Wong Mori

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kraton Mori ning Morowali Utara

Wong Mori utawa étnis Mori ya iku salah siji étnis kang ana ning Provinsi Sulawesi Tengah. Wong Mori meneng ning Kacamatan Mori Atas, Lémbo, lan Pétasia ning Kabupatèn Morowali Utara, Sulawesi Tengah. Kacamatan Pétasia ana ning laladan pasisir ngadep Teluk Tomori ning wétané. Rong kacamatan séjéné, Mori Atas lan Lémbo, ana ning laladan punjer kuloné Kacamatan Pétasia. Laladan kien lumrahé wujud gunung-gunung, kejaba laladan pasisir Teluk Towori kang manjing dataran isor.

Démografi[besut | besut sumber]

Cacah wong Mori iku bisa dideleng kang data sensus taun 1930 ya iku sakiwa-tengené 12.000 wong. Nanging ning waktu sekien cacah kang anyar beli bisa diwerui. Sumber Kanwil Depdikbud Sulawési Tengah pernah nyatet ning taun 1983 ning telung kacamatan wewengkon Mori ya iku cacahé 31.560 wong Ning Kacamatan Pétasia kang cacahé 14.910 wong sakiwa-tengené 60,8 persén wong Mori lan selewihé wong Bugis (24,8%), wong Tolaki (8,3%), wong Pamona (3,1%) lan Bungku (2,6%). Ning Kacamatan Mori Atas kang cacah masarakaté 8.984 wong ana 59,8% wong Mori. Ning Kecmatan Lémbo ampir kabéhé 100% wong Mori.

Daérah wewengkon wong Mori iki daérah kang subur, dadi dhèwèké jarang metu ninggalnang daérahé kejaba bari tujuan sekolah lan dagang, Sewaliké, wong jaba akèh kang pada manjing ning daérah Mori.

Basa[besut | besut sumber]

Wong Mori bisa dibagi ning sub-sub sukubangsa, kaya déne wong Molongkuni, Ulu'uwoi, Moiki, Watu, Impo, lan Mobahono. Wong Mori duwé basa déwék ya iku basa Mori kang kebagi ning dialék-dialék ya iku dialék Molio'a, Ngusumbatu, Tiu, Moiki, Watu, Impo, Molongkuni, Ulu'uwoi, Pado'e, lan Mori Atas (Basa Mori Dhuwur). Sumber séjéné nyebutnang yèn basa Mori ana papat dialék ya iku dialék Watu, Karunsi'e, Ngusumbatu (Tinompo), lan Molongkuni. Kabéh dialék Ngusumbatu (Basa Mori Isor) iki dadi basa komunikasi ning wong Mori sekabéané nanging sekién lewih akèh nganggo dialék Molongkuni, mungkin sotén kerna cacah kang nuturnang dialék iki akèh cacahé.[1]

Pola kampung lan pagawéan[besut | besut sumber]

Pola kampung wong Mori lumrahé ngelompok ngumpul ning pusat-pusat kampung. Nanging selanjuté ana owah-owahan bari pagawéan anyar rata-rata wong Mori, dadi umah-umah ana kang nyebar. Wangunan lan sarana kanggo kepentingan umum diwangun ning gena kang stratégis, misalé lapangan olahraga, papan ngibadah, lan wangunan adat.

Wong Mori urip kang pertanian, dagang, nyandak iwak, lan goléti hasil alas kaya déné damar lan rotan. Separo nandur padi ning sawah lan separoé maning ning ladang. Wong Mori gan nandur jagung, capu, tembako, lan kopi. Karang nganggo usaha tani lan usaha séjéné masih ana lan amba-amba. Perkawis tani masih tradhisional, kaya weluku, pacul, lan parang.[1]

Organisasi sosial[besut | besut sumber]

Ning kekerabatan wong Mori ana sistem kulawarga batih atawa kulawarga amba kaya kindred. Kelompok kerabat macem kien, individu égo duwé peran minangka pusat karo sadulur-sadulur mama lan mimié toli karo bapatuwa lan mboktuwaé. Ning acara kawinan, dhèwèké ngumpul lan ngerewangi. Garis kekerabatané ya iku bilateral. Adat netep sewisé kawinan utrolokal. Bengiéné wong Mori ana sistem karajan, amarga kuen ana sistem pelapisan sosial keding kaya déné ana wong turunan raja, wong sugih, wong rayat biyasa lan hamba. Jama sekien, pelapisan sosial kaya mengkonon wis robah sebab prabawa pendidikan lan sekien wis langka kang karan hamba.[1]

Ning peseduluran wong Mori, mligi ning dialék Molongkuni, wong-wongé ngenal istilah sapaan atawan sebutan (term of address) lan istilah acuan (term of reference). Istilah sebutan kuen kanggo ngerujuk ning sebutan sadulur. Misalé ning "bapa tuwa" "(), mama/bapa (ama) lan mimi/mbok (iné). Siji tembung istilah kaya bisa negrujuk ning sebutan mbok tuwa kang sadulur mama lan mimi. Ana maning tembung istilah kanggo "bibi" ya iku disapa néiné lan laki iné. Kanggo "mamang" disapa maama lan uga laki ama kang kabéé sadulur lanang lan sadulur wadon kang pihak mama lan mimi. Tembung istilah maning séjén ya iku "kakang" (kaka), "adi" (andi/pépaékompo). Ning jaman sekien akèh tembuh istilah peseduluran wong Mori kang wis robah, kaya ("mbok tuwa") dadi néné, ama("mama/bapak") dadi papa, iné("ibu") dadi mama, néiné ("bibi") dadi tanté, maama ("mamang") dadi om. Jaman sekien rata-rata wong Mori nganut agama Kristen Protèstan nanging sapérangan ana uga kang nganut agama Islam.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Inghuong; Rahim, Abdillah Abd. (1986). Morfologi dan Sintaksis Bahasa Mori. Jakarta: Depdikbud. 
  • Laragense, P. (1987). Sistem Istilah Kekerabatan Subsukubangsa Molongkune. Manado: Makalah. 
  • Melalatoa, M.J. (1995). Ensiklopedi Suku Bangsa di Indonesia. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 
  • Suradi, HP (1984). Ungkapan Tradisional Daerah Sulawesi Tengah. Jakarta: Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Kebudayaan Daerah.