Secang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Secang; Sepang
Sepang
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Subfamili: Caesalpinioideae
Génus: Caesalpinia
Spésies: C. sappan
Jeneng binomial
Caesalpinia sappan
L.

Secang utawi sepang (Caesalpinia sappan L.) inggih punika wit saking anggota suku polong-polongan (Fabaceae) [1] ingkang dipun-ginakaken klika (kulit kajeng) lan kajengnipun minangka komoditi sesadéan bumbon crakèn.

Tuwuhan punika asalipun saking Asia Kidul-wétan lan gampil kapanggih wonten ing Indonesia. Klikanipun dipun-ginakaken tiyang minangka bakal kanggé jampi (tetamba), pawarni, lan unjukan panyeger. Dumugi abad kaping 17, kajengipun dados péranganing sesadéan bumbon crakèn saking Siyam lan Nusantara dhateng manéka papan ing donya. Kulit secang punika kawéntar kanthi manéka nama kados ta seupeueng (Acèh), sepang (Gayo), sopang (Toba), lacang (Minangkabau), secang (Sunda), secang (Jawa), secang (Madura), sepang (Sasak), supa (Bima), sepel (Timor), hape (Sawu), hong (Alor), sepe (Roti), sema (Manado), dolo (Bare), sapang (Makasar), sepang (Bugis), sepen (Halmahera Kidul), savala (Halmahera Lor), sungiang (Ternate), roro (Tidore), sappanwood (Inggris), dan suou (Jepang) [2]. Krabat caketipun punika asalipun saking Amérika Kidul, kayu brajil utawi brezel (C. echinata) ugi dipun-ginakaken sami kaliyan secang.

Botani[besut | besut sumber]

Wit utawi perdu dhuwuripun dumugi 6 m. Kayunipun awujud silinder kanthi warni coklat lan medalaken cuwèran warni abrit. Godhong majemuk kasusun nyirip kalih khas Caesalpinioideae, dawanipun 25–40 cm, anak godhong wonten 10-20 pasang, awujud lonjong, pangkal rompang, pucuikipun bunder, pinggiring rata, kanthi dawa 10–25 mm, lebar 3–11 mm, lan ijo. sekaripun kasusun majemuk, awujud malai, ing pucuking awak wit kanthi dawa 10–40 cm, kelopak gangsal, warni ijo, benang sari 15 mm, dawanipun putik 18 mm, makutha awujud tabung, kuning. Wohipun tipe polong, dawanipun 8–10 cm, lebar 3–4 cm, pucukipun kados paruh, kanthi isi 3-4 wiji, ireng. Wijinipun bunder ndawa, kanthi dawa 15–18 mm, lebar 8–11 mm, kandhel 5–7 mm, kuning radi coklai. Oyotipun jinis tunggang, coklat reged.

Mupangat[besut | besut sumber]

Pérangan-péranganing secang punika ngandhut senyawa anti baktèri lan gadhah sipat anti-koagulan (anti-panggumpalan). Khasiat pangobatan saged kanggé jampi mencret (diare), jampi watuk, lan jampi gerah. Kanggé jampi mèncrèt dipun-ginakaken kirang langkung 5 gram kayu ingkang garing ingkang dipuntugel alit-alit lajeng dipungodhog kaliyan kalih gelas toya kanthi dangu 15 menit. Manawi sampun adhem banjur dipunsaring. Pepaganipun dipun-ginakaken minangka sumber pewarna abrit amargi ngasilaken brazilin, kados kayu brazil lan kerabat-kerabat caketipun. Sanajan warninipun boten sami kuwatipun kaliyan kayu brazil. Pewarna punika dipun-ginakaken kanggé cat, busana, lan unjukan panyeger khas Yogyakarta kidul (wédhang secang lan wédhang uwuh) [3].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. SECANG...KAYU BERIBU MANFAAT, (dipunakses tanggal 22 Maret 2013)
  2. Secang Archived 2012-07-04 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 22 Maret 2013)
  3. Secang, Kayu Kering Berkhasiat, (dipunakses tanggal 22 Maret 2013)