Brambang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
irisan brambang
Brambang
Shallot bawang merah.jpg
Brambang ing pasar
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Asparagales
Famili: Alliaceae
Génus: Allium
Spésies: A. ascalonicum
Jeneng binomial
Allium ascalonicum
L.

Brambang utawa Bawang abang (Allium ascalonicum L.) iku jeneng tanduran saka familia Alliaceae lan jeneng saka umbi sing dikasilaké.[1] Umbi saka tanduran brambang minangka bahan utama kanggo bumbu dhasar masakan Indonésia.[1] Brambang kalebu tanduran sayuran.[1] Tanduran iki biyasané kanggo bumbu masakan, utawa kanggo wuwuran ing masakan.[1] Masakan kang biyasané diwuwuri brambang ya iku soto, sop, sega gandul, sega pindhang, semur,mie goreng, mie godhog, lan liya-liyané.[1] Brambang biyasané diiris tipis, digoreng banjur diwuwurna ing masakan.[1] Nanging ati-ati yèn nggorèng brambang, amarga brambang yèn digorèng gampang gosong.[1]

Brambang iku sayuran kang ana méh ing kabéh masakan.[1] Fungsiné kanggo gawé sedhep masakan.[1] Ing kondisi Indonésia saiki, Indonésia lagi krisis ékonomi, saéngga kudu bisa ngoptimalké sumber daya alam supaya perékonomianné rikat pulih.[1] Indonésia kalebu nagara agraris.[1] Ananging saiki Indonésia malah ngimpor brambang saka manca nagara.[1] Kahanan kang kaya mengkéné ndadékaké Indonésia kudu nduwé greget kanggo ngembangaké pertanian brambang.[1]

Deskripsi[besut | besut sumber]

Brambang iku tanduran semusim lan nduwè umbi sing lapis-lapis.[1] Tanduran iki duwé oyod serabut, kanthi godhong awangun silinder mawa rongga.[1] Umbi kawangun saka pangkal godhong sing nyawiji lan mbangun "wit" sing owah wangun lan fungsiné, dadi gedhé lan lapis-lapis.[1] Umbi brambang kawangun saka lapisan-lapisan godhong sing dadi geshé lan nyawiji.[1] Umbi brambang dudu umbi sajati kaya déné kenthang utawa tales.[1]

Paédah[besut | besut sumber]

Brambang gorèng iku brambang sing diiris tipis lan digorèng nganggo lenga gorèng sing akèh (agung).[1] Umumé, masakan Indonésia kaya soto lan sup nganggo wurwuran brambang gorèng supaya luwih sedhep.[1] Brambang uga ngandhut zat pengatur tuwuh alami arupa hormon auksin lan giberelin.[1]

Brambang duwé zat kang jenengé ''tolbutamide'' [2] Brambang wis suwé dadi obat kang manjur kanggo nambani diabétes.[2] Brambang uga wis suwé misuwur ing ngèlmu kedhokteran, amarga kasiyaté kang akèh banget.[3] Saka panalitén-panalitén modhèren, nuduhaké yèn brambang nduwé daya kanggo nurunaké gula darah lan daya iku mau katemokaké ing kadar kang ana ing panganan kang ana bumbu brambangé.[2]

Para panaliti ing India nggunakaké brambang kang wis digawé jus apa déné kang isih bunder lan wutuh. Gedhéné kurang luwih 25-200 gram.[2] Saya akèh brambang kang digunakaké saya kurang kadar gula darah.[2] Ora ana bédané khasiat brambang kang isih mentah apa déné kang wis digodhog utawa digoréng.[2]

Miturut teori kang diandharaké tim panaliti, brambang uga duwé prabawa ing metabolisme gula ing njero ati, utawa metabolisme pelepasan insulin.[2] Brambang bisa ncegah rusaké insulin.[2]"Agen" kang duwé kamampuan hipoglikemia, bisa nurunaké kadar gula darah.[2]''Agen'' iku ora liya zat aktif kang arané allyl propyl disulfide lan allicin.[2] Bukti eksperimen lan klinis nuduhaké yèn allyl propyl disulfide bisa nurunaké gula darah kanthi cara ningkataké “masa hidup” (lifespan) insulin.[2]

