Semanggi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Marsilea
Semanggi.png
Marsilea drummondii L.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Pteridophyta
Klas: Pteridopsida
Ordho: Salviniales
Famili: Marsileaceae
Génus: Marsilea L.
Species

sekitar 35 spesies, di antaranya

  • M. crenata
  • M. quadrifolia
  • M. drummondii
  • M. macrocarpa
  • M. exarata
Semanggi

Semanggi ya iku jeneng kanggo kulawarga paku banyu (Salviniales) saka marga Marsilea kang ana ing Indonésia akèh ditemokaké ing sawah, kali utawa ing pinggir saluran irigasi.

Tanduran semanggi nduwéni morfologi kang khas amarga wujud entalé kang pada kaya payung. Wujud iki kasusun saka anak godhong kang cacahé papat lan bentuké adhep-adhepan. Amarga saka wujud godhong kang kaya ngéné iki, jeneng semanggi dianggo kanggo jinis tanduran dikotil kang duwéni godhong kang susunané mirip kaya semanggi. Tanduran iki kayata klover. Semanggi nduwé heterosporkang duweni loro tipe spora kang jinis kelaminé beda.

Godhong tanduran iki, umpamané M. crenata biyasané dianggo nggawé masakan kayata pecel.[1] Pecel kang digawé saka semanggi diarani pecel semanggi. Pecel iki dadi masakan khas Surabaya.[1] Bagéyan organ kang kanggo nyimpen spora (diarani sporokarp) M. drummondii.[1] Bagéyan iki uga dimanfaataké pandhudhuh asli Australia (aborigin) dadi masakan. Semanggi M. crenata uga ngandhut fitoestrogen (estrogen tanduran) kang nduwéni poténsi kanggo ncegah osteoporesis.[1] Tanduran iki uga nduweni potensi dadi tanduran bioremediasi, awit bisa nyesep logam berat Cd lan Pb. Kanthi iki perlu ati-ati nalika masak semanggi khususé godhong semanggi kang dijupuk saka panggonan kang akèh logam beraté.[1] Nalika digawé pecel, godhong semanggi biyasané diwénéhi bumbu pedhes.[2] Carané masak kanthi digodhog utawa didang.[2] Semanggi biyasane dipangan nganggo krupuk karo bumbu.[2] Bumbu kanggo masak semanggi ya iku, kacang brol, tela, gula abang, gula putih, asem, bawang, trasi, lombok, lan petis.[2]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e surya.co.id (dipunundhuh tanggal 5 Juli 2011)
  2. ^ a b c d koranrakyatonline.com(dipunundhuh tanggal 5 Juli 2011)