Albert Einstein

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Albert Einstein
Albert Einstein, 1921
Lair(1879-03-14)14 Maret 1879
Ulm, Kingdom of Württemberg, German Empire
PatiApril 18, 1955(1955-04-18) (umur 76)
Princeton, New Jersey, USA
PadununganJerman, Itali, Switzerland, USA
Warga nagaraWürttemberg/Germany (1879–96)
Stateless (1896–1901)
Switzerland (1901–55)
Ostenrik (1911–12)
Jerman (1914–33)
Amérika Sarékat (1940–55)[1]
Alma materETH Zurich
University of Zurich
Kondhang ingGeneral relativity
Special relativity
Photoelectric effect
Brownian motion
Mass-energy equivalence
Einstein field equations
Unified Field Theory
Bose–Einstein statistics
BojoMileva Marić (1903–1919)
Elsa Löwenthal, née Einstein, (1919–1936)
BebungahBebungah Nobel babagan Fisika (1921)
Copley Medal (1925)
Max Planck Medal (1929)
Time Person of the Century
Karièr ngèlmiah
BabaganFisika
InstitutionsSwitserlan Patent Office (Bern)
University of Zurich
Charles University in Prague
ETH Zurich
Prussian Academy of Sciences
Kaiser Wilhelm Institute
University of Leiden
Institute for Advanced Study
Juru pamrayogya dhoktoralAlfred Kleiner
Juru pamrayoga liyanéHeinrich Friedrich Weber
Mahasiswa wigatiErnst G. Straus
Nathan Rosen
Tandha tangan

Albert Einstein (Ulm, Württemberg, Jerman, 14 Maret 187918 April 1955) punika saged dipunanggep ngèlmuwan fisika teoretis ingkang ageng piyambak ing abad ka-20. Piyambakipun ingkang nyiptakaken téyori relativitas kaliyan ugi kathah nyumbang ing babagan pangembangan téyori mekanika kuantum, mekanika statistik, kaliyan kosmologi. Ing warsa 1921 piyambakipun angsal panganugrahan Nobel ing Fisika kanggé wedaranipun prakawis efek fotoelektrik kaliyan "pengabdenipun marang Fisika Teoretis".

Satelasipun téyori relativitas umum dipunrumusaken, Einstein dados misuwur saubenging donya. Prakawis punika boten biyasa kanggé para ngèlmuwan. Ing wayah sepuhipun, anggènipun misuwur nglangkungi sadaya ngèlmuwan ing sajarah fisika. Ing budaya populèr Einstein kaanggep sinonim kaliyan kapinteran utawi malahan kaliyan jenius. Pasuryanipun dados ingkang salah satunggaling ingkang dipuntepangi sadonya. Ing warsa 1999, Einstein "Tiyang Abad Sapunika" déning majalah Time. Kapopulèranipun ugi ndamel nama "Einstein" wiyar dipun-gunakaken ing donya iklan saha barang dagangan sanès. Wusananipun nama "Albert Einstein" dipundaftaraken dados merk dagang.

Kanggé miwiti, satunggiling unit fotokimia dipunwastani einstein, satunggaling unsur kimia dipunwastani einsteinium, saha satunggaling asteroid dipunwastani 2001 Einstein.

Rumus Einstein ingkang misuwur piyambak:

Babad slira[besut | besut sumber]

Einstein miyos ing Ulm, Württemberg, Jerman; kirang langkung 100 km sisih wétan Stuttgart. Bapanipun namanipun Hermann Einstein, satunggiling bakul kranjang wulu ingkang lajeng nyambut damel ing babagan elektrokimia, saha ibu namanipun Pauline. Kakalihipun émah-émah ing Stuttgart-Bad Cannstatt kaliyan taksih turunan Yahudi. Albert sekolah wonten sekolah Katholik kaliyan déning kapénginan ibunipun lajeng sinau main biolah.

Nalika yuswanipun gangsal, bapanipun nedahi kompas kanthong, kaliyan Einstein lajeng rumaos manawi wonten prakwis ing kamar "suwung" punika ingkang saged ngobahaken dom kompas punika. Piyambakipun lajeng medaraken manawi pangalaman punika dados salah satunggaling wanci sagesangipun ingkang berkesan piyambak.

Einstein émah-émah kaliyan Mileva Marić, tiyang èstri saking Serbia.

Amarga wonten Jerman tiyang Yahudi dipunkuya-kuya ing dasawarsa 1930-an, Einstein sakulawarga dhateng Amérika Sarékat. Wonten ngriku piyambakipun manggèn ngantos sédanipun ing 1955. Sabibaripun Perang Donya II, Einstein dados aktif ing babagan Bedhamèn Dunia, amargi rumaos manawi gagasan-gagasanipun dipunsalah-gunakaken kanggé ndamel gaman nuklir ing Perang Donya II punika.

Deleng uga liyané[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Hans-Josef, Küpper (2000). "Various things about Albert Einstein". einstein-website.de. Diarsip saka sing asli ing 2011-07-22. Dibukak ing 2009-07-18.
Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.