Tom

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Tarum)
Tom
Indigofera tinctoria1.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Subfamili: Faboideae
Tribe: Indigofereae
Génus: Indigofera
Spésies: I. tinctoria
Jeneng binomial
Indigofera tinctoria
L.

Tom (cara Sundha: tarum) utawi nila (Indigofera, suku polong-polongan utawi Fabaceae)[1] inggih punika tuwuhan ingkang ngasilaken warni biru. Tiyang Jawi punika nyebat tom minangka tom. Dat warni busana punika dipun-ginakaken mliginipun wonten ing pendamelan bathik utawi tenun iket saking Nusantara. Dat warni nila minangka wedalan saking tuwuhan punika kalebet komoditas dagang ingkang wigati. Tom dipun-ginakaken kanggé manéka jinis tuwuhan ingkang ngasilaken warni biru, kathahipun punika saking marga Indigofera. Tom ingkang sajatos punika I. tinctoria. Werni biru nila punika asalipun saking kum-kuman (rendaman) ron kanthi jumlah ingkang kathah. Oyot tom utawi tom areuy ingkang ugi asring dipun-ginakaken inggih punika Marsdenia tinctoria. Werni biru saking kumkuman ronipun sewengi. Bibar satunggal dalu lajeng kadhapuk lapisan ing nginggilipun warni ijo utawi biru. Cairan punika banjur dipungodhog lajeng dipunpépé dumugi garing. Tuwuhan punika saé sanget amargi saged damel suburing lemah lan saged nahan erosi.

Bathik lan tom[besut | besut sumber]

Wiwitanipun para pengusaha bathik ngginakaken warni ingkang alami kanggé maringi warni ing kain bathik mau.[2] Kanggé warni biru mliginipun ngginakaken tom. Salajengipun wonten dat warni damelan ingkang dipuntepangaken lan dugi dhateng para pengusaha bathik. Sansaya dangu para pengusaha bathik punika langkung milih ngginakaken dat warni damelan tinimbang ngginakaken warni ingkang alami. Nalika pamaréntah kolonial Walanda mandegaken impor dat warni damelan ing taun 1914, medal protes saking para pengusaha bathik. Awit saking punika pamoripun tom saya dangu sansaya mandhap lan boten wonten ingkang purun ngolah tom kanthi langkung gampil.

Budidaya tom[besut | besut sumber]

Tom dipuntandur wonten ing tegalan utawi wonten ing sabin (sawah). Manawi sampun dipunpacul lajeng dipuntanduri tugelan pang (cabang) (stek) minangka bahan tandur. Stek ingkang dipun-ginakaken punika dipunpendhet saking pang ingkang paling kuat anggènipun tuwuh, dipuntugel panjang 30 cm mawi gaman ingkang landhep supados boten suwèk. Manawi sampun dipuntugel lajeng dipunsimpen wonten ing papan ingkang adhem kanthi pucuking stèk dipunsukakaken ing pérangan inggil. Lajeng dipuntilar kirang langkung 1-3 dinten supados lumah tugelan stèk punika garing. Bibar punika, nembé 2-3 stèk dipuntandur ing satunggal bolongan. Tunasipun saged katingal manawi sampun kalih minggunan. Manawi ingkang dipuntandur punika wijinipun, saben bolongan dipunparingi 3-4 wiji utawi dipunsemai langkung rumiyin. Semaian nembé dipunpindhahaken nalika umur 1-1,5 wulan. Bibar punika wiwit dipunsiyangi lan larikan lemahipun dipundamel kados pematang. Setunggal wulan salajengipun dipunsiyangi malih lan dipuninggilaken malih. Nembé ing umur 4-5 wulan tom mau saged dipuntugel. Anggènipun nemtokaken wekdal panen ingkang leres punika kasunyatanipun radi awrat amargi sisah supados ronipun ijo kanthi rata. Déné, manawi ronipun ingkang mawi warni ijo tuwa punika wiwit ayum lan radi kuning, asiling nila dados kirang. Para wong tani ingkang gadhah pengalaman cekap ngruwes ronipun mawi driji saged nemtokaken kapan wekdal anggènipun panen kanthi mirsani warni ron ingkang dipunkruwes lan aroma ambu saking ronipun. Anggènipun ngempaken ron tom punika dipunlampahi ing wayah énjing kanthi nugel pang ing celak batang [3].

Tom lan nama papan[besut | besut sumber]

Ing jaman rumiyin tom punika kalebet pérangan ingkang boten saged pisah kaliyan gesangipun masarakat Sundha. Kathah papan ing wewengkon Jawa Kulon ingkang dipunparingi nama adhedhasar nama tuwuhan punika kados ta Ci Tarum, Karajan Taruma, Kutha Banjar Pataruman, lan Tarumajaya.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Pewarna Batik Alami Gemawang Ekspor ke Jepang , (dipunakses tanggal 22 Maret 2013)
  2. ^ Tarum, (dipunakses tanggal 22 Maret 2013)
  3. ^ Rempah Indonésia, (dipunakses tanggal 22 Maret 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]