Basa Tolaki
| Tolaki | ||
|---|---|---|
| Dituturaké ing | Indonésia | |
| Wilayah | Sulawesi Kidul-Wétan | |
| Gunggung panutur | 330.000 | |
| Rumpun basa | ||
| ||
| Sistem tulisan | Latin | |
| Kodhe basa | ||
| ISO 639-1 | None | |
| ISO 639-2 | – | |
| ISO 639-3 | lbw | |
|
| ||
Basa Tolaki yaiku salah siji basa sing dicaturaké ing tlatah pagunungan Mékongga, Sulawesi Kidul-Wétan, Indonésia. Basa iki déning A.C. Kruyt digolongaké sajeroning kulawarga basa Bungku-Tolaki, déné déning J. Esser digolongaké sajeroning kulawarga basa Bungku bareng basa liyané kaya ta basa Maputé, Landawé, Moronéné, lan Laiwui.[1] Basa Tolaki iki nduwéni telung unggah-ungguh basa, yaiku basa golongan ningrat (tuluri anakia), basa golongan madya (tulura lolo), lan basa golongan batur tukon (tulura ata).[1]
Dhialèk
[besut | besut sumber]Basa Tolaki nduwéni sawatara dhialèk, yaiku:
- Wiwirano (Nohina)
- Aséra (Aséra Wanua, Noié)
- Konawé (Kendari, Tambuoki, Kioki)
- Mékongga (Kolaka, Bingkokak, Norio, Tamboki, Konio)
- Laiwui
Miturut Edwards, dhialèk Mèkongga yaiku dhialèk sing diajèni (duwé prèstise).[2] Dhialèk Mèkongga iki dicirèni minangka basa alus, déné dhialèk Konawé dicirèni minangka basa kasar.[2] Panyatur basa Tolaki adaté ngarani warna-warna dhialèk sing ora lumrah kanggo dhèwèké minangka dhialèk Mékongga, kalebu basa sing dienggo sajeroning upacara adat.[2]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- 1 2 Melalatoa 1995, kc. 867.
- 1 2 3 Edwards 2012, kc. 2.
Rujukan
[besut | besut sumber]- Edwards, Owen (2012). Grammatical Functions in Tolaki. Australia: Thesis Australian National University.
- Melalatoa, M.Junus (1995). Ensiklopedi Suku Bangsa di Indonésia Jilid L-Z. Jakarta: Direktorat Jenderal Kebudayaan.