Lintang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Kaelih saka Bintang)
Jump to navigation Jump to search
Srengéngé, lintang paling cedhak

Lintang iku benda langit kang bisa mancaraké cahya dhéwé. Miturut ngèlmu astronomi, dhéfinisi lintang ya iku: Kabèh benda masif (duwé massa antarané 0,080,08 nganti 200200 massa srengéngé) kang bisa mbangkitaké ènergi liwat prosès réaksi fusi nuklir. Dadi lintang katai putih lan lintang netron kang wis mati tetep bisa diarani lintang. Lintang paling cedhak karo Bumi ya iku srengéngé kang leté ± 149,680,000 kilomèter, banjur lintang Proxima Centauri ing rasi lintang Centaurus, leté ± 4 taun cahya.

Evolusi[besut | besut sumber]

Struktur, évolusi, lan nasib akir sawijining lintang banget diprabawai déning massané. Saliyané iku, komposisi kimia uga mèlu njupuk peran sajeroning skala kang luwih cilik.

Kawanguné lintang[besut | besut sumber]

Lintang kawangun sajeroning awan molekul; ya iku laladan médhium antarlintang kang wiyar kanthi karapetan kang dhuwur (sanajan isih kurang rapet yèn dibandhingaké karo sawijining vacuum chamber kang ana ing Bumi). Awan iki akèh-akèhé kapérang saka hidrogen kanthi watara 23–28% helium lan sapérangan persèn èlemèn abot. Komposisi elemen sajeroning awan iki ora owah akèh wiwit prastawa nukleosintesis Big Bang nalika awal alam semesta.

Gravitasi njupuk peran wigati banget sajeroning prosès pawangunan lintang. Pawangunan lintang diwiwiti kanthi ora stabilé gravitasi ing njero awan molekul kang bisa duwé massa èwonan tikelé saka srengéngé. Kaorastabilan iki asring dipicu déning gelombang kejut saka supernova utawa tumbukan antarané rong galaksi. Sepisan waé sawijining wewengkon nggayuh kerapetan matéri kang nyukupi sarat dumadiné instabilitas Jeans, awan mau wiwit runtuh ing sangisoré gaya gravitasiné dhéwé.

Adhedasar sarat instabilitas Jeansinstabilitas jeans, lintang ora kawangun dhéwé-dhéwé, nanging sajeroning golongan kang asalé saka sawijining karuntuhan ing sawijining awan molekul kang gedhé, banjur kapecah dadi konglomerasi individual. Babagan iki didhukung déning pangamatan ing ngendi akèh lintang kang umuré padha kagabung sajeroning gugus utawa asosiasi lintang.

Nalika awan runtuh, bakal dumadi konglomerasi individual saka lebu lan gas kang padhet kang diarani globula Bok. Globula Bok iki bisa duwé massa nganti kaping 50 massa srengéngé. Runtuhé globula njalari karapetan tambah. Ing prosès iki ènergi gravitasi diowahi dadi ènergi panas saéngga suhu mundhak. Nalika awan protolintang iki nggayuh kasetimbangan hidrostatik, sawijining protolintang bakal kawangun ing intiné. Lintang pra dhèrèt utama iki asring dikupengi déning piringan protoplanet. Pangerutan utawa karuntuhan awan molekul iki mangan wektu nganti puluhan yuta taun. Nalika paningkatan suhu ing inti protolintang nggayuh kisaran 10 yuta kelvin, hidrogen ing inti 'kobong' dadi helium sajeroning sawijining réaksi termonuklir. Réaksi nuklir ing njero inti lintang nyedhiakaké cukup ènergi kanggo njaga tekanan ing pusat saéngga prosès pangerutan mandheg. Protolintang saiki miwiti kauripan anyar minangka lintang dhèrèt utama.

Dhèrèt utama[besut | besut sumber]

Lintang ngentèkaké watara 90% umuré kanggo ngobong hidrogen sajeroning réaksi fusi kang ngasilaké helium kanthi suhu lan tekanan kang dhuwur banget ing intiné. Ing fase iki lintang ditélakaké ada sajeroning dhèrèt utama lan diarani lintang katai.

Akir sawijining lintang[besut | besut sumber]

Nalika kandhutan hidrogen ing téras lintang entèk, téras lintang saya cilik lan mbébasaké akèh panas lan manasaké lapisan njaba lintang. Lapisan njaba lintang kang isih akèh hidrogen ngembang lan salin warna abang kang diarani lintang raseksa abang kang ukurané bisa nganti kaping 100 saka ukuran srengéngé sadurungé mbentuk lintang kerdil putih. Manawa lintang mau ukurané luwih gedhé tinimbang srengéngé, lintang mau bakal mbentuk superraseksa abang. Superraseksa abang iki banjur mbentuk nova utawa supernova lan banjur mbentuk lintang neutron utawa bolongan ireng.