Gravitasi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Solar Gravitasi nyebapaken benda-benda langit woten ing posisi orbitipun piyambak-piyambak salebetipun ngubengi srengéngé. Gravitasi gaya tarik-menarik ingkang kedadhosan antawesipun sadaya partikel ingkang nggadhai massa ing alam semesta. Fisika modhèren ngandharaken gravitasi migunaaken Téyori Relativitas Umum saking Einstein, nanging hukum gravitasi universal Newton ingkang langkung prasaja minangka hukum ingkang cekap akuratsalebeting kathahipun kasus.

Minangka tuladha, bumi ingkang nggadhi massa ageng sanget ngasilaken gaya gravitasi ingkang ageng ugi kanggé narik benda-benda ing sisihipun, kalebet makluk hidup, lan ‘’benda-benda ingkang woten bumi. Gaya gravitasi punika ugi saged narik benda-benda ingkang woten sak njawinipun bumi,kadhosta bulan, meteor, lan benda angkasalintunipun, kalebet satelit pendamelan manungsa.

Hukum Gravitasi Universal Newton[besut | besut sumber]

Hukum gravitasi universal Newton dipunrumusaken kadhos punika:

Saben ‘’massa’’ narik ‘’massa’’ titik lintunipun kanthi gaya segaris ingkang ngubungaken titik kekalihipun. Agengipun ‘’gaya’’ kasebat ‘’berbanding lurus’’ dhening ‘’perkalian’’ massa kekalihipu lan berbanding kosok balen dhening kuadrat jarak kekalih massa titik wau.
F inggih punika agengipun gaya garafitasi antiwesipun kalih titik massa wau.
G inggih punika konstanta gravitasi
m1 inggihpunika agengipun massa titik ingkang sapisan.
m2 inggihpunika agengipun massa titik ingkang kaping kalih.
r inggih punika jarak antawisipun kekalih massa titik, lan
g inggih punika ‘’percepatan gravitasi’’ =

Salebeting Sistem Internasional, F dipunukur ing newton (N), m1 lan m2 ing kilograms (kg), r ing mèter (m), lan konstanta Gkinten-kiten sami kaliyan 6,67 × 10−11 N m2 kg−2.

Saking ‘’persamaan’’ punika saged dipunturunaken persamaan kanggé ngètang bobot (berat). Bobot setunggaling benda inggih punika asil saking perkalian massa benda kasebat kaliyan percepatan gravitasi bumi. Persamaan kasebat saged dipunserat kadhospunika : . W inggihpunika bobot bendakasebut, m inggihpunika massa lan g inggih punika percepatan gravitasi.

Pranala njawi[besut | besut sumber]