Menyang kontèn

Legèn

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Legen)
Gambar wong nderes legen saka wit krambil
Wit palem kang dideres
Penderes legen, saka India sisih wétan

Legèn utawa legian (Jawa: ꧋ꦊꦒꦺꦤ꧀) iku jinising ombénan kang asalé saka wit siwalan, krambil utawa aren, ya iku kanthi ndèrès kembange. Legen wis ana wiwit ing abad 19 amarga kacuplik ana ing Serat Centhini kang diyasa ing abad 19.[1]

Warnané putih nanging ora buket kaya susu, rasané legi. Ing tlatah Rembang sing pérangan padhusunan sisih kidul, pendhudhuké akèh banget kang mbudidayakaké legèn. Semana uga Tuban. Carané njupuk legèné ya iku bumbung saka pring digantung ing wit siwalan, ing ngisoré woh siwalan bener. Banyuné kang aran legèn mau diombé, siwalané uga kéna dipangan. Legèn sing isih asli, durung digodhog, rasané kaya ana sodhané. Ing ilat krasa trecep-trecep. Nanging sing wis godhogan, rasa sodhané iku ilang. Legèn paling seger nalika diombé dicampuri ès batu. Lumrahé, legèn lan siwalan laris dituku konsumèn nalika wayah pasa. [2]

Ing basa Inggris, legen karan Sweet Toddy utawa Palm Nectar. Legen umum diombe ing India, Srilanka, Afrika, Malaysia, Thailand, Myanmar.

Legen utawa siwalan umume ditemokake ing pasisir lor Jawa Timur kang duweni iklim garing, lan dumugi sisi kulon ing daerah Semarang. Ing tlatah Tuban, legen diakoni dadi salah sijine panganan khas kutha Tuban, nanging prelu dieling yen legen siwalan uga tuwuh ana ing daerah-daerah liyane kaya ta Semarang[3], Pathi,[4] Rembang,[5] Lamongan[6], Gresik[7], Pasuruan[8], lan daerah liyane.

Komposisi

[besut | besut sumber]

Legen ngandhut karbohidrat, sukrosa, lan pH kang sakiwatengen nétral.

Substance Concentration (g/100 mL)
Sucrose 12.3-17.4
Total ash 0.11-0.41
Protein 0.23-0.32
Ascorbic acid 0.016-0.030
Total solids 15.2-19.7

Produk olahan

[besut | besut sumber]
  • Legen ora ngandhut alkohol, sanajan yèn difermentasi bisa dadi ombèn-ombèn kang karan tuak.
  • Legen kang digodhog terus-terusan nganti susut banyune dadi malih kenthel lan tansaya legi, kang sabanjuré dititis (dicithak) dadi gula jawa

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. SERAT CENTHINI 12 JILID LENGKAP (pdf) .
  2. Sukmono, Nugroho Pandhu. "Berburu Es Badeg, Kuliner Ramadhan Minuman Legendaris Banyumas yang Kian Jarang di Purwokerto - Suara Merdeka". Berburu Es Badeg, Kuliner Ramadhan Minuman Legendaris Banyumas yang Kian Jarang di Purwokerto - Suara Merdeka (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-20.
  3. Wibisono, Lanang (2021-05-29). "Es Legen yang Masih Bertahan Ketika Perkebunan Siwalan Genuk Mulai Berubah Jadi Permukiman". Halo Semarang (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-20.
  4. "Satu-satunya Desa Di Wilayah Kabupaten Pati Penghasil Buah Siwalan dan Kue Dumbek | SiberZone Indonesia". siberzone.id (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-01-20.
  5. Red. "Legen Menjadi Suguhan untuk Tim Wasev Pusterad - Suara Merdeka". Legen Menjadi Suguhan untuk Tim Wasev Pusterad - Suara Merdeka (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-20.
  6. Lamongan, Dinas Kebudayaan, Pemuda dan Olahraga dan Pariwisata Kabupaten. "3 Minuman Khas Lamongan, Dijamin Ketagihan | Dinas Kebudayaan, Pemuda dan Olahraga dan Pariwisata Kabupaten Lamongan". disbudporapar.lamongankab.go.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-20.
  7. Gresik, Disparekrafbudpora. "Minuman Legen - Disparekrafbudpora". Disparekrafbudpora Gresik (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-20.
  8. BANGSAONLINE.com. "Ternyata Pasuruan Punya Buah Siwalan dan Legen, Rasanya Bisa Diadu, Siap Dibudidayakan | BANGSAONLINE.com - Berita Terkini - Cepat, Lugas dan Akurat". BANGSAONLINE.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-20.