Basa Enggano
Basa Énggano yaiku basa kang dituturaken ning pulo Énggano, kabupatén Bengkulu Lor ning wong Énggano[1]. Pulo Énggano uga dadi kacamatan ning kabupatén iki[1]. Basa iki minangka salah siji basa lokal ning Bengkulu bareng karo basa Muko-muko, Pekal, Lembak, Rejang, Serawai, Pasemah, lan Mulak[2]. Pulo Énggano uga dadi kacamatan ning kabupatén iki. Cacah kang nuturaken basa iki yaiku kurang lewih 1.500 wong. Miturut panalitèn sedurungé, ora ana dialék ning basa Énggano[2]. Basa iki diarani dumasar aran pulo panggonan wong Énggano[2]. Sanajan masarakat Énggano nambah, nanging kang nuturaken basa Énggano namba setitik. Malah wong kang nuturaken basa Melayu (sing Jambi, Bengkulu, Palémbang) akèh sing pada teka gawé pertanian lan wong Énggano asli pada lunga kanggo luru pagawéan. Akibaté, basa Melayu akèh dituturaken ning Énggano[1].
Bahasa Enggano | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | Indonesia | |
Wilayah | Pulau Enggano dan 4 pulau kecil di sekitarnya | |
Gunggung panutur | 1.500 (sensus 2000) | |
Rumpun basa | Melayu-Polinesia
| |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | -
| |
ISO 639-2 | -
| |
ISO 639-3 | eno
| |
|
Conto ukara
[besut | besut sumber]Contoh ukara:
· Jawa: kebon kien ngewoh klapa akèh
Énggano: pi ek kakpo mak
· Jawa: kebon iki kembangé akèh
Énggano: kak?udareok kamuo kak?u
· Jawa: Déwéké duwé klambi akèh
Énggano: ki kakbayu mƐk
· Jawa: Padangi umahé
Énggano: peyanik yubda[2]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c Nikelas, Syahwin, dkk (1994). Morfologi dan Sintaksis Bahasa Enggano. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. kc. 8–9.
- ↑ a b c d Kasim, Yuslina, dkk (1987). Pernetaan Bahasa Daerah di Sumatra Barat dan Bengkulu. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.