulit keriput, mata lan ubun-ubun dadi dhekok (kanggo bayi kang umuré kurang saka 18 sasi). Dehidrasi akut akibaté bisa fatal, racaké njalari syok.[4]

Panyegahan Diaré[besut | besut sumber]

Panyegahan diaré dadi salah sawijining dalan kang bisa dilakoni supaya adoh saka lelara diaré kanthi èfèktif. Ngumbah tangan sadurungé mangan utawa aktivitas liyané ya iku minangka cara kanggo nyegah diaré supaya virus ora nyebar.[5]

Kanggo panyegahan diaré kang disebabaké saka panganan kang kecemar regetan bisa dilakoni pirang-pirang cara, ing antarané:

  1. Cepakaké panganan kang wis dimasak utawa wis dipanasi. Yèn panganan durung diolah, panganan bisa disimpen ing lemari ès. Amarga manawa panganan ditinggal ing suhu kamar bisa njalari bakteri rikat manak.
  2. Kumbah perkakas masak lan mangan kanggo nyingkiraké panyebaran kuman marang panggonan liya.[5]

Akèh kasus diaré kang nular saka wong siji marang wong liyané. Tindhakan iki bisa ngréwangi wong supaya adoh saka diaré lan infèksi virus utawa bakteri liyané:

  1. Ngrawat bocah utawa wong kang lara kanthi ati-ati, ngumbah tangan sawisé ngganti popok bayi, ngréwangi wong liya kang ngango kamar mandhi utawa sawisé ngréwangi wong liya ing jaba omah.
  2. Ngélingaké bocah-bocah yèn kudu ngumbah tangan sawisé nganggo kamar mandhi lan nalika arep mangan.
  3. Nganggo perawatan nalika arep ngolah pitik utawa daging mentah, daging kudu di masak nganti mateng lan nganggo suhu kang disaranké.
  4. Woh-wohan lan sayuran kang dipangan mentah kudu dikumbah nganti resik nganggo banyu kang resik.
  5. Pasteurisasi (mentah) susu kang kena kontaminasi bakteri kudu disingkiraké. Jus utawa sari woh-wohan kang ora dipasteurisasi kudu disingkiraké manawa buah mau wis kena regetan saka kéwan utawa regetan saka kebon.
  6. Ngati-ati nalika lunga menyang luar nagari lan selèktif nalika milih panganan lan ombèn-ombèn.[5]

Ngobati Diaré[besut | besut sumber]

Cara kang paling wigati kanggo ngrawat pendherita diaré ya iku mastiaké cukupé asupan cuèran lan uyah (elektrolit). Kanggo tandha-tandha ènthèng nganti sedeng bisa digunaaké obat-obatan ènthèng kanggo ngurangi diaré.[6] Kanggo kasus diaré kang parah ing bocah-bocah, wong ngandhut, lan wong tuwa sing bisa mbebayaaké yèn kélangan cuéran kang akèh, bisa diwènèhi infus yang dibutuhake. Yèn panyebabe keracunan panganan, perlu diwènèhi usada kanggo matèni patogen kang ana ing usus dan bisa nyegah rusaké mukosa kang luwih lanjut. Obat antiposmodik bisa ngréwangi ngurangi nyeri kolik abdomen.[6] Diaré kronis kudu diatasi kanthi nambani lelara liya kang ndhasari. Diaré kang suwé kathi dehidrasi akut bisa njalari pendarahan usus kanthi konsekuènsi gagal ginjal.[6]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]