Basa Using

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Basa Osing)

Basa Osing utawa Using iku dituturaké ing tlatah Banyuwangi utawa kang biyasa disebut Blambangan. Osing asalé saka tembung "sing" kang tegesé "ora". Tembung iki saka basa Bali "tusing". Asliné basa Osing iki salah siji varian basa Jawa Kuna kang tansah dituturaké ing Banyuwangi. Akèh uga tetembungan sing kena pangaruh basa Bali, basa Madura, lan kadhang basa Inggris. Masarakat Osing duwé kabudayan kang bedha karo masarakat Jawa salumrahé. Akèh para winasis kang nyaturake yèn basa Osing iku sejatiné cabang langsung saka basa Kawi kang ora ngliwati dadi basa Jawa dhisik. Kadadean iku padha karo basa Minangkabo lan basa Malayu kang sapérangan nyaturaké nganggo basa Malayu lan sapérangan liyané nyaturaké yèn Minang iku basa dhéwé. Basa utawa dhialek Osing iki dicaturaké ning kira-kira separo wewengkon Banyuwangi. Wong utawa Lare Using racaké manggon ning:

  • Sebagian Genteng
  • Cluring
  • Srana
  • Kalipuro
  • Glagah
  • Giri
  • Sebagian kutha Banyuwangi
  • Sebagian Muncar
  • Rogojampi
  • Sebagian Gambiran

Yèn kacamatan liyané lumrahe nganggo Basa Jawa biyasa utawa Medhura. Cara Using uga tinemu ning wewengkon Jember lan Lumajang sanajan cacahé sethithik banget.

Pangucapan[besut | besut sumber]

Pangucapan ning Basa utawa dhialek Using Banyuwangen iki rada bedha karo dhialek Jawa liyané. Misale abjad vokal ning pungkasan ukara diwaca bedha. Upami:

  • (u) kawacan (au)
  • (i) kawacan (ai)
  • (o) kawacan (ao)
  • (e) kawacan (ae)
  • (oo) kawacan (aoo)

Ukara:

  • biru dhadi (birAu)
  • gedhigi dhadi (gedhigAi)
  • soto dhadi (sotAoo)
  • sore dhadi (sorAe)
  • milo dhadi (milAo)

Manawa huruf bA, gA, dA, nA, mA ana tambahan ya Upami:

  • (bA) dhadi (byA)
  • (gA) dhadi (gyA)
  • (dA) dhadi (dyA)
  • (mA) dhadi (myA)
  • (nA) dhadi (nyA)
  • (wA) dhadi (yA)

Kalimat:

  • Banyuwangi dhadi (ByAnyuwangAi)
  • Kembang gadhung dhadi (kembyAng gyAdong)
  • Dhayuh dhadi (DyAyoh)
  • Omah dhadi (UmyAh)
  • Uwak dhadi (uyyA')
  • Nonah dhadi (nonyAh)
  • Embah dhadi (embyAh)

Kajaba iku, akèh ukara-ukara sing ora tinemu ning dhialek Jawa ngendhi baé. Ukara-ukara iku akèh sing asalé saka Basa Kawi, utawa Bali. Upami:

  • sing : ora
  • bojog : kethèk
  • sira : ing Banyuwangi sira iku padha artine karo kowe (ngoko)
  • isun : aku, ing Jawa liyané isun utawa ingsun kalebu kromo
  • ring, nong: ing, ning
  • nana : ora ana
  • sawi : pohung
  • sawen: sawi
  • Klendhi kabare? (kawaca: Klendhi kabyare?): Piye kabare?

yèn diwalik dadi Kabare klendhi? pangucapane dhadi: kabyAre klendAi?

  • Ono paran?: Ana apa?
  • Gedhigi (kawaca: gedigAi): mengkene, ngene
  • Gedhigu (kawaca: gedigAu): mangkono, ngono

Ana manèh, ukara-ukara sing asalé saka basa Inggris. Jaman Walanda biyèn, akèh tuan tanah saka Inggris sing manggon ning perkebunan-perkebunan mliginé ning tlatah Glenmore, Kalibaru lan Genteng. Dhadi pengaruhe Basa Inggris mlebu ning cara Using. Upami:

  • sulung (saka ukara so long): dhisik
  • nagud (saka ukara no good): ora becik
  • ngepos (saka ukara pause): berhenti

Kahanan Basa Using saiki lan variasine[besut | besut sumber]

Basa Using saiki dikukuhaké kalebu mata ajaran ning sekolah dhasar lan sekolah lanjutan tingkat pertama sa' Banyuwangi. Sajatiné wis dicoba wiwit taun 1997 lan dibarengke karo mata ajaran Basa Jawa. Iki pratamane diajarke ning sekolah-sekolah sing kalebu tlatah cara Using.

Basa utawa cara Using dhéwé saben kacamatan ana bedhane. Using sing digawé ning kacamatan-kacamatan ning lor Banyuwangi cara pangucapane tansah kuna ketimbang cara Using ning kacamatan-kacamatan ning kidul.

Rujukan[besut | besut sumber]