Menyang kontèn

Jenu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jenu
Pang kang mrambat lan godhong-godhong tuba, Derris elliptica;


dari Teupah Kidul, Simeulue, Acèh

Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Génus: Derris
Spésies: D. elliptica
Jeneng binomial
Derris elliptica
Benth.


Jenu ya iku sawijining jinis tetuwuhan saka Asia Kidul-wétan lan pulo-pulo ing Pasifik kidul-kulon kang biyasa kanggo golèk iwak kanthi cara diracun. Ana mapira wit kang bisa kanggo ngracun iwak, nanging kang biyasa karan jenu ya iku jinis Derris elliptica Bth.[1], anggota suku Fabaceae (Leguminosae). jeneng liyané tuba akar (id.), tuwa laleur, areuy kidang (Sd.), jenu, jelun, tungkul (Jv.), tobha, jheno, mombul (Md.) lan liya-liyané.[1][2]

Kaya kang wis kapacak, oyot tuwuhan iki duwé racun kang karan rotenona (rotenone), sawijining racun kuwat tumrap iwak lan gegremet (insèktisida).

Pengenalan

[besut | besut sumber]
Jenu mrambat ing wit-witan

Liana (tetuwuhan mrambat) mawa kayu, mrambat ing wit-witan nganti 10m. Pang-pang kang wis tuwa wernane soklat, kanthi lentisel kaya déné bekukul [2]

Daun-daun nyebar, majemuk awangun sirip ganjil duwé anak godhong 7-15 lembar, gagangé 13-23 cm; anak godhong mawa gagang cendhak, dawa nganti wangun tumbak (lanset) utawa bunder endhog kuwalik, 4-24 × 2–8 cm, kanthi pinggiran ngisor kapara klawu utawa biru, kerep mawa ambut rapet; godhomg kang anom soklat-ungu.[2]

Kembang kakumpul ing tandhan, kanthi sumbu kang mawa rambut rapet, gagangé 12–26 cm. Kelopak kembang awangun cawan, mawa rambut soklat rapet, dhuwur 6-8 mm, mung pérangan ngisor sang thukul sampurna. Gendéra (makutha) ijo kanthi warna ros pucet, mawa rambut rapet ing pérangan njaba, bunder endhog nganti oval amba, lk. 2 cm garis tengahé, ing pangkalé kanthi 2 kuping kang muter malik.[2]

Woh polong wangun oval nganti dawa, 3,5-7 × 2 cm, mawa swiwi ing sadawaning pinggir ngisor, ora mbukak. Wiji 1-2, arang-arang 3.[2]

Tuwuh alasan ing grumbul cedhak pinggir alas, pinggir kali, lan kadhangkala ditandur ing kebon utawa pekarangan. Ing Pulo Jawa tinemu wiwit saka tlatah dhataran cendhèk nganti èlevasi watara 1500 m dpl.[1]

Kagunan

[besut | besut sumber]
Daun-daun tuba
Rotenona

Racun jenu ing jaman biyèn karan derrids lan saiki karan rotenona. Racun iki ana ing oyot kanthi kadhar watara 2½-3%, paling akèh ana ing kulit oyot. Derrids hampir tidak terlarut dalam air.[1]

jenu biyasa minangka ngracun iwak ing kali. Biasane, oyot jenu dikedhuk, dikethok lan dipepe nganti garing watara 3-4 dina. Oyot iki banjur didheplok lan dicampur banyu lan hasile warna banyu malih dadi putih kaya déné susu. Banyu jenu iki banjur diwutahake ana ing kedhung. Manawa kanggo njenu ing kalenan cilik jenu biyasa dideplok ing pinggir kali lan langsung ing banyu kali.

Ing sawatara daerah, njenu iwak dadi kagiyatan adat.[1] Iwak kang mendem jenu ngambang lan gampang dicekel. Sawisé sawatara wektu, kali bakal pulih lan iwake padha mari angggone mendem.

Ing jaman saiki, jenu kagunakake minangka racun kanggo uler kang dadii ama ing kebon. Racun jenu kajupuik kanthi ndeplok oyot wit jenu kang teles utawa garing, (utawa, ana uga kang nggodhog sawatara jam). Banyu jenu banjur diencerke lan dicampur banyu sabun supaya stabil, lan disemprotake ing tetuwuhan kang kena ama. Saliyané ing kebon, uga ing tetuwuhan mbako dan kobis, racun uga bisa kanggo mbasmi caplak dan pinjal ing asu, gurem ing pitik, laler lan liya-liyané.[1]

Jinis kang sarupa

[besut | besut sumber]

Derris trifoliata Lour., dikenal minangka tuba sagara, tuwa awewe (Sd.), ketower (Jw.) lan sapanunggalané, uga wujud racun iwak, sanadyan dayané luwih cilik tinimbang tuba D. elliptica. D. trifoliata, biyèn dikenal minangka D. heterophylla Back., biyasa tinemu ing alas-alas bakau lan alas pasisir liyané, mligi ing rawa-rawa.[1][3]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g Heyne, K. 1987. Tumbuhan Berguna Indonesia, jil. 2. Yay. Sarana Wana Jaya, Jakarta. Hal. 1005-1007.
  2. a b c d e Steenis, CGGJ van. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonesia. PT Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 243-244.
  3. Derris trifoliata[pranala mati permanèn] pada ICRAF AgroForestryTree Database.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]