Menyang kontèn

Basa Bukit

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Basa Bukit (Dayak Meratus)
Dituturaké ing Indonésia
Wilayah Kalimantan Kidul (Indonésia)
Gunggung panutur 35.838 (BPS taun 2000)
Rumpun basa
    • Basa Bukit (Dayak Meratus)
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2
ISO 639-3 bvu



Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Basa Bukit ya iku basa kang dituturaken ning wewengkon Provinsi Kalimantan Kidul. Mliginé ning daérah gunung Meratus. Suku kang nuturaken basa iki disebuté suku Bukit lan dadi suku kang uripé ning hulu[1]. Pernahé ning hulu kabupatén Tabalong, Hulu Sungai Lor, Hulu Sungai Tengah, Hulu Sungai Kidul, lan Tapin[2]. Amarga suku Bukit manggon ning daerah gunung lan alas, babagan pandidikan lan pembangunan kerasa kurang. Suku Bukit iki akèh kang menggawé ning ladang huma tugal.

Ning babagan linguistik, ana panduga yèn basa Bukit iki kagolong basa Dayak Ngaju/Maanyan, ana keding panduga yèn basa Bukit iki kagolong kulawarga Basa Banjar Hulu kang kagolong basa Malayik. Miturut buku penelitèn ning Depdikbud, basa Bukit iki parek gegayutané karo basa Banjar Hulu. Basa Bukit durung duwé tradisi tulisan tradhisiyonal, nanging ana carita légénda kayadéné Datu si Maliih,Datu Urang Datar Laga, lan Indung Tundang Kaling[1].

Conto tembung

[besut | besut sumber]
Basa BanjarBasa BukitBasa Jawa Cerbon
tawingdindingtémbok
banihpadipadi
anummudhaenom
lawangpintulawang
janarkunyitkunir
hayamhayam/hamanukayam
aruharuhkenduri
ganalganalgedé
bukahbukahmalyu
hualhualgulet

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 Ismail, Abdurachman (1979). Bahasa Bukit. Jakarta: Depdikbud.
  2. "Bahasa Bukit". Ethnologue. Dibukak ing 24 Sèptèmber 2017.