Areng

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Areng kang nembe diobong
Areng garing.

Areng iku residu ireng isi karbon ora murni sing diasilaké kanthi ngilangaké kandhutan banyu lan komponèn volatil saka kéwan utawa tetanduran. Areng umumé digawé kanthi manasaké kayu, bathok klapa, gula, balung, lan benda liya. Areng saka kayu bisané kagawé saka kayu jati, kayu mlandhing lan kayu liyané. Areng sing ireng, ènthèng, gampang remuk, lan mèmper batu bara iki kasusun saka 85% nganti 98% karbon, sisané yaiku awu utawa benda kimia liyané.

Kagunan[sunting | sunting sumber]

Bahan bakar[sunting | sunting sumber]

Watu areng sing dipigunakaké minangka bahan bakar.

Kagunan utamané areng yaiku kanggo masak. Areng biyasané migunani kanggo nggawé masakan sing dipanggang kayata saté, utawa masak ing sadhuwuré keren.

Areng kuwi uga piranti kanggo masak saliyané lenga gas, gas elpiji, kayu obong. Areng kuwi biasané kanggo masak ing désa-désa sing arang ana lenga gas lan gas elpiji. Ing sapérangan negara Afrika, areng dipigunakaké déning sebagéyan gedhé masarakat minangka alat masak saben dina. Masak panganan nganggo areng ing njero ruangan duwé risiko mbebayani marang kaséhatan, amarga karbon monoksida sing diasilaké.[1]

Sadurungé Révolusi Indhustri, areng dipigunakaké minangka bahan bakar indhustri metalurgi.

Areng uga bisa dipigunakaké minangka bahan bakar kendharaan motor. Areng utawa kayu diobong ing njero generator gas kayu kanggo ngobahaké montor lan bis. Ing Prancis nalika Perang Donya II, prodhuksi kayu lan areng kanggo kendharaan motor ningkat saka 50.000 ton sadurungé perang dadi 500.000 ton nalika taun 1943.[2]

Seni rupa[sunting | sunting sumber]

Watang areng sing minangka medhia seni rupa.

Areng dipigunakaké jroning seni rupa kaya potlot utawa krayon. Médhia iki akèh dipigunakaké kanggo gawé skètsa jroning ukuran gedhé uawa médhia sing mbutuhaké garis skètsa sing kuwat, kayadéné kanvas. Minangka médhia seni rupa, charcoal didol ing wangun batangan.

Areng duwé sifat lembut, ènthèng, ireng, lan uga gampang tugel. Médhia iki banget disenengi déning pelukis jroning gawé sketsa amarga sketsa sing diasilaké cetha banget, malah uga jroning prosès pangecètan.

Carané gawé areng saka kayu[sunting | sunting sumber]

  • Lemah digowaki nganti cukup kanggo ndèlèh kayu-kayu sing bakalan arep diobong.
  • Sawisé wis digowaki, kayu-kayu kuwi dilebokaké ing gowakan lemah banjur diobong.
  • Sawisé, diobong nganti geniné mburap-mburap lan kira-kira kayu kuwi wis kobong kabèh banjur disirami banyu kanggo matèni geniné sing mburap-mburap kuwi.
  • Sawisé kapisah awuné, sing tilas kobong kuwi kari kayu sing wis mulai gosong nanging durung dadi awu, isih awujud pecahan gosong-gosong.
  • Kayu tilas obongan lan gosong kuwi sing diarani areng.

Réferènsi[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Areng&oldid=878339"