Tebu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tebu
Rumpun Tebu
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Poales
Famili: Poaceae
Génus: Saccharum
L.
Species

Saccharum arundinaceum
Saccharum bengalense
Saccharum edule
Saccharum officinarum
Saccharum procerum
Saccharum ravennae
Saccharum robustum
Saccharum sinense
Saccharum spontaneum

Tebu (basa Inggris: sugar cane) iku sawijining jinis suket. Tebu uga duwé jeneng liya ya iku, Rosan (Jawa); Tiwu (basa Sundha), Tebhu (basa Madura), Tebu, Isepan (basa Bali); Teubee (basa Acèh), Tewu (basa Nias, Flores), Atihu (Ambon); Tebu (Lampung), Tepu (Timor); ya iku tuwuhan kang paédah mligi kanggo bahan baku gula. Tuwuhan iki mung bisa thukul ing laladan iklim tropis, mligi ing laladan tebu (Sacharum Officinarum Linn), kang dhuwuré watara 1 nganti 1300 mèter sak nduwuré lumahing sagara. Tuwuhan iki kalebu jinis rumput-rumputan. Ing tanah Jawa sumebar sawatara jinis tebu antarané jinis tebu ireng Cirebon, tebu kasur, POJ 100, POJ 2364, EK 28, POJ 2878. Saben jinis tebu duwé ukuran dhuwur, dawané ros lan warna kang béda-béda, nanging rata-rata dhuwuré wit tebu udakara 2 mèter nganti 4 mèter. Umur tuwuhan wiwit ditandur nganti tekan bisa dipanèn kurang luwih 1 taun. Ing Indonésia tebu akêh dibudidayakaké ing Pulo Jawa lan Sumatra. [1] Archived 2007-06-06 at the Wayback Machine. Kanggo nggawé gula, wit tebu kang wis dipanèn diperes nganggo mesin pameres (mesin près) ing pabrik gula. Sawisé iku, nira utawa banyu perasan tebu mau disaring, dimasak, lan diputihaké saéngga dadi gula pasir kaya kang kita kenal sadina-dina. Saka prosès nggawé gula tebu iku mau bakal ngasilaké gula 5%, ampas tebu 90% lan sisané wujud tètès (molasse) lan banyu. Tètès kang dikasilaké saka prosès penggilingan tebu mau diperlokaké minangka bahan kanggo nggawé cèt. Saliyané bisa digawé gula pasir, nira tebu bisa uga digawé gula batu, gula abang utawa gula jawa. Godhong tebu kang garing (dhadhuk) minangka biomassa kang duwé kalori cukup dhuwur. Ibu-ibu ing padésaan sok migunakaké dhadhuk iku minangka bahan bakar kanggo masak; saliyané ngémat lenga kang regané larang, bahan bakar iki uga rikat panas. Ing sajeroning konversi ènergi pabrik gula, godhong tebu lan uga ampas wit tebu bisa dipigunaaké kanggo bahan bakar boiler, kang uwab é dipigunaaké kanggo prosès produksi lan pembangkit listrik. Semono uga tuwuhan tebu uga duwé manfaat kanggo usada ya iku

  • Ngurangi jantung dheg-dhegan, Bahan: 3 gegem oyot tebu ireng; Cara nggawéné: dikumbah lan digodhok nganggo 2 gelas banyu nganti umob kari sak gelas; Cara nggunakaké: diombé sadina ping pindho.
  • Lara Panas, Bahan: tebu ireng sakcukupé; Cara nggawéné: diperes lan dijupuk banyuné Cara nggunakaké: diombé.
  • Lara Watuk, Bahan: 3-5 ros tebu ireng; Cara nggawéné: disesep lan diombé banyuné, Cara nggunakaké: dibakar, terus dioncèki lan diperes dijupuk banyuné. [2] Archived 2007-06-06 at the Wayback Machine.

Nandur Tebu[besut | besut sumber]

Investasi Agribisnis Tebu[besut | besut sumber]

Investasi ing indhustri gula asal saka tebu cukup prospèktif. Kabutuhan dhomèstik isih ana udakara 1.4 yuta ton per taun. Pamaréntah kanthi rupa-rupa kawicaksanan promotif lan protèktif wis nyiptakaké iklim invèstasi kang kondusif kanggo pangembangan indhustri gula tebu. Pasar internasional kang sajeroning telung taun pungkasan ngalami defisit uga nandhakaké yèn invèstasi ing babagan iki cukup prospektif. Sawetara produk derivat saka tebu (PDT) kaya ta ethanol, ragi roti, inactive yeast, wafer pucuk tebu, papan partikel, papan serat, pulp, kertas, Ca-sitrat lan listrik duwé peluang pasar kang cukup ombèr, ya iku ing pasar domestik apa déné pasar internasional. [3] Archived 2007-10-13 at the Wayback Machine.

