Basa Padoé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Basa Padoè salah sawiji basa Austronèsia sing dicaturakè ing Kacamatan Nuha, Malili, lan Mangkutana, Kabupatén Luwu Timur  Sulawesi Kidul. Basa kien maning ning rumpun kulawarga basa-basa Bungku-Tolaki. Ning salah siji sumber basa Padoé iki serumpun karo Basa Mori Isor lan Basa Mori Dhuwur atawa manjing ning kulawarga basa Mori.[1] Uga basa iki dienggo karo wong Padoé kang dadi salah siji anak-suku Wong Mori.[1] Cacah wong kang nuturaken basa iki ya iku 8.000 wong kang ana ning Kabupatén Luwu Timur. Penutur basa Padoé gan ana ning Kacamatan Mori Atas lan Pamona Utara, Kabupatèn Poso (sekien mekar dadi Kabupatén Morowali Utara).[1]

Minangka dialék basa Mori[besut | besut sumber]

Miturut Esser, basa Padoé ya iku dialék basa Mori, pada karo telu dialék séjéné ya iku Watu-Karunsié, dialék Mokole, lan dialék Mori Dhuwur.[2] Kang dimaksud dialék Mokolé ya iku dialék kang dienggo kulawarga Karajan Mori lan masarakat kang meneng ning sekubengané ning wewengkon Tinompo kang manjinge dialék Mori Isor.[3] Dialék iki dianggep dialék standar basa Mori.[4] Ning tata basa, basa Padoé lewih parek karo basa Mori Dhuwur, nanging ning sistem fonologié iku séjén karo dialék basa Mori liyané. [3] Sabab iku, peneliti dialék Padoé ana sing nganggep dianggep dadi basa déwék nanging masih seduluran karo basa Mori liyané, dideleng sing perséntasé tembung-tembungé (rata-rata 77 lan 76% karo tembung Mori Dhuwur lan Mori Isor).[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Esser, Samuel J.; David, Mead (2011). Phonology and Morphology of Mori. SIL International. ISBN 978-1-55671-271-5. 
  • Karhunen, Marjo; Vourinen, Paula (1987). SOCIOLINGUISTIC SURVEY Mori and Padoe Area (Kacamatan Nuha in South Sulawesi, Kecamatans Mori Atas, Lembo and Petasia in Central Sulawesi). Jurnal: Summer Institute of Linguistic. 
  • Vourinen, Paula (1987). Person Making in Padoe. Makalah: Summer Institute of Linguistic.