Timor Wétan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Timor Wétan
Repúblika Demokrátika Timor Lorosa'e
República Democrática de Timor-Leste
Républik Dhémokratik Timor Wétan
Gendéra Lambang nagara
Sesanti: Unidade, Acção e Progresso
(Portugis: "Kamanunggalan, Aksi lan Kamajuan")
Antem: Pátria
Kutha krajan
lan paling gedhé
Dili
Basa resmi Tetun, Portugis
Papréntahan Républik
Kamardikan
 •  Banyu (%) bisa dilirwakaké
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2006 978.590 (152)
 •  Cacah sirah - -
GDP  (PPP) Rantaman 2005
 •  Gunggung US$0,37 miliar (185)
 •  Per kapita US$400 (192)
Valuta Dolar AS
Koin centavo ()
Zona wektu (UTC+9)
 •  Mangsa Panas (DST)  (UTC+9)
Kodhé bèl 670
TLD Internèt .tl
Maca ing Timor-Leste

Timor Wétan utawa Timor-Leste utawa Timor Lorosa'e iku nagara ing Asia. Nagara iki wewatesan karo Indonésia lan Australia. Wewengkon mligi dumunung ana ing sisih wétan pulo Timor, nanging saliyané iku wewengkon nagara iki uga nyakup pulo Kambing utawa Atauro, Jaco, lan eksklave Oecussi-Ambeno ing Timor Kulon. Kutha krajané ya iku Dili. Minangka sawijining nagara sempalan saka Nagara Kesatuan Républik Indonésia, Timor Wétan kanthi resmi mardika ing tanggal 20 Mèi 2002. Nalika Timor Wétan dadi anggota PBB, nagara iki mutusaké nganggo jeneng asal Portugis ya iku "Timor-Leste" minangka jeneng resmi nagara.

Sajarah[besut | besut sumber]

Artikel utama: Sajarah Timor Wétan
  • Abad ka-16: Tekané bangsa Portugis
  • 1902: Pamérangan Timor antara kaum Portugis lan Walanda kanthi definitif
  • 1975: Timor Wétan dikléndranaké déning Portugal kang lagi ana kadadéan Revolusi Anyelir
  • 1976: Integrasi menyang Indonésia
  • 1976 - 1980: Perang sadulur; watara 100.000 - 250.000 jiwa tiwas
  • 1991: Insiden Santa Cruz
  • 1999: Referendum pamisahan dhiri Timor Wétan diidinaké déning présidhèn B. J. Habibie
  • 1999: Campuh antara pro- lan anti-kamardikan lan pangungsèn warga Timor Wétan
  • 2002: Madegé nagara Timor Wétan
  • 2006: Saprotelon mantan wadya nasional Timor Wétan mbaléla nuntut kaadilan; pecah konflik antara pihak pulisi kang ndhukung pamaréntah nglawan pihak militèr

Pulitik[besut | besut sumber]

Kepala Nagara Républik Timor Wétan ya iku présidhèn, kang dipilih kanthi langsung kanthi mangsa ngabekti 5 taun. Sanajan fungsiné mung seremonial waé, présidhèn uga duwé hak veto undhang-undhang. Perdhana Mentri dipilih ing pamilihan multi parté lan diangkat/ditunjuk saka parté mayoritas sawijining koalisi mayoritas. Minangka kepala pamaréntahan, Perdhana Mentri ngepalani Dewan Mentri utawa Kabinet.

Kabinet Pamaréntahan Timor Wétan:

Parlemèn Timor Wétan mung dumadi saka siji kamar waé lan ingaran Parlamento Nacional. Anggotané dipilih kanggo mangsa kalungguhan limang taun. Jumlah kursi ing parlemèn antara 52 lan 65 nanging wektu iki cacahé ana 65. Undhang-Undhang Dhasar Timor Wétan didhasaraké konstitusi Portugal.

Angkatan Bersenjata Timor Wétan ya iku FALINTIL-FDTL (F-FDTL), déné angkatan kapulisèné ya iku PNTL (Polícia Nacional Timor-Leste).