Wiwit taun 1923, para ilmuwan ndetéksi depressor gula darah ing brambang, lan ing taun 1960, para panaliti bisa ngisolasi senyawa antidiabetes saka brambang.[2] Senyawa iki cara kerjané mirip obat farmasi antidiabetes umum. Zat antidiabetes iki arané tolbutamide.[2] Zat iki kerep dienggo ngurangi kadar gula darah.[2] Cara kerjané tolbutamide ya iku kanthi ngrangsang sintésis lan ngetokaké insulin.[2] Ing panalitén, para ilmuwan nggunakaké kelinci kango percobaan.[2] Ing panalitén iki nuduhaké yèn ekstrak brambang, 77 persen padha efektifé karo dosis standar tolbutamide.[2]

Hasil panaliten uga nuduhaké yèn brambang nduwé éfék nurunaké gula lan lemak darah.[3] Mulané dianjurké supaya nambahaké brambang ing saben masakan.[3] Ancasé supaya njaga kadar gula darah.[3] Brambang bisa digunakaké ing masakan. déné cacahé sembarang.[3]

Studi Chandalia sakanca nuduhaké yèn asupan utawaintake serat larut kang akèh bisa dicukupi kanthi konsumsi panganan alami kang akèh serat.[3] Diet tinggi serat kanthi éfék samping kang minim bisa dilaksanakaké wong kang nandang lelara diabétes.[2] Mulané kanggo ningkataké serat, penderita diabétes bisa mangan sayuran utawa woh kang akèh serat.[3]

Panganan kang akèh seraté bisa digunakaké kanggo diét tinggi serat.[4] Panalitén Chandalia sakanca, arupa woh koktail, jeruk seger, nanas seger, kates seger, buah persik (peach) segar, buah ceri, tomat segar, jagung, zucchini, kacang ijo, roti whole-wheat, lan ''havermout'' (oatmeal dan oat bran).[5] Utamane jeruk dan nanas, kacang ijo, lan ''havermout'' kalebu sumber serat larut.[5]

Dasanama[besut | besut sumber]

Jeneng latin Latin : Allium cepa L [4]

Jeneng Laladan : Bawang abang mirah (Aceh); Pia (Batak); Bawang abang (Palembang); Bawang sirah, Barambang sirah, Dasun merah (Minangkabau); Bawang suluh (Lampung); Bawang beureum (Sunda); Brambang, Brambang abang (Jawa); Bhabang mera (Madura); Jasun bang, Jasun mirah (BaIi); Lasuna mahamu, Ransuna mahendeng, Yantuna mopura, Dansuna rundang, Lasuna randang, Lansuna mea, Lansuna Raindang (Sulawesi Utara); Bawangi (Gorontalo); Laisuna pilas, Laisuna mpilas (Roti); Kalpeo meh (Timor); Bowang wulwul (Kai); Kosai miha; Bawa rohiha (Ternate); Bawa kahori (Tidore).[4]

Habitat[besut | besut sumber]

Brambang biyasané ditandur ing dataran rendah nganti 1300 m dpl, ing laladan kang lembab lan cukup banyuné.[4]

Zat-zat[besut | besut sumber]

Minyak atsiri, sikloaliin, metilaliin, dihidroaliin, flavonglikosida, kuersetin, saponin, peptida, fitohormon, vitamin, dan zat pati.[4]

Khasiat[besut | besut sumber]

Brambang nduwé khasiat kanggo Bakterisid; ekspektoran; diuretik.[4]

Galeri[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u [1](dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r [2](dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  3. ^ a b c d e f g [3](dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  4. ^ a b c d e f [4](dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  5. ^ a b [5](dipunundhuh tanggal 18 April 2011)

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]