Gula

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Gula pasir)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kristal gula

Gula (ngoko) utawa Gendhis (krama) iku ing basa Latin diarani sacharose / sucrose.[1] Gula iku bahan sing dienggo nggawé legi utawa ngawètaké panganan.[1] Gula iku lumrahé ana telung warna:[1]

  1. gula Jawa
  2. gula bit
  3. gula tebu

Sacharose.png

Gula Rafinasi[besut | besut sumber]

Gula rafinasi iki mèh padha kaya gula pethak nanging mbebayani tumrap kaséhatan.[2] Gula rafinasi iki regané luwih murah tinimbang gula pethak biyasa.[2] Gula rafinansi iki ora layak dikonsumsi.[2] Supaya bisa dikonsumsi, gula rafinasi kudu diolah manéh amarga gula iki rupané rada coklat lan ana uga kang rupané ireng, lan gulané alus banget.[2] Yén gula iki langsung dicampur ing tèh utawa kopi bisa ngganggu kaséhatan amarga gula iki maragaké kanker.[2] Gula rafinansi iki lumrahé gula kang diimpor saka manca nagara.[2]

Gula Bit[besut | besut sumber]

Gula bit bisa dikembangaké ing Indonésia, awit nagara Indonésia kalebu nagara tropis.[3] Umur tuwuhan saka gula bit nganti panén kurang luwih 4,5 nganti 11 sasi.[3] Tuwuhan gula bit ora mbutuhaké akèh banyu.[3] Tuwuhan iki luwih ngirit banyu kira-kira 30 persén tinimbang tuwuhan tebu.[3] Tuwuhan gula bit bisa urip ing warna-warna jinis lemah, malah bisa uga urip ing lemah kang kandhutan uyah tanahé akèh banget.[3] PH kang cocog kanggo urip tuwuhan bit rata-rata pH > 5,5.[3]

Bit (Beta vulgaris)kalebu famili Chenopodiaceae.[4] Varietas tuwuhan iki kang paling misuwur ya iku beetroot utawa garden beet kang rupané abang utawa ungu.[4] Varietas saka budidaya bit liyané ya iku sayuran kang wujud godhong kang diarani chard lan spinach beet.[4] Saliyané iku ana sayuran kang ana oyoté kang diarani gula bit.[4]

Tuwuhan bit wernané abang rada wungu.[4] Tuwuhan bit ngandhut serat kang akèh lan uga ngandhut zat besi.[4] Kanggoné para vegetarian utawa vegan bisa ngonsumsi bit supaya ora kurang zat besine.[4] Zat besi lumrahé tinemu ing daging kang seger.[4]

Amarga kandhutan bit ngandhut serat kang akèh ing oyot lan godhongé, bangsa Romawi Kumo nggunakaké dadi obat sembelit.[4] Bit uga bisa dadi pewarna abang kang alami.[4] Pewarna saka bit bisa kanggo nggawé kuwé pepe utawa lapis sagu.[4] Nalika sepisanan nggawé Red Velvet Cake dadi simbul kuwé Amérika pérangan Selatan isih nggunakaké jus bit dudu pewarna abang gawéan.[4] Gula iku olèhé ana kudu karo prosès kimia.[4] Gula bit kang dikasilaké wernané putih.[5] Gula iki bisa digunakaké ing kulawarga utawa ing pabrik utawa indhustri kanggo nggawé ombénan.[5] Kaya gula kang isih mentah, gula kang isih ngandhut jus diolah lan duwé produk samping kang diarani molase bit.[5]' 'Molase bit bisa dadi pakan ratu-kaya lan dikirim ing pabrik fermentasi tuwuhan kaya ta pabrik penyulingan alkohol.[5]

Gula Jawa[besut | besut sumber]

Gula jawa uga diarani gula abang utawa gula arén.[6] Gula jawa iki cara nggawéné luwih alami saéngga zat-zat kang ana ing gula iki ora nganggu kaséhatan apa manéh ngrusak awak.[6] Gula jawa uga ora mbutuhaké prosés penyulingan kang bola-bali lan ora nggunakaké tambahan bahan kimia kanggo gawé murni.[6] Gula jawa duwé aji indèks glikemik luwih cendhèk saéngga ora nggawé gula darah mundhak.[6] Kanthi alasan iku mau, gula jawa uga kena digunakaké wong kang lara diabétes amarga nutrisi kang ana ing gula iki luwih akèh.[6]

Saliyané kandhutan gula kang luwih sithik, gula iki uga ngandhut senyawa-senyawa liyané kang akèh manfaaté kaya ta thiamine,riboflavin, asem askorbat, protéin lan uga vitamin C.[6]

Gula Tebu[besut | besut sumber]

Gula tebu uga diarani gula pasir.[7] Diarani gula tebu amarga bahané digawé saka tebu.[7] Diarani gula pasir amarga dhapuré butiran cilik-cilik mirib pasir.[7] Gula tebu bisa kanggo campuran yèn nggawé wédang tèh utawa wédang kopi.[8] Saliyané iku gula tebu uga bisa kanggo masak lan nggawé sirup.[8]

Gladri[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c regional.kompas.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  2. a b c d e f www.tempointeraktif.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  3. a b c d e f http://ditjenbun.deptan.go.id(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m www.food-info.net(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  5. a b c d http://goorme.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  6. a b c d e f http://health.detik.com(dipununundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  7. a b c http://www.tropicanaslim.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  8. a b http://www.antaranews.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)