Asam galat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Asam Galat
Gambar
Gambar
Identifikasi
Nomor CAS [149-91-7],[5995-86-8] (Monohydrate)
PubChem 370
SMILES Oc1cc(cc(O)c1O)C(O)=O
Sifat
Rumus molekul C7H6O5
Massa molar 170.12 g/mol
Panampilan Putih, putih-kekuningan atau
kristal berwarna coklat-kekuningan pucat.
Densitas 1.7 g/cm3 (anhidrat)
Titik leleh

250 °C, 523 K, 482 °F

Kelarutan dalam air 1.1 g/100 ml air @ 20 °C (anhidrat)
1.5 g/100 ml air @ 20 °C (anhidrat)
Kaasaman (pKa) COOH: 4.5, OH: 10.
Bahaya
MSDS External MSDS
Bebaya utama Irritant
Senyawa kagandhèng
Senyawa kagandhèng Asam benzoat, Fenol, Pirogallol
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo
ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa)

Sangkalan lan referensi

Asam galat ya iku senyawa golongan asem fenolik C6-C1 (en:phenolic acid) utawa hidroksibenzoat, ya iku asem 3,4,5-trihidroksibenzoat.[1] Asale tembung galat ya iku tembung galle ing basa Prancis kang ateges pambengkakan ing jaringan tuwuhan sawisé terserang gegremet parasit.[2] Senyawa iki bisa tinemu ing godhong ek lan anggur lan duwèni aktivitas minangka antioksidan (penangkal radikal bébas).[2][3] Asam galat ya iku subunit saka galotanin, ya iku polimer heterogen kang ngandut pirang-pirang molekul asem galat kang padha gegayutan karo asem galat liyané lan karo sukrosa lan gula liyané.[1] Akèh galotanin kang ngganggu uriping tuwuhan amarga bisa ngrombak enzim sitoplasma kanthi ndenaturasi protéin (enzim ya iku protéin), lan ketahanan tuwuhan kang ngandhutake manawa disebabkake amarga galatonin diangkud ing vakuola mula kapisah saka enzim ing sitoplasma.[1]

Biosintesis[besut | besut sumber]

Asam galat minangka senyawa turunan asem sinamat kang pambentukkane lumantar lintasan asem sikimat kanthi bahan dhasar asem 3-dehidrosikimat[2] Reaksi wigati ing pembentukan asem sinamat lan pirang-pirang turunane ya iku pengubahan fenilalanin dadi asem sinamat lumantar prosès deaminasi utawa palepasan amonia saka fenilalanin kanggo mbentuk asem sinamat.[1] Reaksi iki dikaalisis déning enzim fenilalanin amonia liase. Banjur asem sinamat diowahi dadi p-kumarat kanthi nambahake siji atom oksigèn saka O2 lan atom H saka NADPH langsung ing posisi para saka asem sinamat (posisi atom karbon kaping papat kang diitung saka gugus asem sinamat ing cincin benzena).[1] Panambahan manèh gugus hidroksil (OH) liyané ing sisih gugus OH saka asama p-kumarat kanthi reaksi padha ngasilaké asem kafeat.[1] Panambahan gugus metil (-CH3) saka S-adenosil metionin (SAM) e gugus OH saka asem kafeat ngasilaké sam ferulat.[1] Asam kafeat mbentuk ester kanthi gugus alkohol ing asem liyané kang kadhapur ing lintasan asem sikimat, ya iku asem quinat, lan hasilake asem klorogenat.[1]

Gambar-gambar senyawa asem sinamat lan turunane

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h Salisbury FB, Ross CW. 1995. Fisiologi Tumbuhan, Jilid 2. penerjemah: Lukman DR, Sumaryono. Bandung:Penerbit ITB. Hal:145-147. ISBN 979-8591-27-5
  2. ^ a b c Crozier A, Clifford MN, Ashihara H. 2006. Plant Secondary Metabolites: Occurrence, Structure and Role in the Human Diet. Oxford: Blackwell Publishing Ltd. Hal: 11-16, 244-249. ISBN 978-1-4051-2509-3
  3. ^ Golumbic C, Mattill HA. 2007. The antioxidant properties of gallic acid and allied compounds. J of the American Oil Chemists' Society 19(8):144-145.