Kecipir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kecipir
Psophocarpus tetragonolobus Blanco2.293.png
Ilustrasi kecipir saka Blanco
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Subfamili: Faboideae
Génus: Psophocarpus
Spésies: P. tetragonolobus
Jeneng binomial
Psophocarpus tetragonolobus
(L.) D.C.
Kecipir

Kecipir (Psophocarpus tetragonolabus (L.)) iku kalebu salah sawiji tetanduran dikotil kang wigati lan gedhé dhéwé. Akèh tetanduran budidaya wigati kalebu sajeroning suku polong-polongan, kanthi warna-warna kagunan: wiji, woh (polong), kembang, kulit kayu, wit, godhong, umbi, nganti oyoté kang biyasa dipigunakaké manungsa. Paédahe ya iku bahan panganan, ombènan, bumbu masak, zat pewarna, pupuk ijo, pakan kéwan, bahan pangobatan, nganti racun diasilaké déning anggota-anggotané. Kecipir kang duwé jeneng latinné Fabacéaé lan kondhang kanthi jeneng Leguminosae lan Papilionaceae.

Jeneng[besut | besut sumber]

Tanduran Kecipir

Kecipir wis rada suwi kaloka ing Indonésia, amarga saben Kacamatan duwé jeneng kang mligi ing saubering wewengkon Indonésia [1]. Ing laladan Indonèsia, Kecipir duwé jeneng dhéwé, saumpamané ing laladan:[1][2].

Uga ing Nagara manca, kaya ing Inggris diarani winged bean [3].

Sajarah[besut | besut sumber]

Sujarahé kecipir isih durung bisa diungkap, ana kang ngungkapaké yèn asalé saka Madagaskar, la nana kang ngungkapaké saka Afrika Tropis.[1]. Kecipir iku wis tersebar ing Asia Tenggara, kurang luwih abad 17, amarga digawa karo pedagang Arab [1]. Awit saka iku, abad 17 Indonésia kenal kecipir [1]. Ing Papua Nugini, kecipir ditandur ing saben wewengkon kanthi 2000 mèter punjul dhasaré segara [1]. Ing kana, kecipir dadi panganan rakyat nanging isih ditandur ala kadaré, kaya ta ing tegalan lan buri omah [1].

Ciri-ciriné[besut | besut sumber]

  • Wiji berkotil loro [1].
  • Bentuké bunder ngiwa, mangklung mendhuwur lan séndéran ing turus utawa ngrambat ing wit kanthi 2-3 mèter [1].
  • Godhong, wujud godhongé Trifoliat kaya kacang dawa (Psophocarus Tetragonolobus) [1]
  • Perkembangan tunggal ing subsuku Faboideae lan majemuk ing Caesalpikioideae lan Mimosoideae [1].
  • Lumrahé godhong majemuk pasangan [1].
  • Akaré, wujud akaré rada datar lan rada kandhel [1]. Wonten ing salah sawijiné akar mligi, wujud umbi sing kira-kira diamèter 2–4 cm [1]. Lan dawané 8–12 cm.[1].
  • Abot bijiné, kira-kira 30-40 gram saben 100 wutir [1].
  • Werna bijiné, ana sing warna putih, kuning ireng, lan sawo mateng utawa coklat nom [1].
  • Bijiné, kira-kira ana 5-20 wutir saben buah [1].
  • Dawa wohé utawa buahé, dawané 6–40 cm [1].
  • Wohé, bentuké segi papat, lan saben sisih bersayap rada gelombang [1].
  • Kuncup kembangé, warna biru utawa abang ungu, putih, bentuké nlalar dawa kanthi 2-10 gagang kemban [1].
  • Kembang, kembangé warna biru pucet [1].

Ngandhut[besut | besut sumber]

