Menyang kontèn

Féromon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Feromon)

Feromon (basa Yunani: phero kang artiné tukang nggawa, lan mone artiné sensasi) ya iku sejinis zat kimia kang fungsiné kanggo ngrangsang lan duwé daya pikat sèksual ing lanang utawa wadon.[1]

Zat iki asalé saka klanjer endokrin lan digunakaké déning makluk hidup kanggo ngenali sejinisé, individu liya, kelompok, lan kanggo mbantu prosès reproduksi. Béda karo hormon, feromon nyebar marang jaba awak lan amung bisa ngaruhi lan dikenali déning individu liya kang sejinis (sak spésies).

Penemuan feromon

[besut | besut sumber]

Feromon pertama ditemokak ing Jerman déning Adolph Butenandt, ilmuwan kang uga nemu hormon sèksual ing manungsa ya iku estrogen, progesteron lan testosteron. Nalika pertama kali tinemu ing gegremet, feromon akèh dikaitaké karo fungsi reproduksi gegremet. Para ilmuwan awalé ndeleng feromon ya iku minangka padanan saka parfum ing dunya manungsa.

Zat feromon pertama kaliné tinemu déning Jean-Henri Fabre ing gegremet nalika mangsa semi taun 1870-an. Dhèwèké ngamati ngengat jinis great peacock wédok metu saka kepompong lan dipanggonake ing kandang kawat ing méja studine, banjur dhèwèké ndeleng ing wayah bengi lusinan ngengat lanang ngumpul ngrubungi kandang kawat ing méja studine. "dhèwèké teka saka ngendi waé, tanpa aku ngerteni kepiye dhèwèké nemu wedokan ing mejaku... " tulis Fabre.

Fabre ngentèkaké pirang-pirang taun sabanjuré kanggo nyinaoni kepiya ngengat-ngengat lanang nemu wédok-wedokane. Fabre nganti ing kesimpulane yèn ngengat wédok ngasilaké zat kimia tertentu kang aromane narik ngengat-ngengat lanang.

Kanti kesimpulan Fabre iki, dhèwèké wiwit panalitèn anyar babagan feromon.

Feromon ing kéwan

[besut | besut sumber]

Kupu-kupu

[besut | besut sumber]

Nalika kupu-kupu lanang utawa wédok ngobahake swiwine, nalika iku feromon nyebar ing udara lan ngundang lawan jinisne kanggo nyepak kanthi sèksual. Feromon sèksual duwé sipat kang spesifik kanggo aktivitas biologis ing wektu lanang utawa wédok saka spésies kang liya ora bakal ngrespons tumrap feromon kang ditokake déning kupu-kupu wédok utawa lanang saka spésies kang béda.

Kanggo bisa ndeteksi jalur kang dijelajahi, individu rayap kang anan ing ngarep ngetokaké feromon pananda jejak (trail following pheromone) kang metu saka klanjer sternum (sternal gland ing pérangan ngisor, mburi abdomen), kang bisa dideteksi déning rayap kang kang ana ing buriné. Sifat kimiawi feromon iki lèngkèt banget hubungane karo ambu pakanané saéngga rayap mampu ndetèksi obyèk pakanané.

Ngengat

[besut | besut sumber]

Komunikasi liwat feromon amba banget sajeroning kulawarga gegremet. Feromon katindak minangka piranti pemikat sèksual antarané wédok lan lanang. Jinis feromon kang kerep dianalisis ya iku kang digunakaké ngengat mianangka zat kanggo nglakokaké perkawinan. [[Ngengat gipsi]] wédok bisa memengaruhi ngengat lanang pira-pira kilomèter adohe kanti produksi feromon kang karan "disparlur". Amerga ngengat lanang mampu mengindra pira-pira ratus molekul saka wédok kang ngetokaké isyarat sajrone amung sak mililiter udara, disparlur mau efektif nalika disebarake sanajan ing wewengkon kang amba banget.

Semut lan tawon madu

[besut | besut sumber]

Feromon mainake peran wigati sajrone komunikasi gegremet. Semut migunakaké feromon minangka penjejak kanggo nuduhaké dalan tumuju sumber pakanan. Yèn tawon madu ngantup, dhèwèké ora mung ninggalak antup ing kulit korbane, nanging uga ninggal zat kimia kang nyeluk tawon madu liya kanggo nyerang. Mengkono uga, semut pekerja saka pira-pira spésies mensekresi feromon minangka zat tanda bahaya, kang digunakaké nalika terancam musuh; feromon disebar ing udara lan ngumpulaké pekerja liya. Yèn semut-semut iki ketemu musuh, dhèwèké uga produksi feromon saéngga isyarate tambah utwa kurang, jumbuh ing sipat bahayane.[2]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Nadesul, Handrawan. Mengintip Rahasia Seksual Si Doi. Gradien Books, Yogyakarta. Januari 2006. Hal 114.
  2. cara-kerja-feromon Archived 2012-12-29 at the Wayback Machine., Kaunduh 26/1/13.

Pratélan pustaka

[besut | besut sumber]
  • Yahya, Harun."Menjelajah Dunia Semut": Harun Yahya International, 2004
  • Ismunandar."Romansa Kimia": Harian Kompas, 2006