Kabupatèn (dhistrik)[besut | besut sumber]

Timor Wétan kanthi administratif dipérang dadi 13 dhistrik:

Peta Timor Wétan

Jeneng-jeneng kang ana sajeroning tandha kurung iku ejaan alternatif kang sering dianggo ing mangsa Integrasi.

Ékonomi[besut | besut sumber]

Artikel utama: Ékonomi Timor Wétan

Timor Wétan kepingin bisa eksploitasi lenga patra ing tlatah Celah Timor (Timor Gap), nanging kaya-kaya angèl kanggo ngéntukaké dévisa kang gedhé ing Celah Timor amarga Australia wis ngiming-imingi Timor Wétan kanthi pengelolaané lan Australia éntuk 80% saka kasilé lan sisané diwènèhaké marang Timor Wétan. Australia uga ngalang-alangi Timor Wétan supaya ora bisa nguwasani Celah Timor kanthi penuh, kanthi ngulur-ulur wektu parampungan tapel wates nagara.

Sanajan wis mardika, Timor Wétan isih gumantung banget marang pasokan barang-barang saka Indonésia, wiwit saka bahan pangan (sembako) nganti bahan bakar lenga (BBM) mligi liwat provinsi Nusa Tenggara Wétan (Indonésia). Australia naté nyoba nguasani dhistribusi barang-barang kabutuhan sadina-dina nanging gagal amarga kelarangen lan kurang ditepungi déning rakyat Timor Wétan. Saliyané gumantung banget kanthi pulitik marang mantan panjajah Portugal, Timor Wétan ngadhopsi dhuwit dolar Amérika Sarékat minangka piranti kanggo dol-tinuku kang ngakibataké daya beli rakyat anjlok dibandingaké karo nalika isih dadi provinsi Indonésia.

Dhémografi[besut | besut sumber]

Taun 2005 sing ndunungi Timor Wétan dikira-kira cacahé 1.040.880 jiwa. Padunung Timor Wétan arupa campuran antara bebrayan Melayu lan Papua. Mayoritas sing ndunungi Timor Wétan nganut agama Katulik (90%), banjur Protèstan (5%), Islam (3%), lan sisané Buda, Hindhu, lan ilèn kapercayaan (2%). Amarga mayoritas sing ndunungi nganut agama Katulik, saiki ana loro kauskupan (diosis) ya iku: Diosis Dili lan Diosis Baucau kang nyakup papat dhistrik pérangan wétan Timor Wétan. Basa resmi Timor Wétan ya iku basa Tetun lan basa Portugis. Déné basa Inggris lan basa Indonésia dipilih minangka basa makarya meiturut konstitusi Timor Wétan.

Basa[besut | besut sumber]

Wiwit mardika taun 2002, sawisé ana ing ngisor pamaréntahan transisi PBB ing taun 1999, adhedhasar konstitusi, Timor Wétan mung ngakoni 2 basa nasional ya iku basa Tetum lan basa Portugis. Sajeroning konstitusi disebutaké 2 basa kang didadèkaké basa makarya ya iku basa Inggris lan basa Indonésia. Sajeroning praktek sadina-dina, masarakat akèh migunakaké basa Tetum minangka basa ucap. Sauntara basa Indonésia akèh dipigunakaké kanggo nulis. Upamané bocah sekolah ing tataran SMA isih migunakaké basa Indonésia kanggo ujian pungkasan. Akèh mahasiswa lan dosèn luwih milih migunakaké basa Indonésia minangka basa pengantar lan nulis karangan ilmiah.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]


Distrik lan Kutha ing Timor Wétan Bendera Timor Timur
Distrik:

Aileu | Ainaro | Baucau | Bobonaro | Cova-Lima | Díli | Ermera | Lautém | Liquiçá | Manatuto | Manufahi | Oecussi-Ambeno | Viqueque

Kutha: Aileu | Ainaro | Baucau | Dili | Gleno | Liquiçá | Lospalos | Maliana | Manatuto | Pante Macassar | Same | Suai | Viqueque

Cithakan:Asia Tenggara