Nutrisi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sumber nutrisi

Nutrisi inggih punika ikatan kimia ingkang dibétahakén déning salira kanggé ngélampahi fungsipun ingkang wujud Ènérgi. Sanésipun Ènérgi ugi saged bantu lan mélihara jaringan ing salébéting salira sérta ngatur prosès kauripan. Nutrisi dipunginakakén kanggé panganan dados wujud ènergi, ingpundi sabén jaringan ing awak kérja nganti saé. Nutrisi ugi saged dipunwastani dados suatu prosès organism kang gunaakè objék mliginipun inggih punika panganan ingkang asring dipunkonsumsi ing kondisi normal, ginaakén prosès Dégésti, Absorsi. Sarta mètabolismé ing sakmangke badhé buang pintén-pintén zat ing kasunyatan botén dibutuhakè déning salira.[1](dipununduh Tanggal 7 Oktober 2012). Miturut (Soenarjo, 2000) Nutrisi inggih punika ikatan kimia ingkang dibutuhake kaliyan salira kanggé ngélampahi fungsinipun ya iku Ènérgi, bangun lan mlihara jaringan, sérta ngatur prosés-prosés kauripan. Nutrisi punika kébutuhan utami pasièn kritis lan nutrisi Èntéral langkung saé saking paréntéral amergi langkung gampil, mirah, aman, fisiologis lan ginaakén nutrièn saking salira langkung Èfisièn. Nutrisi inggih punika prosès téngpundi salira manungsa ginaakén panganan kanggé wujud Ènérgi, lan mémpértahankan késéhatan, pértumbuhan, lan kanggé kalangsungan fungsi normal sabén organ lan jaringan salira (Miturut Rock CL, 20040). Nutrisi inggih punika prosès organism ngginakaken panganan ingkang dipunkonsumsi kanthi normal ngélampahi prosés degesti, absorbsi, transportasi, pényimpana, mètabolisme lan péngèluaran zat-zat ingkang boten diginaake kanggé mertahanaken kauripan (Miturut Supariasa 2001). Nutrisi inggih punia salah satunggaling kebutuhan vital kanggé sédaya makluk urip. Pangertosan nutrisi saking pinten-pintén ahli, nutrisi inggih punika prosès méndèt zat-zat panganan ingkang wigati miturut (Nuwer, 2008), nutrisi inggih punika substansi organik ingkang dibétahaké organisme kanggé fungsi normal saking sistem salira, pertumbuhan lan melihara kaséhatan miturut (Wikipedia, 2008).[2](dipununduh Tanggal 7 oktober 2012)

Jinising Nutrisi[besut | besut sumber]

250px|thumb|left|4 Sehat 5 Sempurna a. Karbohidrat Karbohidrat inggih punika komposisi ingkang kapérang saking elemen karbon, hydrogen, saha oksigèn, wonten ing salebeting tuwuhan kados wos, jagung, gandum, ubi, lan wujud nglampahi prosès asimilasi ing tuwuhan miturut (Pekik, 2007). b. Lemak Lemak inggih punika sumber ènergi ingkang dipunpadatake. Lemak lan lenga saking gabungan saking gliserol saha asem-asem lemak. c. Protein Protein inggih punika konstituen ingkang wigati ing sadaya sel, jinis nutrien punika wujud struktur nutrien kompleks saking asa-asem amino. d. Vitamin Vitamin inggih punika bahan organik ingkang boten saged dumadi saking salira lan fungsinipun dados katalisator prosès metabolosme salira. e. Mineral Mineral inggih punika unsur esensial ing fungsi normal sapérangan enzim, lan wigati sanget ing pengendalian sisten cuwèran salira. Mineral punika konstituen esensial ing jaringan lunak, cuwèran lan rangka. Rangka ngandung sapérangan ageng mineral. f. Toya Toya inggih punika komponèn ingkang ageng ing salebeting struktur salira manungsa. Kirang langkunge 60-70% abot awak tiyang, wujud toya saéngga toya sanget dibetahake déning salira.[2](dipununduh Tanggal 7 Oktober 2012)

Mupangatipun Nutrisi kanggé Awak[besut | besut sumber]

Nutrisi punika zat ingkang dados asupan utami kanggé salira manungsa ing nglampahi pinten-pinten kagiyatan wujud ènergi ingkang wigati. Fungsi nutrisi punika ugi dados prosès mendhet zat-zat panganan ingkang wigati, dados sunstansi organik ingkang dibetahake organisme kanggé gerak normal. Nanging nurisi bènten kaliyan punapa ingkang pangana ingkang sabendintene dipundahar, nutrisi inggih punika sadaya ingkang terkandung ing panganan mau. Nutrisi ugi berperan aktif dados asupan panganan ingkang séhat déning salira. [1](dipununduh Tanggal 7 Oktober 2012)

Cathetan suku[besut | besut sumber]