Fabaceae

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Fabaceae
(Suku polong-polongan)
Fabaceae flower.jpg
Kembang Fabaceae
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Lindl.
Subsuku
.
Caesalpinioideae
Mimosoideae

Faboideae

Réferènsi
GRIN-CA 2002-09-01

Suku polong-polongan utawa Fabaceae minangka salah siji suku tetanduran dikotil sing paling wigati lan gedhé dhéwé. Akèh tetanduran budidaya wigati kalebu sajeroning suku iki, kanthi warna-warna kagunan: wiji, woh (polong), kembang, kulit kayu, wit, godhong, umbi, nganti oyoté dipigunakaké manungsa. Bahan panganan, ombènan, bumbu masak, dat pewarna, pupuk ijo, pakan kéwan, bahan pangobatan, nganti racun diasilaké déning anggota-anggotané. Kabèh tetanduran anggota suku iki duwé siji pepadhan sing jelas: wohé arupa polong.

Fabaceae tau dikenal kanthi jeneng Leguminosae sarta Papilionaceae. Jeneng sing pungkasan iki kurang tepat, lan saiki dianggo minangka jeneng salah siji subsukunya. Sajeroning donya pertanian tetanduran anggota suku iki kerep sinebut tanduran legum (legume).

Anggota suku iki uga dikenal amarga kemampuan ngiket (fiksasi) nitrogen langsung saka udara (ora liwat cuwèran lemah) amarga simbiosis karo bakteri tinamtu ing oyot utawa wité. Jaringan sing ngandhut baktèri simbiotik iki racaké ngglembung lan mbentuk bintil-bintil. Saben jinis racaké simbiosis uga karo jinis baktèri sing khas uga.

Ciri-ciri[besut | besut sumber]

  • Wiji berkotil loro.
  • Woh berupa polong
  • Lumrahé godhong majemuk pasangan.
  • Perkembangan tunggal ing subsuku Faboideae sarta majemuk ing Caesalpikioideae lan Mimosoideae.

Pamérangan[besut | besut sumber]

Suku gedhé iki kapérang dadi 3 subsuku, ya iku Faboideae (utawa Papilionoideae, tetanduran ngembang kupu-kupu), Caesalpikioideae, lan Mimosoideae.

Faboideae[besut | besut sumber]

Kembang tipe kupu-kupu. 1. gendéra, 2. swiwi (alae, sepasang), 3. lunas (carina, nglindhungi benang sari lan putik).

Faboideae bisa diangggep minangka golongan kacang-kacangan. Kembangé tipe kupu-kupu, zigomorf, khas kanthi mahkota kembang sing ora padha wanguné. Mahkota kamodifikasi dadi telung pérangan: gendéra, swiwi (alae), lan lunas (carina). Pérangan lunas nglindhungi organ sèksual benang sari lan putik. Amarga kalindhungi iki tetanduran kacang-kacangan racaké minangka tetanduran nyerbuk dhéwé. Kembang racaké tunggal kanthi polong racaké awangun silinder.

Conto:

Caesalpinioideae[besut | besut sumber]

Subsuku iki dicirikan saka kembangé sing kasusun majemuk mbentuk kaya piramida. Saben kembang duwé benang sari lan putik sing relatif dawa. Kembangé ora tipe kupu-kupu.

Conto:

Mimosoideae[besut | besut sumber]

Gambar:Kembang putri malu.jpg
Kembang putri malu nuduhaké wangun khas kembang Mimosoideae

Subsuku iki bisa dianggep golongan peté-petéan. Ciriné sing paling cetha yakuwi kembangé kasusun majemuk ing dhuwuring dhasar kembang (bongkol) bebarengan awangun bunderan. Akibaté, kembang katon kaya bal mawa ambut.

Conto:

Anggota-anggota wigati[besut | besut sumber]

Akèh anggota suku iki kalebu tanduran kang migunani tumrap manungsa. Ing ngisor iki pratélan pira-pira tanduran kang kagolongake miturut munfangate.

Bahan panganan utawa ombènan[besut | besut sumber]

Wewijen, kembang, utawa godhong[besut | besut sumber]

Umbi[besut | besut sumber]

Kayu utawa kulit kayu[besut | besut sumber]

Akar[besut | besut sumber]

Bahan yasan utawa indhustri[besut | besut sumber]

Pupuk hijau[besut | besut sumber]

Kabèh legum sing arupa terna utawa tetanduran merambat bisa dianggo minangka rabuk. Nanging ana sawetara sing disenengi amarga tuwuhe sing rikat lan nutupi lemah, lan dijuluki legum cover crops (LCC, tanaman legum panutup lemah)

Pakan kéwan[besut | besut sumber]

Racun[besut | besut sumber]

Simbiosis kanthi bakteri[besut | besut sumber]

Pirsani artikel bakteri pangikat nitrogen.

Tetanduran legum dikenal saka dayane njupuk nitrogen sajeroning angun N2 langsung saka hawa, saliyané cara konvensional sajeroning angun nitrat utawa amonium saka cuwèran lemah. Daya linuwih iki diduweni amarga simbiosis karo bakteri tinamtu sing manggon ing jaringan-jaringan tinamtu, racaké ing oyot, nanging ana uga sawetara sing manggon ing jaringan parenkim ing wit. Pérangan sing dipanggoni bakteri iki racaké katon bintil-bintil.