Pangolahan Lahan[besut | besut sumber]

Pengolahan Lahan Tebu

Lahan kang arep ditanduri tebu kudu diolah luwih dhisik, bisa nganggo waluku biyasa utawa kang luwih rikat nganggo traktor lan buldoser amarga lumrahé lahané pancèn amba banget. Apa manèh yèn lahané isih akèh oyoté utawa bonggol wit-witan kang paling cocog kudu nganggo buldoser. Pengolahan lahan iki gunané kanggo ngilangké keasaman lan ngempukaké lemah, uga kanggo nggawé got, wujud got malang lan got mujur kanggo ngilèkaké banyu (drainage). Saliyané kanggo drainase, got-got mau uga minangka wates kanggo ngukur luasan lahan kang dipara dadi pirang-pirang pétak utawa emplèk. Rupa-rupa got kang kudu disiapaké antarané:

  • Got Pembuangan, kudu digawé luwih ndisik kanggo ngetokaké banyu saka lahan karebèn rikat garing utawa sat.
  • Got Pemasukan, kanggo nyiapaké pengaliran banyu lumebu ning lahan.
  • Got Keliling, ukuran amba 70 cm jeroné 60 cm.
  • Got Mujur, ambané 60 cm, jeroné 50 cm
  • Got Malang, ambané 50 cm, jeroné 40 cm, digawé searah karo kemiringané lahan.

Sawisé rampung panyiapan got, bisa diwiwiti penjuringan], ya iku gawé bolongan kaya pot supaya mengkoné oyot tebu bisa thukul kanthi sampurna. Sadurungé ditanduri juringan mau di garingké luwih disik kira-kira 3-4 minggu karebèn lemahé kena panasing srengéngé. Pangeringan mau gunané supaya lemah dadi ora asem lan mambu wangi.

Persiapan Tandur[besut | besut sumber]

Sadurungé tandur uga perlu disiapké sawatara langkah supaya lemah wis siyap tenan ditanduri. langkah kang diperlokaké antarané: Rao/Bubut Tanah, Turun Tanah, Ebor, lan Kecroh. Sawisé iku bibit lagi dikethoki, diseleksi, direndhem banyu udakara 2 jam, di umbal (digawa nyedhaki lubang), di cicir ning guludan-guludan, banjur ditandur.

Tandur[besut | besut sumber]

Bibit kang wis dikethoki telung ros telung ros, didèlèh kanthi mata (calon thukulan) ana ing iringan (ora ing nduwur utawa ing ngisor). Sawisé iku bibit terus diurugi lemah sithik waé aja kandel-kandel. Pemilihan jinis bibit tebu uga wigati banget. Padha waé karo wong kang arep golèk mantu, pemilihan bibit tebu kudu nggatèkaké bibit, bobot lan bèbèt. Bibit, artiné kudu jelas asal usulé saéengga duwé kemurnian spésies kang apik. Bobot, artiné duwé kualitas kang apik. Bèbèt, artiné duwé sipat lan kemantapan kang apik.

Tebu wiwit thukul

Ngabuk/Pemupukan[besut | besut sumber]

Kanggo nambah unsur hara, supaya lemah bisa nyukupi zat panganan tumraping tuwuhan, kala-kala diperloaké ngabuk utawa mènèhi abuk / pupuk. Déné jinis abuk kang diperloaké ya iku kang ngandhut unsur Nitrogen, Phospat lan Kalium. Sajeroning mènèhi abuk kudu miturut pedoman baku ya iku: kudu ditugal, digawé lubang pupuk, ditaker, diwolak walik ya iku pemupukan sapisan ning sisih kiwa lan kaloro ing sisih tengan tuwuhan utawa suwaliké. Gulma kudu diresiki ndisik, sebab yèn ora mengko kang lemu malah gulmané. Yèn ngabuk kudu isuk-isuk lan ora kena ditaburké. Sawisé ngabuk kudu disiram.

Tuwuhan Tebu kang wiwit thukul

Prinsip Pemupukan[besut | besut sumber]

Pemupukan utawa ngabuk, kudu nuruti prinsip 5 tepat, ya iku tepat jinis, tepat wektu, tepat mutu, tepat jumlah lan tepat panggonané.

