Kumarin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kumarin
Gambar
Identifikasi
Nomor CAS [91-64-5]
PubChem 323
SMILES O=C1\C=C/c2ccccc2O1
InChI 1/C9H6O2/c10-9-6-5-7-3-1-2-4-8(7)11-9/h1-6H
Sifat
Rumus molekul C9H6O2
Massa molar 146.143
Densitas 0.935 g/cm³ (20 °C)
Titik leleh

71 °C

Titik umob

301 °C

Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo
ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa)

Sangkalan lan referensi

Kumarin ya iku senyawa metabolit sekunder wujud lenga atsiri kang kadhapur mligi saka turunan glukosa nonatsiri nalika prosès dadi tuwa utawa nalika lara.[1] Iki wigati mligi ing tuwuhan alfalfa lan semanggi legi kang kumarinne nyebabake ambon-ambon kang kas sakawit sawisé kaloro tuwuhan mau dibabat.[1] Para paneliti wis ngembangaké galur semanggi tinamtu kang ngandhut sithik kumarin lan galur liyané kang ngandhut kumarin kanthi wujud terikat.[1] Kabèh galur mau kanthi ékonomi wigati banget amarga kumarin-bébas bisa owah dadi produk kang ngandhut racun, dikumarol, yèn semanggi rusak nalika panyimpenan.[1] Dikumarol ya iku senyawa antipenggumpalan kang nyebabake lelara semanggi legi (lelara perdarahan) ing kéwan ruminansia (pemamah biak kaya sapi) kang mangan tuwuhan kang ngandhut dikumarol.[1]

Skopoletin ya iku kumarin racun kang sumebar ing tuwuhan lan kerep ditemoni ing kulit wiji.[1] Skopoletin minangka salah siji senyawa kang dinuga nggondeli thukuling wiji tinamtu, nyebabake dormansi nganti senyawa mau kaumbah (tuladhané, déning udan kang lumayan deres saéngga kelembapane cukup tumrap modoting kecambah).[1] Dadi peranane ya iku minangka penghambat alami thukuling wiji.[1]

Aktivitas Biologis[besut | besut sumber]

Salah siji jinis kumarin ya iku preosen kang diisolasi ing taun 1976 saka tuwuhanAgeratum houstanianum nyebabake metamorfosis dini ing pirang-pirang spésies gegremet kanthi mudhune tingkat hormon panoman gegremet saéngga nyebabake pambentukkan gegremet diwasa kang mandul.[2] Pamudhune tingkat hormon uga mudhunake produksi feromon déning gegremet lanang saéngga daya tarik sèksual marang gegremet wadon dadi mudhun.[2] Kanthi kaprigelan kaya mau, preosen duwé potensi minangka insektisida kang duwé prabawa mung marang spésies sasaran.[2]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h Salisbury FB, Ross CW. 1995. Fisiologi Tumbuhan, Jilid 2. penerjemah: Lukman DR, Sumaryono. Bandung:Penerbit ITB. Hal:147-148. ISBN 979-8591-27-5
  2. a b c Chang F, Hsu CL. 1981. Preocene II affects sex attractancy in medfly. Bioscince 31:676-677.