Bolongan ireng

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Relativitas umum
Accretion disk.jpg
Topik-topik kakait

sunting

Lukisan rekaan bolongan ireng ing sangarepé galaksi Bima Sakti sing massané 10x massa srengéngéné awake dhéwé, dideleng saka let 600 km.

Bolongan ireng iku sawijining pamusatan massa sing cukup gedhé saéngga ngasilaké gaya gravitasi sing gedhé banget. Gaya gravitasi sing gedhé banget iki nyegah apa waé lolos saka pamusatan mau kejaba liwat prilaku trowongan kuantum. Medan gravitasi kuwat banget saéngga kacepetan ucul ing saceraké nyeraki kacepetan cahya. Ora ana siji waé, kaleburadiasi elektromagnetik sing bisa lolos saka gravitasiné, semono uga cahya mung bisa mlebu nanging ora bisa metu utawa ngliwati gravitasi mau, saka kéné diantuki tembung "ireng". Istilah "bolongan ireng" wis kasebar wiyar, senadyan kuwi mau ora nunjuk marang sawijining bolongan ing teges biasa, nanging arupa sawijining wilayah ing angkasa ing ngendi kabèh ora bisa bali. Sacara téoritis, bolongan ireng bisa nduwéni ukuran apa waé, saka mikroskopik tekan ing ukuran alam raya sing bisa diamati.

Téori[sunting | sunting sumber]

Téori anané bolongan ireng sepisanan diajokaké ing abad kaping 18 déning John Michell lan Pierre-Simon Laplace, sabanjuré dikembangaké déning astronom Jèrman sing jenengé Karl Schwarzschild, ing taun 1916, kanthi dhasar téori relativitas umum saka Albert Einstein, lan saya dipopulèraké déning Stephen William Hawking. Saiki akèh astronom sing percaya yèn mèh kabèh galaksi ing alam semesta iki nglilingi bolongan ireng ing pusat galaksi.

John Archibald Wheeler ing taun 1967 awèh jeneng "Bolongan Ireng" saéngga dadi populèr ing donya malah uga dadi topik favorit para panulis fiksi èlmiah. Awaké dhéwé ora bisa mirsani bolongan ireng nanging bisa ndhetèksi materi sing katarik utawa kasedhot mrana. Kanthi cara iki, para astronom nyinaoni lan ngidhentifikasi akèh bolongan ireng ing angkasa liwat observasi sing ngati-ati banget saéngga diprakirakaké ing angkasa dihiyasi déning mayuta-yuta bolongan ireng.

  • Mula bukané Bolongan Ireng

Bolongan ireng karipta nalika sawijining obyèk ora bisa tahan saka kakuwatan tekanan gaya gravitasiné dhéwé. Akèh obyèk (kalebu srengéngé lan bumi) ora bakal dadi bolongan ireng. Tekanan gravitasi ing srengéngé lan bumi ora nyukupi kanggo ngliwati kakuwatan atom lan nuklir ing njeroné sing sifaté nglawan tekanan gravitasi. Nanging sawaliké kanggo obyèk sing massané gedhé banget, tekanan gravitasi iku sing menang.

  • Tuwuhing Bolongan Ireng

Massa saka bolongan ireng terus tambah kanthi cara nyekel utawa nyedhot kabèh materi ing saceraké. Kabèh materi ora bisa mlayu saka jiratan bolongan ireng yèn liwat cedhak banget saka bolongan ireng iku.Dadi obyèk sing ora bisa njaga let sing aman saka bolongan ireng bakal kasedhot. Béda karo reputasi sing disandhang saiki sing nelakaké yèn bolongan ireng bisa nyedhot apa waé ing sekitaré, bolongan ireng ora bisa nyedhot materi sing leté adoh banget saka bolongan ireng mau. Bolongan ireng mung bisa narik materi sing liwat sacedhaké. Contoné : bayangna srengéngéné awake dhéwé dadi bolongan ireng kanthi massa sing padha. Pepeteng bakal nutupi bumi amarga ora ana pancaran cahya saka bolongan ireng, nanging bumi bakal tetep ngupengi bolongan ireng mau kanthi let lan kacepetan sing padha karo saiki lan ora kasedhot mlebu ing bolongan ireng iku. Bebaya bakal ana yèn buminé awake dhéwé leté 10 mil saka bolongan ireng, lan iki isih adoh saka kasunyatan amarga leté bumi lan srengéngé saiki 93 yuta mil. Bolongan ireng uga bisa tambah massané kanthi cara tubrukan karo bolongan ireng liyané saéngga dadi siji bolongan ireng sing luwih gedhé.

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bolongan_ireng&oldid=815167"