Eboni

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Diospyros
Persimmon 0375.jpg
Kembang kesemek Amérika
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Ericales
Famili: Ebenaceae
Génus: Diospyros
Dalech. ex L.
Spesies

450-500; pirsani tèks

Diospyros iku jeneng marga kayu eboni utawa kayu ireng. Anggotané ing saindhenging donya nganti watara 450-500 spésies wit lan perdu sing mesthi ijo utawa sapérangan ana uga sing ngguguraké godhong. Akèh-akèhé tetuwuhan iki asalé saka tlatah tropis, lan mung sapérangan spésies sing tuwuh ing tlatah mawa iklim sedheng.

Marga iki nyakup akèh spésies sing duwé pangaji komersial, ya iku wohé sing bisa dipangan (contoné kesemek utawa bisbul), nanging mligi dijupuk kayuné sing duwé kualitas dhuwur. Kayu teras (ati kayu) lumrahé atos lan wernané ireng thuntheng, saéngga ing akèh tlatah ing Indonésia dijenengi minangka kayu areng. Loro ing antarané sing paling misuwur ya iku kayu eboni ireng (D. ebenum, lan sapérangan spésies liyané) lan kayu eboni mawa garis alias kayu-ireng Sulawesi (D. celebica).

Ètimologi[besut | besut sumber]

Diospyros asalé saka rong tembung basa Gerika: deion sing tegesé déwa lan puros, woh. Tegesé, woh para déwa, ngrujuk marang woh jinis Diospyros tinentu sing duwé rasa istiméwa (pirsani katrangan ing ngisor).

Pemerian[besut | besut sumber]

Wit, perdu utawa semak, lumrahé dioesis (dioecious, omah loro) lan sok-sok monoesis, kanthi pacabangan monopodial, sarta lumrahé tanpa banir (oyot papan). Kulit batang ireng utawa semu ireng ing njaba, atos lan rada rapuh, kanthi lumah retak-retak, mawa alur utawa malah mecah, arang lunyu/alus; ing pérangan njero wernané pucet. Pepagan lan kayu gubal asring malih kuning yèn kena udara, saéngga bisa mbantu idhèntifikasi. Kayu teras warnané ireng, utawa ireng mawa belang jambon utawa coklat pucet, utawa coklat peteng semu ireng.

Tanpa godhong panumpu (stipule). Godhong tunggal, mawa pinggiran rata, mapan selang-seling (alternate) sajeroning rong dhérétan, balungan nyirip, asring mawa bintik-bintik kelenjar sing kasebar arang ing lembaran godhongé. Balung godhong utama asring mlekuk dadi alur ing tengah godhong.

Tuwuhing kembang sajeroning malai ing kèlèk, sok-sok kauliflori utawa ramiflori, sing wadon kerep karéduksi dadi kembang tunggal. Kembang mawa kelamin siji, sok-sok ana uga sing mawa kelamin gandha, mawa wilangan 3-5 (arang 8). Kelopak kembang netep (ora rontok), saya gedhé lan asring saya atos mengkoné, nutupi pangkal woh. Makutha kembang manunggal ing pangkal, mbentuk tabung cendhak. Woh asring ndaging, sing sok-sok ngandhut racun, nyungkup 1-16 butir wiji sing kurang luwih sarupa baji lan kasusun konsentris.

Spesies[besut | besut sumber]

Sapérangan jinisé, minangka conto:

