Sawo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sawo
Sawo
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Ericales
Famili: Sapotaceae
Génus: Manilkara
Spésies: M. zapota
Jeneng binomial
Manilkara zapota
(L.) P. Royen
Sinonim

Achras zapota L., 1753 (jeneng invalid)

Sawo (Manilkara zapota) iku woh-wohan ijo langgeng sing umuré dawa. Sawo uga bisa diarani neesbery|neesbery utawa sapodilas|sapodilas[1]. Wit sawo akèh ditandur ing Nagara India, Sri Lanka, Filipina, Meksiko, Venezuela, Guatemala, lan Amérika Tengah. Ing Indonésia, lumrahé sawo didadékaké tuwuhan pekarangan kang bisa didhahar wohé, mligi ing laladan Sumatra Kulon,Jakarta,Jawa Kulon, Jawa Tengah,Jawa Wétan, lan Nusa Tenggara Kulon[2]. Wiji sawo dhapuré ireng utawa soklat semu ireng, gepeng tur gedhé. Jaman biyèn wiji sawo bisa kanggo dolanan dakon.[2] Wiji sawo ngandhut saponin, kuersetin, lenga 23 persèn.[2] 100 gram sawo ngandhut ènergi 120 kkal, magnesium 12 mg, selenium 0,6 mg, protéin 0,5 gram, kalsium 25 mg, fosfor 12 mg, besi 1 mg, retinol 18 mg lan asem askrobat 21 mg.[2][3]

Jenengé ing manéka basa antaran liya sauh utawa sauh manila, utawa ciku (Mly.), chico (Filipina), chikoo utawa sapota (India), sofeda (Bangladesh), xa pô chê utawa hồng xiêm (Vietnam), rata-mi (Sri Lanka), lamoot (ละมุด) ing Thailand, Laos lan Kamboja, níspero (Venezuela), sugardilly (Kep. Bahama), naseberry (Hindia Kulon), sapote (Nicaragua), sapoti (Brazil), sapotillier (basa Prancis) lan sapodilla (basa Inggris).

Mupangat[besut | besut sumber]

Wit sawo duwé manpangat yaiku kanggo bahan pangan olahan kaya ta ès krim, selai, sirup utawa difermentasi dadi anggur lan cuka.[1] Saliyané iku wit sawo uga bisa kanggo:

  • Tuwuhan penghijauan ing lahan kang kritis lan garing
  • Tuwuhan hias ing pot lan kanggo apotik hidup
  • Tuwuhan penghasil woh kang akèh giziné.
  • Tuwuhan kang bisa ngasilaké getah kanggo bahan baku indhustri permen karèt
  • Tuwuhan kang bisa ngasilaké kayu kang apik kanggo perabotan omah

Sawo duwé kasiyat akèh kaya ta getih lan godhongé bisa kanggo obat diaré, lara panas, obat borok, ramuan rempah kanggo wong wadon sing lagi nglairké.[3][4]

Pirsanana uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Sawo Archived 2011-10-27 at the Wayback Machine.(diunduh tanggal 30 Maret 2011)
  2. a b c d Soerianagara, I. lan RHMJ. Lemmens (eds.). 2002. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 5(1): Pohon penghasil kayu perdagangan yang utama. PROSEA – Balai Pustaka. Jakarta. ISBN 979-666-308-2.
  3. a b Khasiat Menyehatkan di balik Manis Masirnya Sawo Archived 2011-02-28 at the Wayback Machine. (diunduh tanggal 30 Maret 2011)
  4. Khasiat Buah Sawo[pranala mati permanèn] (diunduh tanggal 30 maret 2011)
Deleng Uga Woh-wohan