  • Tepat Jinis, maksudé abuk kang dienggo kudu jinis kang nduwé unsur N,P lan K kaya ta abuk ZA, TSP, KCL, Ponska lll.
  • Tepat wektu maksudé unsur Posphat ditebar sadurungé tandur, unsur Nitrogen sawisé tuwuhan umur 7 dina lan 40 dina, déné unsur K disebar nalika tuwuhan wis umur 40 dina.
  • Tepat Mutu, maksudé bahan abuk kudu isih apik lan durung rusak sarta ngandhut bahan aktif ing diperlokaké.
  • Tepat Jumlah, kudu seimbang antara unsur-unsur kang diperlokaké lan cacahé kudu cukup kanggo saben hèktar lahané.
  • Tepat Panggonan, maksudé abuk kudu dilebokaké ing sajeroning lobang ing saubengé tuwuhan (ditugal ndisik), ditutup lan disiram. Dadi carané ngabuk ora disebar kaya ngabuk pari.
Tebu umur 5 sasinan

Wektu[besut | besut sumber]

Tuwuhan tebu lumrahé perlu diabuk yèn wis ngancik umur pitung dina lan umur 30-40 dina.

Jinis Pupuk[besut | besut sumber]

  • Pupuk Nitrogen, gunané kanggo: nyuburaké tuwuhan kanthi vegetatif, nyengkakaké pertumbuhan anakan lan kanggo pembentukan zat hijau daun. Conto Pupuk Nitrogen: Urea kadar N 45%, ZA kadar N 21%, ASN kadar N 26%, Ammonium Klorida kadar N 25%.
  • Pupuk Phosphat, gunané kanggo: nyengkakaké tuwuhé tunas anakan, nyengkakaké tuwuhing oyot, nggedèkaké lan ndawakké ros tebu, ngundhakaké kualitas nira lan nyengkakaké prosès kematengan tebu. Conto Pupuk P: DSP (Double Super Phosphate) kadar P2O5 36%, TSP (Triple Super Phosphate) kadar P2O5 45%, SP 36 (Super phosphate) kadar P2O5 36%, FMP (Fused Magnesium Phosphate) kadar P2O5 20%, Agrophos kadar P2O5 25%.
  • Pupuk Kalium, gunané kanggo: ngaktifaké prosès pembelahan sèl lan photosintesis. Conto Pupuk Kalium: KCL (Kalium Klorida) kadar K2O 60%, ZK (Kalium Sulfat) kadar K2O 50%, Paten Kali kadar K2O 21%.
  • Pupuk Majemuk
    • Pupuk NP: Amophos kadar N 11%, kadar P2O5 48%
    • Pupuk NK: KNO3 kadar N 13%, kadar K2O 44%
    • Pupuk PK: Kalium Metafosfat kadar P2O5 60%, kadar K2O 40%
    • Pupuk NPK: Phonska kadar N 15%, kadar P2O5 15%, kadar K2O 15%

Sulaman[besut | besut sumber]

Penyulaman iku gunané kanggo ngisi tuwuhan tebu kang ora thukul supaya tuwuhan tebuné komplit lan ora buthak-buthak. Sulaman sepisanan nalika tuwuhan umur 2 minggu, déné sulaman kapindho sawisé tuwuhan umur 3 utawa 4 minggu. Kudu diupayaaké nyulam nganggo bibitan kang umuré mèh padha karo tuwuhan kang disulam.

Bumbun[besut | besut sumber]

Bumbun utawa dhangir, tujuané kanggo mènèhi tambahan lemah lan sumber zat hara kang anyar kanggo tuwuhan tebu. Saliyané iku bumbun uga nyandhet tuwuhing anakan (karebèn ora kakèhan, yèn kakèhan tebuné dadi kuru-kuru) lan bisa ngundhakaké drainase.

Panen Tebu ing Désa Kali Tengah Bojonegoro

Klènthèk[besut | besut sumber]

Klènthèk iku nglènthèki godhong tebu kang garing kanggo ngilangaké hama, ngurangi tebu rubuh amarga angin, ngundhakaké hawa lan sinar srengéngé, ngundhakaké rèndemèn, nyegah tuwuhé oyot ing ros-rosan lan ngurangi bahaya keobongan. Sajeroning mangsa setaun klènthèk yèn bisa dilaksanaaké ping pindho utawa ping telu.

Organisme Pengganggu Tuwuhan[besut | besut sumber]

Organisme pengganggu tuwuhan tebu bisa wujud ama, lelara lan gulma.

