Basa Melayu Kupang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Basa Melayu Kupang
Basa Kupang
Asal Indonesia
Laladan Kupang, Nusa Tenggara Timur
Panyatur asli
500,000 (tanpa surya)
Melayu-Polinesia
Kodhe basa
ISO 639-3 mkn

Basa Melayu Kupang utawa basa Kupang iki dituturké ing Kutha Kupang, Atambua, Belu, kabupatén Timor Tengah Kidul, Timor Tengah Lor, Malaka lan sekubengé ing provinsi Nusa Tenggara Wétan. Akéh kosa tembung ing basa iki ana padhané karo kosa tembung basa Indonésia. Miturut Ethnologue[1], Jacob, lan Grimes[2] basa iki éwoning basa Melayu Krèol, padha karo basa Basa Malayu Manado lan Basa Malayu Ambon. Panyatur basa iki ana 200.000 nganti 500.000 wong ing laladan mau[1][2]. Basa Kupang kanggo basa lésan lan tulisan. Conto kang dadi basa tulisan iku ana ing kitab-kitab Injil kang diideraké ing kana. Nanging basa iki ora duwé sistem ortografi utawa sistem penulisan kang resmi. Miturut Grimes, sajarah munculé basa iki nalika ing abad 16 utawa sedurungé ing wewengkon Kupang akèh wong dagang saka mancanegara[2]. Basa sambung rembug antara wong manca iku wis nganggo basa Melayu. Sabanjuré, wewengkon Kupang katekanan bangsa Èropa kaya dèné Portugis lan Walanda kang mèlu monopoli dagang. Amarga iku ing basa Kupang uga ana kosa tembung serapan saka basa Walanda lan Portugis[2]

Tembung genti[besut | besut sumber]

Ing tabél isor iki conto tembung genti:

  Basa Jawa Basa Melayu Kupang
k.ganti orang pertama tunggal aku beta
k.ganti orang pertama jamak kita ketong
k.ganti orang kedua tunggal kowé lu
k.ganti orang katiga tunggal dhèwéké dia
k.ganti orang katiga jamak dhèwéké dorang

Tembung genti darbèké[besut | besut sumber]

Basa Kupang nganggo tembung pun kanggo nandhaké darbèké kaya ing isor iki:

Basa Jawa Basa Melayu Kupang
Bukuku Beta pun buku / be pun buku
Bukumu lu pun buku
Bukuné dia pun buku
Buku awaké dhèwé ketong pun buku / tong pun buku
Buku dhèwéké kabéh dorang pun buku / dong pun buku
Iki buku kowé kabéh ini buku besong pun

Conto ukara[besut | besut sumber]

  • Dong su batidor "Dhèwéké wis padha turu".
  • Om, piko apa itu?, "Paklik, mikul apa kuwi?"
  • Be suru sang dia pi beli kurus di pasar, "Aku ngongkon dhèwéké lunga tuku lombok abang ing pasar".[3]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b "Malay, Kupang". Ethnologue. 
  2. a b c d Jacob, June; Grimes, Barbara Dix. "Developing a role for Kupang Malay: the contemporary politics of an eastern Indonesian creole". UKAW, Kupang and Anthropology, RSPAS, ANU & SIL International: 1. 
  3. Steinhauer, Hein. "Notes On The Malay Of Kupang (Timor)". Nusa 17: 42–64.