Asem sinamat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Asam sinamat)
Asam sinamat
Gambar
Gambar
Identifikasi
Nomor CAS [140-10-3]
PubChem 444539
Sifat
Rumus molekul C9H8O2
Massa molar 148.17 g/mol
Panampilan kristal
Densitas 1.2475 g/cm3
Titik leleh

134 °C

Titik umob

300 °C

Kelarutan dalam air 0.4 g/L
Kelarutan dalam chloroform, ethanol, methanol kloroform 0.93 M, etanol 0.86 M, metanol 1.1 M Solubility of cinnamic acid in non-aqueous solvents
Kaasaman (pKa) 4.44
Bahaya
Klasifikasi EU Irritant (Xi)
Frasa-R Cithakan:R36
Frasa-S Cithakan:S25
Titik murub >110 °C
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo
ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa)

Sangkalan lan referensi

Asem sinamat duwé rumus kimia C6H5CHCHCOOH utawa C9H8O2, awujud kristal putih, sithik kang larut ing banyu, lan duwé titik leleh 133°C sarta titik didih 300°C.[1] Archived 2010-06-11 at the Wayback Machine. Asam sinamat kalebu senyawa fenol kang diasilake saka lintasan asem sikimat lan reaksi candhaké.[1] Bahan dasare ya iku fenilalanin lan tirosin padha karo asem kafeat, asem p-kumarat, lan asem ferulat.[1] Patang senyawa mau wigati ora amarga cacahé akèh ing wujud tak terikat (bébas), nanging amarga kabèh mau dioawahi dadi pirang-pirang turunan ing sisih protéin.[1] Turunane kalebu fitoaleksin, kumarin, lignin, lan pirang-pirang flavonoid kaya ta antosianin.[1]

Biosintesis[besut | besut sumber]

Biosintesis utawa pambentukan saka senyawa flavonoid, stilben, hidroksisinamat (turunan asem sinamat kang ngandhut gugus hidroksil utawa -OH kaya ta asem kafeat, asem ferulat, lan asem p-kumarat) lan asem fenol nglibatake jaringan kompleks saka lintasan asem sikimat, fenilpropanoid, lan flavonoid.[2] Reaksi wigati ing pambentukan asem sinamat lan pirang-pirang turunane ya iku pangowahan fenilalanin dadi asem sinamat lumantar prosès deaminasi utawa pelesan amonia saka fenilalanin kanggo mbentuk asem sinamat.[1] Reaksi iki dikaalisis déning enzim fenilalanin amonia liase. Banjur asem sinamat diowahi dadi p-kumarat kanthi penambahan siji atom oksigèn saka O2 lan atom H saka NADPH langsung ing posisi para saka asem sinamat (posisi atom karbon kaping papat diitung saka gugus asem sinamat ing ali-ali benzena).[1] Panambahan manèh ing gugus hidroksil (OH) liyané ing sisih gugus OH saka asama p-kumarat kanthi reaksi kang padha ngasilaké asem kafeat.[1] Penambahan gugus metil (-CH3) dari S-adenosil metionin (SAM) e gugus OH saka asem kafeat ngasilaké asem ferulat.[1] Asam kafeat mbentuk ester kanthi gugus alkohol ing asem liyané kang kadhapur ing lintasan asem sikimat, ya iku asem quinat, lan ngasilaké asem klorogenat.[1]

Gambar-gambar senyawa asem sinamat lan turunane

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i Salisbury FB, Ross CW. 1995. Fisiologi Tumbuhan, Jilid 2. penerjemah: Lukman DR, Sumaryono. Bandung:Penerbit ITB. Hal:145-147. ISBN 979-8591-27-5
  2. Crozier A, Clifford MN, Ashihara H. 2006. Plant Secondary Metabolites: Occurrence, Structure and Role in the Human Diet. Oxford: Blackwell Publishing Ltd. Hal: 12-14. ISBN 978-1-4051-2509-3