  • Ama: Gangguan jisim kang marakké luka fisik Hama bisa ngganggu godhong, wit / batang utawa oyot. Sing ngganggu godhong tebu wujud: uler grapyak, kutu wulu putih, cabuk ireng, tungau, walang. Sing ngganggu wit / batang antarané: penggèrèk pucuk, penggèrèk batang, lan tikus. Déné kang ngganggu oyot wujud urèt, rayap, lan cacing. Kanggo nyegah hama antarané bisa nggunakaké bibit kang bébas hama, nggunakaké varietas tahan hama, njaga karesikané kebun lan penggiliran tuwuhan.
  • Lelara: Gangguan jisim kang ngganggu sitem upamané sistem penyerapan banyu lan hara, sistem fotosintèsis utawa sistem pamulihan.

Lelara kang nyerang gaodhong awujud: mozaik, blendhok, noda kuning, karat, lan klorotik. Sing nyerang wit / batang: pembuluh (RSD), pokahbung lan luka api. Déné kang nyerang oyot: dhongkèlan lan phyctum. Kanggo nyegah lan mbrantas lelara bisa migunakaké: varietas tahan lan séhat, pergiliran tuwuhan, sanitasi utawa pemusnahan tuwuhan kang kena lelara, pemanfaatan musuh alami, pèstisida lan karantina.

  • Gulma: Arupa tuwuhan kang dudu tuwuhan pokok lan ngrugèkaké. Contoné paréan, barèt, rawatan, tuton, grinting, ceklèkan, lan teki.

Panèn[besut | besut sumber]

  • Tebu Layak TebangTebu kang wis umur kurang luwih setaun bisa dipanèn. Prayogané kudu dianalisa disik déning ahli tebu saka Pabrik Gula saéngga tebuné pancèn wis mateng optimal.
    Dhadhuk Tebu Pasca Panen
  • Cara Tebang Tebang tebu uga ana métodané, ya iku métoda tebang pinggir utawa tebang terobos. Sajeroning tebang kudu diupayaaké ngepok supaya dongkèlané sithik. Saliyané iku kudu diperhatèkaké supaya kadar sampahé kaya ta sogolan, pucukan, dhadhuk, oyot lan lemah bisa minimal. Sawisé di tebang, tebu diangkud nganggo truk disetor ning Pabrik Gula. Supaya tebu ora kesuwèn nganggur, kudu diatur jadwal tebang kang dimusyawarahaké déning tani lan Pabrik Gula, amarga yèn kesuwèn nunggu rèndemèn tebuné bakal mudhun.

Pasca Panèn[besut | besut sumber]

Sawisé ditebang, dhadhuk kang rataaké ing sakndhuwuré bonggol terus diobong. Sakbanjuré terus di kepras ya iku dipotong bonggol-bonggol kang isih pating crongot supaya rata lemah karebèn pertumbuhan thukulané bisa luwih apik. Tuwuhan tebu kang wis dipanèn ora perlu ditanduri manèh sebab bonggolan bisa thukul manèh kanggo mangsa panèn sakterusé. Tahun kapindho ingaran tuwuhan keprasan kang lumrahé rumpun dhompolé malah luwih akèh tinimbang taun kapisan.

Dunungé Pabrik Gula Ing Indonésia[besut | besut sumber]

Ing Pulo Jawa[besut | besut sumber]

  • PTP Nusantara IX (Persero).

1. PG. Jatibarang.Brebes 2. PG. Banjaratma 2) Brebes 3. PG. Pangka.Tegal 4. PG. Sumberharjo.Pemalang 5. PG. Sragi.Pekalongan 6. PG. Cepiring 2) Kendhal 7. PG. Rendeng. Kudus 8. PG. Mojo.Sragen 9. PG. Tasikmadu.Karanganyar 10. PG Colomadu 2) Karanganyar 11. PG. Ceper Baru 2) Klaten 12. PG. Gondang Baru 2) Klaten 13. PG. Kali Bagor 1) Banyumas

  • PTP Nusantara X (Persero).

1. PG. Cukir.Jombang 2. PG. Gempolkerep.Mojokerto 3. PG. Jombang Baru.Jombang 4. PG. Krembong.Sidoarjo 5. PG. Krian 2) Sidoarjo 6. PG. Lestari. Nganjuk 7. PG. Merican. Kadhiri 8. PG. Mojopanggung.Tulungagung 9. PG. Ngadirejo. Kadhiri 10. PG. Pesantren Baru.Kadhiri 11. PG. Tulangan. Sidoarjo 12. Watutulis. Sidoarjo

  • PTP Nusantara XI (Persero).