Bisbul saka Bogor
Kesemek saka Jepang
  • D. australis, saka pasisir wétan Australia.
  • D. bantamensis, nyebar ing Sumatra, Jawa lan Borneo.
  • D. blancoi, asring karan kanthi jeneng sing ora sah: D. discolor, bisbul utawa mabolo. Asal saka Filipina.
  • D. borneensis. Tiongkok, Thailand, Ujung Malaya, Sumatra lan Borneo.
  • D. buxifolia; ki merak, rangkemi utawa meribu. Saka India, Indochina, Thailand, Kapuloan Nusantara nganti tekan Papua.
  • D. canaliculata (sinonim: D. cauliflora, D. xanthochlamys). India, Burma, Indochina, Thailand lan Kapuloan Nusantara. Woh kanggo ubar (pawarna) jala lan klambi.
  • D. celebica, kayu-ireng Sulawesi. Endemik Sulawesi, lan kaancam cures.
  • D. confertiflora, nyangit toan. Thailand, Ujung Malaya, Sumatra, Bangka lan Borneo. Ing alas gambut, alas kerangas lan alas pagunungan ngisor tekan kadhuwuran 1250 m dpl.
  • D. digyna (sinonim: D. nigra, D. ebenaster). Sawo ireng, Black Persimmon, Black Sapote, zapote négro. Asal diprakirakaké saka Meksiko lan Guatemala, lan ing abad pertengahan digawa penjajah Spanyol nuju Filipina, sing banjur nyebar dhateng Sulawesi lan Maluku. Wohé duwé kulit ijo, sing dadi ireng yèn wis mateng. Daging wohé semu coklat lan manis, dipangan seger utawa didadèkaké ombénan lan kué-kué.
  • D. durionoides, kayu-areng durèn. Endemik Borneo.
  • D. ebenum (sinonim: D. hebecarpa). Eboni ‘asli’, eboni India, kayu Asia tropis sing akèh dipigunakaké kanggo mebel.
  • D. fasciculosa, Australia.
  • D. insularis, kayu-ireng Papua.
  • D. kaki, kesemek. Spesies iki paling akèh dibudidayakaké lan misuwur mawa wohé.
  • D. kurzii, Marblewood, Andaman Marble. Nyebar wiwit saka Burma, Thailand, Andaman lan Nikobar, Ujung Malaya, Borneo, Filipina, lan Maluku. Kayuné sing semu putih dipigunakaké sajeroning konstruksi ènthèng lan perkakas omah.
  • D. lanceifolia, kayu-ireng. Asia Kidul-Wétan, ing alas dhataran asor lan pabukitan. Woh kanggo racun iwak.
  • D. lotus, Date-plum. Asalé saka Asia kidul-kulon lan Éropah kidul-wétan. Duwé rasa campuran antarané woh plum lan kurma, woh iki sing ditepungi déning bangsa Yunani purba minangka ‘woh para déwa’.
  • D. mabacea. Eboni awoh abang, saka pérangan lor New South Wales-kaancam cures.
  • D. macrocalyx (sin. D. loureiroana, Royena macrocalyx).
  • D. macrophylla Bl.. Ajan kelicung, areng-areng, utawa siamang, kayu ireng Nusa Tenggara, wohé bisa dipangan.
  • D. major, pasisir wétan Australia.
  • D. maritima, balung pitik. Perdu ing alas pasisir ing Jawa.
  • D. melanoxylon, Eboni Koromandel, eboni India wétan, tendu. Godhong tetuwuhan iki dipigunakaké ing India kanggo bahan rokok.
  • D. mespiliformis. Jackalberry, Jakkalbessie, African Ebony.
  • D. molissima. Endemik ing Indonésia lan kaancam cures.
  • D. pilosanthera, kayu-ireng. Wiwit saka India nganti Asia Kidul-Wétan tekan Maluku. Varietas elmeri endemik ing Borneo.
  • D. pentamera Myrtle Ebony utawa Grey Persimmon-pasisir wétan Australia.
  • D. sandwicensis. Lama, endemik ing Hawaii.
  • D. siamang (sin. D. elliptifolia), kayu-ireng. Saka alas-alas gambut ing dhataran asor Ujung Malaya, Sumatra, Riau lan Borneo.
  • D. sumatrana, kayu-ireng. India, Burma, Thailand, Ujung Malaya, Sumatra lan Borneo.
  • D. texana. Texas Persimmon, kesemek Texas. Arupa semak utawa wit cilik sing asalé saka Texas lan Oklahoma. Tuwuh ing pagunungan sing garing. Wohé dadi panganan manuk lan dipigunakaké uga minangka pawerna déning bangsa Indian.
  • D. trichophylla (sin. D. pruriens).
  • D. villosa (sin. Royena villosa).
  • D. virginiana. American Persimmon, kesemek Amérika. Asalé saka Amérika lor.

Sapérangan jinis Diospyros saka Asia Kidul-Wétan wis dilebokaké sajeroning dhaftar abang IUCN (IUCN Red List of Endangered Flora and Fauna) amarga kaancam cures.

Bahan wacan[besut | besut sumber]

  • Argent, G. et al.. t.t. Manual of the Larger and More Important Non-Dipterocarp Trees of Central Kalimantan, Indonesia. Vol. 1. Forest Research Institute, Samarinda.
  • Gardner, S., P. Sidisunthorn, and V. Anusarnsunthorn. 2000. A Field Guide to Forest Trees of Northern Thailand. Kobfai Publishing Project. Bangkok. ISBN 974-7799-01-4.
  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.