Basa Bali

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Basa Bali
ᬩᬲᬩᬮᬶ (Basa Bali)
Laladan Bali, Nusa Penida, Lombok lan Jawa
Ètnis Bali, Bali Aga
Panyatur asli
3,3 yuta (2000)[1]
Latin, Bali
Kodhe basa
ISO 639-2 ban
ISO 639-3 ban
Glottolog bali1278[2]
Artikel iki ngandhut lambang-lambang fonètis AFI. Tanpa sengkuyungan tèhnis sing trep, Sampéyan namung bakal ndeleng lambang-lambang pitakon, kothak, utawa liyané, dudu pralambang Unicode.

Basa Bali iku basa Austronesia saka cabang Sundik, utawa luwih spesifik saka anak cabang Bali-Sasak. Basa iki mligi dicaturaké ing pulo Bali, pulo Lombok sisih kulon lan uga ing pulo Jawa. Ing Lombok basa Bali dicaturaké akèhé cedhaké Mataram, ing Jawa mligi ing kabupaten Banyuwangi. Saliyané iku, basa Osing, dhialek basa Jawa kas Banyuwangi, uga nyerep akèh tetembungan saka basa Bali. Conthoné tembung osing sing tegesé “ora”, dijupuk saka basa Bali tusing. Basa Bali dicaturaké déning kurang luwih 4 yuta jiwa.

Fonologi[besut | besut sumber]

Basa Bali nduwé 6 fonem vokal lan 18 fonem konsonan. Fonem vokal utawa swara iku /a/, /i/, /u/, /ĕ/, /é/ dan /o/. Banjur fonem konsonan iku /k/, /g/, /ng/, /c/, /j/, /ñ/, /t/, /d/, /n/, /p/, /b/, /m/, /r/, /y/, /w/, /l/, /s/ lan /h/.

Sawijining ciri kas lan sing wis dadi basa Bali astamiwa iku fonem èksplosif tanpa nyuwara /t/ dipocapaké [t] ing pérangan mburi, nanging ing wiwitan lan tengah diucapaké kanthi [ʈ] (t retrofleks).

Aksara swara (huruf vokal) /a/ ing pérangan mburi tinarbuka diucapaké kanthi [ĕ]. Upamané tembung Kuta, sawijining pasisir kondhang ing Bali, diucapaké [k'uʈĕ].

Kaya déné basa Austronesia liyané, basa Bali iku luwih migunakaké tembung-tembung dwi silabik lan wujudé KVKVK. Nanging ing ng-reduplikasi sawijining gatra (sukukata) monosilabik wujudé KVK, mula ing basa Bali iki lumrahé dadi KVKKVK, béda karo basa Malayu lan Jawa:

Malayu – Bali – Jawa
  • kukus – kuskus – dang (bentuk béda )
  • ngengat – ngetnget – ngenget

Kekerabatan lan kosakata[besut | besut sumber]

Basa Bali ing kulawarga basa Austronésia kerep dikira paling cedhak karo basa Jawa. Nanging prekara ini ora mangkono. Basa Bali paling cedhak mawa basa Sasak lan pirang basa ing pulo Sumbawa sisih kulon. Kamèmperané karo basa Jawa namung amarga prabawa kosakata basa Jawa amerga aktivitas kolonisasi Jawa ing jaman mbiyèn, mligi ing abad ka-14 Masèhi. Bali ditaklukaké déning Gajah Mada ing taun 1343 Masèhi. Malahan ing kulawarga basa Austronesia, kanthi fonologis basa Bali luwih mèmper basa Malayu tinimbang basa Jawa. Nanging fonem /r/ ing posisi pungkasan basa Malayu, kerep dadi /h/ ing basa Bali. Bab iki bisa kabukti karo pratélan perbandingan kosakata dhasar basa Malayu, Bali, Jawa Kuna lan Jawa Anyar:

Malayu – Bali – Jawa Kuna – Jawa Anyar
  • dua – dua – rwa – ro, loro
  • jalan – marga/margi – dalan – dalan
  • dengar – dingeh – rĕngö – rungu
  • jarum – jom – dom – dom
  • jauh – joh – doh – doh
  • ada – ada/wenten – hana – ana
  • beli – beli – wĕli, tuku – tuku
  • jari, jeriji – jriji – (?) – driji
  • betis, cokor – batis – jöng, suku – sikil
  • hidup – urip – hurip – urip
  • air, ayer – (a)yeh – wway – we, banyu
  • buah – buah – wwah – woh
  • di – di – ri, ring – i, ing
  • telur – taluh – antiga – tigan, ĕndhog
  • jemur – jemuh – (?) – pepe
  • bunga – bunga – kambang, sĕkar – kĕmbang, sĕkar
  • nasi – nasi – sĕga, sĕkul – sĕga, sĕkul
  • hujan – ujan – hudan – udan

Prabawa basa Jawa[besut | besut sumber]

Basa Bali akèh kena prabawa basa Jawa, mligi basa Jawa Kuna lan liwat basa Jawa iki, uga basa Sangskreta. Kamèmperan karo basa Jawa mligi katon saka tingkat-tingkat basa sing ana ing basa Bali sing mèmper karo basa Jawa. Mira ora ngéramaké yèn basa Bali alus sing ingaran basa Bali Alus Mider mèmper karo basa Jawa Krama. Akèh tembung-tembung Bali alus sing dijupuk saka basa Jawa:

Malayu – Bali – Jawa
  • wis – sampun – sampun
  • meninggal – séda – séda
  • datang – rauh – rawuh
  • dari – saking – saking
  • arti – suksma – tĕgĕs

Kosakata kusus Bali[besut | besut sumber]

Ing ndhuwur wis dipaparaké kosakata sing mèmper karo basa Malayu lan basa Jawa. Saiki kosakata kas Bali dipaparaké:

Malayu – Bali – Jawa
  • kau (kasar) – cai – kowé
  • sungai – tukad – sungay (Jawa Kuna), kali, lèpèn
  • yang – sane – ingkang, sing
  • dukun, tabib – balian - dhukun

Konsèp géografis[besut | besut sumber]

Béda karo akèh bebrayan ing donua, nanging isih mèmper karo bebrayan panutur basa Austronesia liyané, wong Bali nalika nemtokaké arah orientasiné ora ing arah mata angin sing mesthi nanging ing papan kawasan géografis, ing kasus Bali iki ing papan gunung lan laut. Pramila arah mata angin bisa owah selaras karo papané:

Bali – Malayu:
  • kaja – lor nanging ing Buleleng tegesé kidul
  • kelod – kidul nanging ing Buleleng tegesé lor
  • kauh – kulon
  • kangin – wétan

Jinis Basa Bali[besut | besut sumber]

  1. Basa Bali Baku
  2. Basa Bali Aga
  3. Basa Bali Jawa

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Basa Bali ing Ethnologue (éd. ka-18, 2015)
  2. ^ Nordhoff, Sebastian; Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2013). "Balinese". Glottolog. Leipzig: Max Planck Institute for Evolutionary Anthropology.