Bintil-bintil ireng kang ana, iku mbuktikaké yèn Rhizobium iku ana lan duwé fungsi nampung zat “lemas” saka samirana utawa angin [1]. Godhong kecipir kang isih teles, iku ngandhut 5-15% zat protèin, lan bisa kurang 25, 6% [1]. Yèn dimasak, bisa ngundhakaké zat protèin kang dipangan [1]. Kadar protèin biji kecipir dhuwur banget, ya iku 33, 6% [1]. Kadar lemak ±17, 5% lan zat karbohidrat ± 30% [1]. Kadar mineral kang bentuké awujud zat kapur, pospor lan zat besi yèn dibandingaké karo zat liyané [1]. Kecipir ing kalungguhan kang paling dhuwur, yèn umbi kecipir digodhok, rada suwi ananging kadar zat protèin, lemak, lan karbohidrat ngluwihi zat-zat kang liyané [1]. Amarga zat protèin kang palung dhuwur ya iku 13,6%, yèn umbi-umbian iku mung 1-2% [1]. Kecipir iku tergolong Leguminose, kang simbiosisé karo baktèri kang bisa nyerap zat lemas saka samirana utawa angin [1]. Sifat kang diduwèni tanduran iki, diarani “Rabuk Hijau” kaya “Crotalaria” (orok-orok) thephrosialan sapituruté [1]. Sifat Centrosema lan Calopogonium kang bisa nyuburaké tetanduran [1]. Yèn diumbaraké terlantar, kecipir iku duwé paédah kang akèh banget [4]. Kandungan lemak kang paling endhék ana ing polong nom [1]. Yèn godhong kecipir lumrahé akèh vitamin, mligi vitamin A [4].

Paédah kecipir[besut | besut sumber]

Obat tradisionalé wong Jawa kaya kecipir iku kulina kanggo:

Siapaké godhong kecipir, banjur godhog karo banyu resik kanthi umup[1]. Saring[1]. Sawisé adhem, tètèsaké ing mata lan kuping[1].

Tambahaké adas pulosari ing jeroné banyu godhogan kecipir iku mau karo adas pulosari, banjur alusna kanthi dadi pasta[1]. Kompresaké pasta iku ing bisul utawa wudun[1].

  • Anambah napsu mangan

Masarakat Jawa raket banget karo jamu(godhog)[1]. Lha, biji kecipir iku bisa kanggo salah sawijiné bahan, mligi kanggo anambah napsu mangan [1].

Mawa, kecipir iku uga duwé paédah kang akèh banget, kaya ta:

Cara Nandur[besut | besut sumber]

Yèn arep nandur kecipir, olahan utawa garapan lemah kudu diperhatikaké (Ora merlukake olahan lemah kang intensif) amarga, namung diwènèhi bolongan, tanduran kecipir iku wis bisa urip dhéwé[1]. Kang paling wigati yaku buangané banyu iku kudu éntuk perhatian [1]. Supaya bisa ngéntukaké umbi kang paling apik, kira-kira bedengané iku ambané 60 cm[1]. Jarak nandur ya iku 100x30 cm utawa 125x35 cm turus kanggo kecipir (bisa diganti karo pager, supaya ora ngentèkaké dhuwit akèh)[1]. Tiang-tiang pager bisa ditandur ing jarak minimal 3 m.[1] Kanggo nlalaraké, gunakaké pring kang wis dibelah[1].

Kasil[besut | besut sumber]

Kanggo kasilé, ing umur 2-2,5 sasi, durung bisa dipanèn[1]. Yèn umuré >3 sasi, rasané wis ora énak kanggo dipangan, amarga kulité wis dadi kayu [1]. Lelara utawa hama kanggo kecipir, ya iku (Woronunella Psophocarpi Raciborki) [1].

Paédah kanggo NKRI[besut | besut sumber]

  • Kecipir iku gampang ditandur ing ngendi waé [1].
  • Kecipir bisa simbiosis karo baktèri “Rhizobium” kanthi apik, saénggo bisa ngundhakaké kadar zat lemas (Nitrogen) img jero lemah [1].
  • Kecipir iku bisa ngasilaké godhong, who utawa buah, biji, lan umbi kang duwé kadar protein dhuwur [1].
  • Kadar lenga biji kecipir cukup dhuwur sejajar karo biji kedhelai [1].
  • Biji kecipir bisa dijupuk minyake, nglewati tahap Ekstraksi, hasil sampingane ya iku ampas kang bisa dienggo bahan pakan raja-kaya (raja-kaya), kang protein dhuwur banget [1].
  • Biji, umbi, lan godhong kecipir bisa dimanfaatake dadi pakan raja-kaya (raja-kaya), kang bisa ngasilaké susu, daging, utawa telor [1].
  • Biji kecipir lan umbine amarga ngandhut protein, dadine bisa dimanfaatake kanggo basmi lelara “Kwashiorkor”, ya iku lelara busung lapar kanggo bocah-bocah utawa wong diwasa [1].
  • Yèn hasil biji lan umbi kecipir wis akèh, dadine tanduran iku bisa ngembangaké pabrik lenga nabati pakanan raja-kaya [1].

Cathetan suku[besut | besut sumber]