Besusu
| Besusu | |
|---|---|
| Ilustrasi botani besusu, miturut Blanco | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Plantae |
| Dhivisi: | Magnoliophyta |
| Klas: | Magnoliopsida |
| Ordho: | Fabales |
| Famili: | Fabaceae |
| Subfamili: | Faboideae |
| Génus: | Pachyrhizus |
| Spésies: | P. erosus |
| Jeneng binomial | |
| Pachyrhizus erosus (L.) Urb. | |
Besusu utawa bengkowang (Pachyrhizus erosus) ya iku tuwuhan kang ngasilaké dhangkèl (cormus) kang énak dipangan.[1] Woh-wohan saka Amérika tropis iki klebu golongan suku polong-polongan atau Fabaceae.[1] Ing panggonan asalé, woh-wohan iki dikenal minangka xicama utawa jícama.
Wedharan
[besut | besut sumber]
saka Situgede, Bogor.
Bengkuang minangka liana taunan kang dhuwuré bisa ngancik 4-5m, déné oyote dhawané ngancik 2m.[1]Wité mrambat lan ngubet, kanthi rambut-rambut alus kang anuju mengisor.[1] Godhongé nyirip; pangé dhawané kira-kira 8,5-16 cm; anak godhongé bunder kaya endhog, kanthi pucuke lancip, lan ana rambute ing pinggir-pinggire; anak godhong pérangan pucuk ukurane gedhé dhéwé, wujud belah ketupat, 7-21 × 6–20 cm.[2]
Kembangé nglumpuk ing tandan ing pucuking godhong, kang ijen utawa nggrombol 2-4 tandan, dhawané ngancik 60 cm, kanthi warna rambut soklat.[1] Tabung kelopak wujudé lonceng, kecoklatan, dhawané kira-kira 0,5 cm.[1] Makutha putih ungu kebiru-biruan, gundul, dhawané kira-kira 2 cm.[1] Tangkai sarine pipih, pucuké rada nggulung; kepala putik dhapuré bunder, ing ngisor pucuking tangkai putik, tangkai putik ing ngisor kepala putik.[1] Woh polong dhapuré garis, pipih, dhawané 8–13 cm, berambut, wohé 4-9.[2]