Basa Musi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Basa Musi
Asal Indonésia
Laladan Udik kali Musi nganti bukit Barisan, Musi Banyuasin, Musi Rawas, Sumatra Kidul
Panyatur asli
3,105,000 (taun 2000) (tanpa surya)
Kodhe basa
ISO 639-1 -
ISO 639-2 -
ISO 639-3 mui

Basa Musi atawa basa Sekayu dituturaké déning wong kang manggon ing laladan Musi Banyuasin, Sumatra Kidul. Basa iki kalebu kulawarga basa Malayik[1][2]. Miturut narasumber, aran liyan basa iki ya iku basa Sekayu, sing ngemu teges ya iku Sri Ayu, dhèwèké raja ing laladan Musi Banyuasin ing jaman mbiyén. Lan aran Musi iki dijupuk saka kali kang mili ing Musi Banyuasin. Miturut cacahé panganggo, istilah Sekayu luwih sethithik tinimbang Musi, uga Musi lewih jembar daérahé, amarga iku luwih becik nganggo aran Musi baé. Wewengkon panganggo basa Musi amba temen ya iku ing Kabupatén Musi Banyuasin lan Musi Rawas. Induk basa Musi ana ing Musi Banyuasin kang ibu kuthané ing Sekayu. Cacah panyatur basa Musi akéhé 361.798 wong.

Conto basa[besut | besut sumber]

Koyongnyé la pegi ka Palémbang, “Kakangé wis lunga ing Palémbang”.

Dié ngabarke base daq saket, “Dhéwéké ngandhani dhèwèké lagi lara”.

Ughang nyang dem datang itu mamaqku, “Wong kang teka iku pak likku”.

Ali bajalan gancang, “Ali mlaku banter”[3].

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Gani, Zainal Abidin (1981). Struktur Bahasa Musi. Jakarta: Pusat Pembinaan Dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan. 
  2. "Musi". Ethnologue. 
  3. Arif, R.M. dkk (1985). Morfologi dan Sintaksis Bahasa Musi. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.