Alas bakau

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Pandangan saka ndhuwur lan ngisor banyu cedhak wit bakau
Alas Bakau ing Puerto Rico

Alas Bakau utawa alas mangrove ya iku alas kang ana ing rawa-rawa kang banyuné payau kang lumrahé ing garis pasisir uga kadayan pasang surut banyu laut.[1] Alas iki urip khususé ing panggonan kang kadadéan pelempungan lan akumulasi bahan organik.[2] Alas iki bisa urip ing teluk-teluk kang kalindung saka gempurab ombak, uga bisa urip ing kali-kali kang banyuné alon lan ana endapan lempung kang digawa saka hulu.[1] Ekosistem alas bakau duwé sipat kas, amarga anané lempung kang njalari kurangé aerasi lemah; salinitas lemahé dhuwur; uga ngalami daur penggenangan saka pasang surut banyu laut.[1] Wit-witan kang bisa urip ing panggonan kaya ngene mung sithik lan jinis-jinisé akèh-akèh duwé sipat kas alas bakau amarga wis ngalami prosès adhaptasi lan evolusi.[1]

Amba lan Panyebarané[besut | besut sumber]

Alas-alas bakau kasebar ing pérangan kang cukup panas ing donya, mligi ing sakupenge khatulistiwa ing wewengkon tropika lan sithik subtropika.[3] Ambané alas bakau ing Indonésia antarané 2,5 tekan 4,5 yuta hèktar, ya iku mangrove kang paling amba ing donya.Ngluwihi Brazil (1,3 yuta ha), Nigeria (1,1 yuta ha) lan Australia (0,97 ha). Melebihi Brazil (1,3 juta ha), Nigeria (1,1 juta ha) lan Australia (0,97 ha) (Spalding dkk, 1997 dalam Noor dkk, 1999).[3] Ing Indonésia, alas mangrove kang amba ana ing sakupenge Dangkalan Sunda kang relatif tenang lan panggoné kali-kali tumuju laut. Ya iku ing pasisir wtan Sumatra, lan pasisir kulon sarta kidul Kalimantan.[3] Ing pasisir lor Jawa, alas-alas iki wis suwé kekikis amarga kabutuhan warga karo lahan.[4]

Ing pérangan wétan Indonésia, ing pinggir dangkalan Sahul, alas-alas mangrove kang isih apik ana ing pasisir kulon rada lor Papua, mligi ing sekitaré Teluk Bintuni.[4] Mangrove ing Papua amabané 1,3 yuta ha, sapertelon saka ambané alas bakau ing Indonésia.[5]

Lingkungan Fisik lan Zonasi[besut | besut sumber]

Jinis-jinis wit-witan alas bakau iki duwé reaksi karo variasi-variasi lingkungan fisik, mula ndadèkaké zona-zona vegetasi mirunggan[5]. Faktor-faktor lingkungn fisik iku ya iku:[5]

Jinis lemah[besut | besut sumber]

Minangka wewengkon pangendapan, substrat ing pasisir béda adoh.[6] Sing paling umum ya iku alas bakau urip ing dhuwur lempung kang kacampur bahan organik.[5] Nanging ing liya nggon, bahan organik iki akèh porsine ; malah ana uga alas bakau kang urip ana ing tanah gambut.[5]

Terpaan ombak[besut | besut sumber]

Pérangan njaba utawa luar atau pérangan ngarep alas bakau kang ngadep laut asring ngalami terpaan ombak kang banter.[5] Ora kaya pérangan njeroné kang luwih tenang.[5]

Genangan akibat banyu pasang[besut | besut sumber]

Pérangan njaba uga ngalami genangan banyu pasang kang paling suwé dibandingaké pérangan kang liyané; malah kadang-kadang terus karendem. Sing pérangan liyané paling karendem nalika banyuné pasang tekan rong neter.[5] Jinis-jinis bakau (Rhizophora spp.) lumrahé urip ing pérangan paling njaba lan kerep digempur ombak. Bakau Rhizophora apiculata lan R. mucronata urip ning dhuwur lempung. Déné bakau R. stylosa lan perepat (Sonneratia alba) urip ing dhuwur pasir kang ana lempungé.[5] Ing pérangan laut kang luwih tenang urip api-api ireng (Avicennia alba) ing zona kang paling njaba utawa zona pionir.[5] Ing pérangan rada njero, kang isih kena pasang dhuwur, racaké ana campuran bakau R. mucronata karo jinis-jinis kendeka (Bruguiera spp.), kaboa (Aegiceras corniculata) lan liya-liyané. Déné ing pinggir kali, kang banyuné tawar, racaké ana nipah (Nypa fruticans), pidada (Sonneratia caseolaris) lan bintaro (Cerbera spp.).[5] Ing pérangan kang luwih garing ana nirih (Xylocarpus spp.), teruntum (Lumnitzera racemosa), dungun (Heritiera littoralis) lan kayu buta-buta (Excoecaria agallocha).[5]

