Rontal

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Lontar ngalih ing kaca punika. Kanggé panggunan bentèn tembung punika, mangga mriksani kaca Lontar (disambiguasi).
Conto gambar rontal saka Bali. Ukuran asliné kurang luwih 3,5 x 30 cm.
Conto rontal Tamil isiné donga Kristen saka India Kidul.

Rontal (tegesé: ron tal, "godhong wit tal") utawa uga kerep lontar iku godhong wit siwalan (Latin palmyra utawa borassus flabellifer) kang digaringaké lan dianggo bahan naskah lan kerajinan. Artikel iki mligi medhar rontal kang dianggo bahan naskah manuskrip, utawa buku tulisan tangan.

Rontal kang dienggo bahan naskah tulisan tangan[besut | besut sumber]

Conto gambar rontal saka Nepal.
Conto gambar rontal kang dihias gambar saka Bali lan diarani prasi.

Rontal kang dienggo bahan naskah tulisan tangan dienggo ing saubenging Asia Kidul lan Asia Kidul-Wétan. Ing Nusantara akèh tinemu naskah rontal saka Tatar Sundha (Jawa Kulon), Tanah Jawa, Bali, Madura, Lombok, lan Sulawesi Kidul.

Prosès nggawé rontal[besut | besut sumber]

Ing pulo Bali, godhong-godhong siwalan utawa rontal kang dianggo bahan tulisan isih dianggo nganti sepréné. sepisanan godhong-godhong wit siwalan dipethik saka wit. Olèhé methik lumrahé ing sasi Maret/April utawa September/Oktober amarga godhong-godhong ing mangsa iki wis tuwa. Banjur godhong-godhong dikethoki lan olèhé ngethok kasar. Banjur dipépé nganggo panasing srengéngé. Prosès iki gawé warna godhong kang sadurungé ijo dadi rada kuning-kuning.

Sawisé iku godhong-godhong dikum ing banyu mili, sawisé iku digosok nganti resik karo serbèt utawa sawut krambil.

Banjur godhong-godhong iku mau dipépé malih, nanging saiki kadhang-kala godhong-godhong wis dikethoki lan ditalèni. Banjur bitingé dikethok lan diguwang.

Sawisé garing, godhong-godhong banjur digodhog ing sawijining kwali gedhé lan diawori pirang bumbu-bumbu kusus. Tujuwané iku kanggo ngresiki godhong-godhong iki saka turahan reregedan lan ngawètaké struktur godhong supaya tetep apik.

Bubar digodhog wolung jam suwéné, godhong-godhong wau diangkat lan dipépé manèh nèng dhuwur lemah. Ing wayah soré banjur godhong-godhong dijupuk saka lemah lan ngisoré lemah ditelesi banyu. Banjur godhong-godhong didokok manèh supaya lembab lan dadi lurus. Banjur ésuké didokok manèh lan diresiki nganggo lap.

Terus godhong-godhong iku ditumpuk lan diprès karo sawijining piranti kang ing Bali diarani pamlagbagan. Piranti iki sawijining jepitan kayu kang ukurané gedhé banget. Godhong-godhong iki diprès kurang luwih nem sasi suwéné. Nanging saben rong minggu diangkat lan diresiki. Sawisé iku godhong-godhong dikethok manèh miturut ukuran kang dijaluk lan diwènèhi telung bolongan ing kiwa, tengah, lan ujung tengen. Jarak saka bolongan ing tengah nganti bolongan ing kiwa kudu luwih cendhak tinimbang jarak menyang ujung tengen. Bab iki karepé supaya bisa dianggo tandha mengko yèn nulis.

Pinggiran rontal uga dicèt, lumrahé nganggo cèt warna abang. Rontal saiki wis bisa ditulisi lan diarani nganggo istilah pepesan ing basa Bali lan salembar rontal diarani lempir.

Prosès panulisan rontal[besut | besut sumber]

Lembaran rontal kang isih kosong.

Saben lempir rontal kang arep ditulisi, lumrahé diwèhi garis dhisik supaya mengko yèn nulis ora méncang-mèncong. Bab iki dilakoni nganggo sawijining piranti kang diarani panyipatan. Tali-tali cilik dibenggangaké ing rong paku pring. Terus nèng ngisoré didokoki lempir-lempir rontal. Tali-tali iki banjur diwèhi mangsi lan digèrèt. Benggangan tali kang digèrèt wau banjur mencelat lan nyiprati mangsi ing lempiran rontal dadi garis-garis dienggo nulis bisa kadhapur.

Lading kanggo nulisi rontal.

Banjur rontal kang wis cemepak ditulisi, ditulisi nganggo lading tulis kang ing Bali diarani pengropak utawa pengutik. Ing Jawa Kulon ing basa Sundha lading iki diarani péso pangot. Sang juru tulis sajatiné ngukir aksara ing lempir-lempir rontal wau iki. Sawisé bubar ditulisi, sawijining lempir, lumrahé ing rong sisih, banjur lempir wau kudu diirengi. Carané ngirengi lempir dilakoni nganggo kemiri kang diobong nganti ngetokaké lenga. Banjur kemiri-kemiri wau iki diusapaké ing lempir-lempir wau lan ukiran aksara-aksara mau dadi katon cetha amarga angusing kemiri wau. Lenga kemiri sisan uga ngilangi mangsi garisan. Banjur saben lempir diresiki nganggo lap lan kadhangkala diusapi nganggo lenga seré supaya resik lan ora dipangan kéwan-kéwan cilik.

Banjur tumpukan lempir-lempir iki didadèkaké siji nganggo sawijining tali ngliwati bolongan tengah lan diapit nganggo pangapit sapasang kang ing Bali diarani takepan. Nanging kadhangkala lempir-lempir wau disinggahaké ing sajeroning pethi cilik kang diarani kropak ing Bali (ing Jawa kropak tegesé naskah rontal).

Lontara Sulawesi[besut | besut sumber]

Ing Sulawesi Kidul rontal uga ditepangi lan diarani lontara. Wujud lontara rada séjé karo rontal saka Jawa lan Bali. Amarga ing Sulawesi Kidul, rontal disambung-sambung nganti dawa lan digulung dadi dhapuré mèmper kaya kaset (video utawa musik).

Lontara saka Sulawesi iki wis langka banget, saubenging donya mung kari ana telung naskah lontara Sulawesi.

Papan panyinggahan kolèksi rontal[besut | besut sumber]

Pirang kapustakan lan instansi umum liyané sadonya nyimpen kolèksi rontal lan nyedyakaké kanggo para penliti kanggo diwaca. Ing ngisor iki ana pratélan instansi-instansi wau.

Indonésia[besut | besut sumber]

Walanda[besut | besut sumber]

Inggris[besut | besut sumber]

Jerman[besut | besut sumber]

Prancis[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  • I Ketut Ginarsa, 1975, 'The rontal (palmyra) palm.' di Review of Indonésian and Malaysian Affairs. 9:90-103
  • H.I.R. Hinzler, 1993, 'Balinese palm-leaf manuscripts' di BKI 149:438-474.
  • Raechelle Rubinstein, 1996, 'Rontal Production' di Illumination. The Writing Traditions of Indonésia (halaman 136-137). Jakarta: The Rontal Foundation.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]