Menyang kontèn

Basa Minangkêbo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Basa Minangkabo)
Minangkêbo
Baso Minangkabau
Dituturaké ing Sumatra(Indonésia), Negeri Sembilan(Malaysia)
Wilayah Sumatra Kulon, pérangan kulon Riau, pérangan lor Jambi
Gunggung panutur ± 8 yuta
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2 min
ISO 639-3 min

Peta


Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Basa Minangkêbo utawa Baso Minang iku anak cawang basa Austronesia kang dicaturaké ing wewengkon Sumatra Kulon, pérangan kulon provinsi Riau sarta kasebar ing sawatara kutha liya ing Indonésia.

Ana loro kontroversi ngenani Basa Minangkabo karo basa Malayu. Sapéragan nimpuna basa nganggep basa iki minangka dhialèk Malayu, amarga akèhé kosakata lan wangun tuturan kang padha. Déné nimpuna liyané nganggep yèn basa iki minangka basa swatantra kang béda karo basa Malayu.

Laladan sebar tutur

[besut | besut sumber]

Sacara historis, laladan sebar tutur Basa Minangkabo nyakup tilas wewengkon kakuwasan Karajan Pagaruyung kang punjeré ing Batusangkar, Sumatra Barat. Wates-watesé biyasa dinyatakaké sajeroning ungkapan basa Minang kaya mangkéné:

Dari Sikilang Aia Bangih
hingga Taratak Aia Hitam.
Dari Durèn Ditakuak Rajo
hingga Sialang Balantak Basi.

Sikilang Aia Bangih iku wates lor, saiki dumunung ing dhéerah Pasaman Kulon, wewatesan karo Natal, Sumatra Lor. Taratak Aia Hitam iku laladan Bengkulu. Durèn Ditakuak Rajo iku wewengkon ing Kabupatèn Bungo, Jambi. Sing pungkasan, Sialang Balantak Basi iku wewengkon ing Rantau Barangin, Kabupatèn Kampar, Riau saiki.

Basa Minangkabo uga dadi basa lingua franca ing kawasan pasisir kulon Sumatra Lor, malaan nganti tekan pasisir kulon Acèh. Ing Acèh, penutur basa iki ingaran minangka Aneuk Jamee. Kajaba iku, basa Minangkabo uga dicaturaké ingeh masarakat Negeri Sembilan, Malaysia kang embah buyuté asal saka ranah Minang wiwit maabad-abad kapungkur.

Dhialèk

[besut | besut sumber]

Dhialèk basa Minangkabo uga warna-warna, malah antar kampung kang dipisahaké kali wis duwé dhialèk dhéwé. Prabédan gedhé dhéwé yaiku dhialèk kang dicaturaké ing kawasan Pasisir Kidul lan dhialèk ing wewengkon Muko-Muko, Bengkulu.

Séjéné iku dhialèk basa Minangkabo uga dicaturaké ing Negeri Sembilan, Malaysia lan kang ingaran minangka Aneuk Jamee ing Acèh, mligi ing wewengkon Acèh kidul-kulon lan Acèh Kidul. Ing ngisor iki prabédan antara sawatara dhialèk:

Basa Indonésia/ Basa Malayu: Apa katanya kepadamu?
Basa Minangkabo "baku": A keceknyo jo kau?
Mandahiling Kuti Anyie: Apo kecek o kö gau?
Padang Panjang: Apo keceknyo ka kau?
Pariaman: A kate e bakeh kau?
Ludai: A kecek o ka rau?
Sungai Batang: Ea janyo ke kau?
Kurai: A jano kale gau?
Kuranji: Apo kecek e ka kau?

Kanggo komunikasi antar penutur basa Minangkabo kang warna-warna iki, wusanané dipigunakaké dhialèk Padang minangka basa baku Minangkabo utawa ingaran Baso Padang utawa Baso Urang Awak. Basa Minangkabo dhialèk Padang iki kang dadi acuan baku (baku) sajeroning nguasani basa Minangkabo.

Basa Minangkabo:Sadang kayu di rimbo tak samo tinggi, kok kunun manusia (peribasa)
Basa Indonésia:Pohon di rimba tidak sama tinggi, apa lagi manusia
Basa Minangkabo:Co a koncek baranang co itu inyo (peribasa)
Basa Indonésia:Dia berenang seperti katak
Basa Minangkabo:Indak buliah mambuang sarok di siko!
Basa Indonésia:Tidak boleh membuang sampah di sini!
Basa Minangkabo: A tu nan ka karajo ang* ?
Basa Indonésia: Apa yang akan kamu kerjakan?
*pènget: tembung ang (kamu) iku tembung kasar


Karya sastra

[besut | besut sumber]

Karya sastra tradhisional abasa Minang duwé kamèmperan wngun karo karya sastra tradhisional abasa Malayu lumrahé, yaiku awangun pantun, carita rakyat, hikayat nènèk moyang (tambo) lan adat-istiadat Minangkabo. Penyampaiané biyasa nganggo wanguncarita (kaba) utawa dinyanyèkaké (dhéndhang).

Perbandingan karo Basa Malayu/Indonésia

[besut | besut sumber]

Wong Minangkabo lumrahé duwé panemu yèn akèh kamèmperan antara Basa Minangkabo karo Basa Malayu/Indonésia. M. Rusli sajeroning Peladjaran Basa Minangkabo nyebutaké yèn intiné prabédan antara Basa Minangkabo lan Basa Indonésia yaiku béda lafal, séjéné béda sawatara tembung.

Conto-conto prabédan lafal Basa Malayu/Indonésia lan Basa Minangkabo yaiku:

  • ut-uik, conto: rumput-rumpuik
  • us-uih, conto: putus-putuih
  • at-aik, conto: adat-adaik
  • al/ar-a, conto: jual-jua, kabar-kaba
  • e(pepet)-a, contoh: beban-baban
  • a-o, contoh: jaran-kudo
  • awalan ter-, ber-, per-dadi ta-, ba-, pa-. Conto: berlari, termakan, perdalam (Basa Malayu/Indonésia) dadi balari, tamakan, padalam (Basa Minangkabo) [1]

Cathetan

[besut | besut sumber]
  1. "Edwar Djamaris, Beberapa masalah dalam penerjemahan naskah Sastra Minangkabo". Diarsip saka sing asli ing 2015-04-28. Dibukak ing 2008-07-20.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  • Tata Basa Minangkabo, Gerard Moussay
    (Judhul asli: La Langue Minangkabo, diterjemahkan dari basa Prancis olèh Rahayu S. Hidayat), ISBN 979-9023-16-5.

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]