Fusi nuklir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Reaksi fusi deuterium-tritium (D-T) dipertimbangkan sebagai prosès yang paling menjanjikan dalam memproduksi tenaga fusi.

Fusi nuklir (reaksi termonuklir) ning ngèlmu fisika iku prosès nalika ana inti atom (punjul siji) kang nggabung , mbentuk inti atom kang luwih gedhé lan nguculaké ènergi. Fusi nuklir iku bisa dadi sumber ènergi kang nyebabkaké lintang murub, lan Bom Hidrogen mledak. senjata kang dikasilaké saka prinsip reaksi fisi nuklir dan fusi nuklir iku senjata nuklir

Prosès iki mbutuhaké ènergi kang gedhé kanggo nggabungaké inti nuklir, uga mbutuhaké elemen kang paling entheng, hidrogen. Nanging fusi inti atom kang entheng iki bakal mbentuk inti atom kang luwih gedhé lan neutron bébas, ngasilaké ènergi kang luwih gedhé manèhm kaya ta ènergi kang gunané ngabungaké kabehé.

Energi kang diuculaké nalika reaksi nuklir luwih gedhé tinimbang reaksi kimia, amarga ènergi pengikat kang ngelem loroané inti atom luwih gedhé saka ènergi kang nahan elektron maring inti atom. Tuladhané, ènergi ionisasi kang tinemu saka penambahan elektron maring hidrogen iku 13.6 elektronvolt—luwih cilik 1 per sayuta saka 17 MeV kang diuculaké nalika reaksi D-T, kaya gambar ning pinggir

Reaksi-reaksi fusi kang kondhang[besut | besut sumber]

Rantai-rantai reaksi ning ngèlmu astrofisika[besut | besut sumber]

Prosès fusi paling wigati ning dunya ya iku kang kedaden ning Lintang. Meski ora ana reaksi kimiané, nanging sok ana fusi termonuklir ning sajeroné lintang dijenengi prosès "pembakaran". Nalika mbakar hidrogen, bahan bakar netto-né iku papat proton, ngasilaké netto sapartikel alpha, ngetokaké positron sapasang lan neutrino (kang ngubah rong proton dadi rong netron), lan ènergi. Ana rong jinis pembakaran hidrogen, ya iku rantai proton-proton lan siklus CNO kang kedadiané ana gayutané karo massa bintang. Kanggo lintang-lintang saMatahari utawa luwih cilik, reaksi rantai proton-proton ndominasi, nanging kanggo lintang kang aboté luwih gedhé siklus CNO kang ndominasi. Reaksi pembakaran liya iku tuladhané kaya ta pembakaran helium lan karbon, iku mau bergantung manèh karo tahap evolusi lintang.

Reaksi-reaksi kang bisa kedaden ning Bumi[besut | besut sumber]

Tuladhané reaksi fusi nuklir kang bisa kelakon ning Bumi ya iku:

(1) D + T   4He (3.5 MeV) +   n (14.1 MeV)  
(2i) D + D   T (1.01 MeV) +   p (3.02 MeV)         50%
(2ii)         3He (0.82 MeV) +   n (2.45 MeV)         50%
(3) D + 3He   4He (3.6 MeV) +   p (14.7 MeV)
(4) T + T   4He   + n + 11.3 MeV
(5) 3He + 3He   4He   + p + 12.9 MeV
(6i) 3He + T   4He   +   p   + n + 12.1 MeV   51%
(6ii)         4He (4.8 MeV) +   D (9.5 MeV)         43%
(6iii)         4He (0.5 MeV) +   n (1.9 MeV) + p (11.9 MeV)   6%
(7) D + 6Li 4He + 22.4 MeV
(8) p + 6Li   4He (1.7 MeV) +   3He (2.3 MeV)
(9) 3He + 6Li 4He   +   p + 16.9 MeV
(10) p + 11B 4He + 8.7 MeV
(11) p + 7Li 4He + 17.3 MeV

p (protium), D (deuterium), dan T (tritium) aran kanggo isotop-isotop hidrogen.

Tambahan/ katrangan reaksi fusi utama (kang dipangini), ana reaksi fusi kang pada lan dimelukaké/ disebabkaké neutron lan deuterium sing wigati. Reaksi iki ngasilaké tritium lan luwih akèh neutron, ning bomb nuklir lan reaktor nuklir:

(12) n + 6Li   4He +   T + 4.7 MeV
(13) n + 7Li   4He +   T + n - 2.47 MeV
(14) n + 9Be   8Be +   2n - 1.67 MeV
(15) D + 9Be   8Be +   T + 4.53 MeV

(ènergi sing diserep cilik banget, neutron-neutron tetep obah ning level ènergi kang dhuwur)

Reaksi-reaksi fusi liyané[besut | besut sumber]

Ana akèh reaksi fusi. Lumrahé, reaksi fusi watara loro inti atom kang luwih entheng tinimbang wesi lan nikel, ngetokaké ènergi. Nanging, reaksi fusi watara rong inti atom kang luwih abot saka besi lan nikel, nyerep ènergi.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]