Kesemek

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kesemek
Woh kesemek
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Ericales
Famili: Ebenaceae
Génus: Diospyros
Spésies: D. kaki
Jeneng binomial
Diospyros kaki
L.f.
Wit kesemek lagi awoh
Bakul kesemek ing sawijining pasar ing Magelang

Kesemek iku jeneng sajinis woh-wohan saka marga Diospyros. Tuwuhan iki ditepungi uga kanthi sebutan woh kaki, utawa sajeroning basa Inggris dijenengi Oriental (Chinese/Japanese) persimmon. Jeneng ngèlmiahé yaiku Diospyros kaki. (‘Kaki’, basa Jepang, iku jeneng dat tanin kang diasilaké woh iki).

Pemerian[besut | besut sumber]

Wit kesemek ukurané cilik tekan sedheng, 15 m utawa kurang, dioesis (dioecious, mawa omah loro) lan sok-sok monoesis, batangé cendhèk lan bengkong-bengkong, akèh pangé, sarta ngguguraké godhong.

Godhong sajeroning rong dhèrèt, kasusun selang-seling, gagangé cendhèk lk. 3 cm, bunder, bunder endhog nganti jorong, 2,5-15 × 5–25 cm, ijo kuning kilap-kilap.

Kembang lanang sajeroning malai cendhèk isi 3-5 kuntum, kembang wadon soliter, ing kelèk godgong, mawa wilangan 4. Woh buni wangun gèpèng mbulet lan segi papat, ijo semu kuning nganti abang, kanthi godhong kelopak kang ora rontok.

Asil lan kagunaan[besut | besut sumber]

Kesemek kang mateng wernané antara jingga semu kuning nganti semu abang lan dhiameteré antara 2–8 cm. Woh iki bisa dipangan langsung sajeroning kaanan seger sawisé diolèsi mawa banyu kapur lan diperem, supaya rasa sepeté ilang. Woh uga bisa digaringaké utawa diolah dadi selé, ager-ager, ès krim lan liya-liyané. Woh kesemek seger ngandhut 19,6% karbohidrat, mligi fruktosa lan glukosa, 0,7% protéin, vitamin A lan kalium.

Woh kesemek kang enom ngandhut dat tanin kang dijenengi tanin-kaki, kang nimbulaké rasa sepet ing woh. Dat iki bakal saya kurang bebarengan karo matengé woh. Tanin-kaki dimupangataké kanggo ngawètaké manéka karajinan tangan, mbantu prodhuksi arak-beras ing Jepang, sarta bahan pangobatan lelara hipertensi.

Asal-usul lan penyebaran[besut | besut sumber]

Kesemek 'Hachiya' saka Jepang, 柿 – lukisan cet banyu 1887

Kesemek asalé saka Républik Rakyat Cina, kang banjur nyebar dhateng Jepang nalika jaman purba lan ditangkaraké ing kana. Ing tembé wuri woh iki nyebar dhateng pérangan liya Asia, lan nalika mangsa kolonial ing taun 1800an digawa dhateng Éropah kidul lan Amérika (California).

Woh iki cukup wigati sajeroning tradhisi Tiongkok lan Jepang, saéngga pangaji komersialé dhuwur ing kana. Saiki komersialisasi prodhuksi kesemek wis mrémbét lan mawiyar ing Niu Sélan, Australia lan Israèl. Ekspor saka Israèl iki kang dijenengi minangka Sharon fruit.

Ing Indonésia, Malaysia lan Thailand, prodhuksi kesemek lumrahé mung cukup kanggo konsumsi lokal. Sumatra Lor, mligi wewengkon Brastagi, biyèn tau kanthi tetep ngirim kesemek kanggo Singapura; nanging saiki mandheg amarga kualitasé kadhesek déning kesemek prodhuk nagara-nagara liya. Papan-papan liya ing Indonésia kang ngasilaké kesemek ing antarané yaiku Jawa Kulon lan Jawa Wétan, ing ngendi woh iki ditandur ing laladan-laladan dhuwur ing pagunungan.

Bahan Wacan[besut | besut sumber]

  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.
Deleng Uga Woh-wohan