Bentuk-bentuk adhaptasi[besut | besut sumber]

Ngadepi lingkungan kang èkstrim ing alas bakau, wit-witan adaptasine nganggo manéka warna cara.[7] Didelok saka fisik, akèh-akèh vegetasi mangrove nguripaké organ kas kanggo nahan urip.Kayata warna-warna wujud oyot lan kelenjar uyah ing godhong.[8] Nanging ana uga bentuk-bentuk adhaptasi fisiologis.[7] Wit-wit bakau (Rhizophora spp.), kang lumrahé urip ing zona paling njaba, ngembangaké oyot tunjang (stilt root) kanggo nahan saka terjangan ombak.[7] Jinis-jinis api-api (Avicennia spp.) lan pidada (Sonneratia spp.) bisa nuwuhaké akar napas (pneumatophore) kang metu saka lempung kanggo njupuk oksigen saka udara.[7]

Kasugihan Flora[besut | besut sumber]

Akeh wit-witan kang bisa tinemu ing alas bakau.[7] Nanging mung sakiwa-tengené 54 spésies saka 20 genera, anggota saka sakiwa-tengené 16 suku kang dianggep jinis mangrove sajati.[7] Ya iku jinis-jinis kang tinemu urip mung ing alas bakau langka tinemu ing liyané.[7]

Saka jinis-jinis iku, sakiwa-tengené 39 jinis tinemu urip ing Indonésia; ndadèkaké alas bakau ing Indonésia dadi alas bakau paling sugih ing kawasan samodra Hindia lan Pasifik.[7] Total jinis sakabehan kang wis dingertèni, kalebu jinis mangrove melon, ya iku 202 spésies (Noor dkk, 1999).[7] Ing ngisor iki pratélan suku lan gènus mangrove sajati, sekalian jumlah jinisé (dimodifikasi saka Tomlinson, 1986).[7]

Panyusun utama[besut | besut sumber]

Suku Genus, jumlah spésies
Acanthaceae (syn.: Avicenniaceae atau Verbenaceae) Avicennia (api-api), 9
Combretaceae Laguncularia, 11; Lumnitzera (teruntum), 2
Arecaceae Nypa (nipah), 1
Rhizophoraceae   Bruguiera (kendeka), 6; Ceriops (tengar), 2; Kandelia (berus-berus), 1; Rhizophora (bakau), 8
Sonneratiaceae Sonneratia (pidada), 5

Panyusun minor[besut | besut sumber]

Paku laut, Acrostichum aureum.
Suku Genus, jumlah spésies
Acanthaceae Acanthus (jeruju), 1; Bravaisia, 2
Bombacaceae Camptostemon, 2
Cyperaceae Fimbristylis (mendong), 1
Euphorbiaceae Excoecaria (kayu buta-buta), 2
Lythraceae Pemphis (cantigi laut), 1
Meliaceae Xylocarpus (nirih), 2
Myrsinaceae Aegiceras (kaboa), 2
Myrtaceae Osbornia, 1
Pellicieraceae Pelliciera, 1
Plumbaginaceae   Aegialitis, 2
Pteridaceae Acrostichum (paku laut), 3
Rubiaceae Scyphiphora, 1
Sterculiaceae Heritiera (dungun)2, 3

Gallery[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d www.lablink.or.id
  2. ^ [Anwar, J., S.J. Damanik, N. Hisyam, dan A. Whitten. 1984. Ekologi Ekosistem Sumatra. Gadjah Mada Univ. Press. Yogyakarta.]
  3. ^ a b c mangrove.org
  4. ^ a b www.attayaya.net
  5. ^ a b c d e f g h i j k l www.ubb.ac.id Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "lima" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  6. ^ [Tomlinson, P. B., 1986: The Botany of Mangroves, Cambridge University Press.]
  7. ^ a b c d e f g h i j www.mangrovemengare.com
  8. ^ [Noor, Y.R., M. Khazali, dan I.N.N. Suryadiputra. 1999. Panduan Pengenalan Mangrove di Indonésia. PKA/WI-IP. Bogor.]