1. PG. Asembagoes. Situbondo 2. PG. De Maas 3) Situbondo 3. PG. Gending. Prabalingga 4. PG. Jatoroto.Lumajang 5. PG. Kanigoro. Madiun 6. PG. Kedawung. Pasuruan 7. PG. Olean. Situbondo 8. PG. Pagotan. Madiun 9. PG. Pajarakan. Prabalingga 10. PG. Panji. Situbondo 11. PG. Purwodadi. Magetan 12. PG. Prajekan. Bondowoso 13. PG. Rejosari. Magetan 14. PG. Semboro. Jember 15. PG. Sedhono. Ngawi 16. PG. Wonolangan. Prabalingga 17. PG. Wringinanom. Situbondo

  • PT. Rajawali I.

1. PG. Candhi.Jl. Raya Candhi, Sidoarjo 2. PG. Krebet Baru. Malang 3. PG. Rejoagung Baru. Madiun 4. PG. Madukismo.Padokan, Tirtonirmolo, Kasihan, Bantul

  • PT. Rajawali II.

1. PG. Gempol 1) Cirebon 2. PG. Jatitujuh. Majalengka 3. PG. Jatiwangi 2) Majalengka 4. PG. Kadipaten 3) Majalengka 5. PG. Karang Suwung. Cirebon 6. PG. Sindanglaut. Cirebon 7. PG. Subang. Subang 8. PG. Tersana Baru. Cirebon

  • PT. Kebon Agung.

1. PG. Kebon Agung. Malang 2. PG. Trangkil. Pati PT. Bapippundip. 1. PG. Pakis Baru. Pati

Sajabaning Pulo Jawa[besut | besut sumber]

-

  • PTP Nusantara II (Persero).

1. PG. Sei Semayang. Deli Serdang 2. PG. Kuala Madu. Binjai

  • PTP Nusantara VII (Persero).

1. PG. Bunga Mayang. Lampung Utara 2. PG. Cintamanis. Ogan Komering Ilir

  • PTP Nusantara XIII (Persero).

1. PG. Pelaihari.Tebing Siring, Pelaihari 70851, Kalsel

  • PTP Nusantara XIV (Persero).

1. PG. Bone.Bone 2. PG. Caming.Bone 3. PG. Takalar.Takalar

  • PT. Gunung Madu Plantation.

1. PG. Gung Madu Plantation.Gatot Subroto No.108, Bandar Lampung

  • PT. Gula Putih Mataram.

1. PG. Gula Putih Mataram. Bandar Lampung

  • PT. Rajawali III.

1. PG. Tolanghua.Désa Lekaya, Kec. Paguyaman Kab. Gorontalo, Sulawesi Utara

  • PT. Sweet Indolampung.

1. PG. Sweet Indolampung.Jl. Menggala, Lampung Utara

  • PT. Indolampung Perkasa.

1. PG. Indolampung Perkasa. Bandar Lampung

  • Katerangan:

1) Wis ora aktif wiwit taun 1975 (2 PG) 2) Wis ora aktif wiwit taun 1998 (7 PG) 3) Wis ora aktif wiwit taun 2000 (2 PG)

Total Pabrik Gula 70 (Jawa=57, nJaban Pulo Jawa=13 PG) Kondisi: Aktif 69 PG, ora aktif 11 PG [4] Archived 2007-10-08 at the Wayback Machine.

Produksi Gula ing Donya[besut | besut sumber]

Top 10 Produsèn Tebu-2005
Nagara 1000 ton
Brazil Brazil 422,926
Indhi India 232,300
Tiongkok Cina 87,768
Pakistan Pakistan 47,244
Mèksiko Mexico 45,195
Thai Thailand 43,665
Kolombia Colombia 39,849
Ostrali Australia 37,822
Indhonésia Indonésia 29,505
Amérika Sarékat USA 25,307
Total Donya 1,011,581
Sumber:
UN Food & Agriculture Organisation (FAO)
[1]

Panganan/Ombènan saka tebu[besut | besut sumber]

Wong adol wédang tebu in Dhaka, Bangladesh
  • Tebu dikonsumsi langsung sawisé dioncèki.
  • Sari tebu minangka ombènan.
  • Tètès tebu, dipigunaaké kanggo pemanis lan sirup minangka bahan panganan liyané kaya déné kèju, ikuh-ikuh. Liyanè iku tètès tebu uga minangka bahan perekat sajeroning produksi cèt.
  • Rapadura, permèn saka gula abang ing Brasilia.
  • Bahan produksi rum mligi ing Kepuloan Caribbea.
  • Bahan sirup kanggo soft drink.

Kapurih Ugi Mirsani[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]