Menyang kontèn

Tales

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tales
Xanthosoma roseum
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Monocots
Ordho: Alismatales
Famili: Araceae
Subfamili: Aroideae
Tribe: Caladieae
Génus: Xanthosoma
Spesies

Kurang luwih 50; delengen tèks

Tales utawa kimpul, tales bogor, tales bentul(Colocasia giganteum Hook., suku tales-talesan utawa Araceae) kalebu tuwuhan kang ngasilaké umbi kang bisa didadèkaké panganan pokok.[1] Tales lumrahé ditandur ing laladan Indonésia pérangan kulon.[1] Tales mèmper karo taro nanging tales ngasilaké umbi kang luwih gedhé.[1]

Tales duwé jeneng liya yaiku Taro, Old cocoyam, ‘Dash(e)en’ lan ‘Eddo (e)’.[1] Ing nagara-nagara liya tales uga ditepungi kanthi jeneng Abalong ing Philipina, Taioba Brazil), Arvi Indhi, Keladi Malaya, Satoimo Jepang, Tayoba Spanyol lan Yu-tao China.[1]

Nagara prodhusèn tales donya yaiku, Mesir, Fiji, Indhi, Malaysia, Filipina, Afrika Wétan, lan Afrika Kulon. Tales sok diarani Keladi, Taro, Gabi uga sinonim saka Tales Bogor, jinising karo tales isih ana saspésiès yaiku dasheen utawa Tales Padang C. Gigantea(BI.) Hook f.[2]

Jinising tales kang asring dibudidayakaké yaiku Tales Bogor. Tales Bogor duwé akèh banget variétas (kultivar) lokal. Adhedhasar saka tlutuh (kristal), Tales Bogor kapérang dadi telung warna yaiku, Tales Bogor gatel, Tales Bogor ora gatel lan Tales Loma. Tales Bogor kang ora gatel yaiku Tales ketan, Tales bentul, Tales lampung, Tales sutera, lan Tales mentega. Tales iki tales kang asring ditandur déning wong tani lan didol karo pedagang.[3]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Tales asalé saka laladan Asia Kidul-wétan, banjur nyebar ing Cina ing abad sepisanan.[1] Sawisé iku tales wiwit ditepungi karo Jepang lan pulo-pulo ing Samodra Pasifik amarga kagawa imigrasi pandhudhuk.[1] Ing Indonésia tales urip ing kabèh pulo lan ing ing pinggir pasisir lan pagunungan kang dhuwuré punjul 1000 m dpl.[1]

Tuwuhan tales iku tuwuhan saka laladan tropis. Asil saka èkspèdhisi Nikolai Ivanovich Vavilov, wong ahli botani sovyèt, nuduhaké yèn sentrum saka tuwuhan tales iku ana ing dhataran Cina lan Indhi. Plasma nutfah tales kang tinemu ing laladan mau yaiku “Colocasia antiquorum”.[4]

Literatur liya njlèntrèhaké babagan asal-usul tuwuhan tales saka manéka laladan kang duwé iklim tropis. Tuladhané ana ing Malaysia tinemu dasheen C. Gigantea Hook. F., saka Indonésia tinemu Talas Bogor C. Esculenta L. Schott.), lan Amérika Tengah nyebar tuwuhan Kimpul (Xanthosoma violaceum Schott).[2]

Dhèskripsi

[besut | besut sumber]

Tales kalebu tuwuhan herba taunan.[1] Tales kalebu tuwuhan mangsan kang bisa urip saben taun.[1] Tales lumrahé ditandur apadené urip dhéwé.

Godhong tales dhapuré kaya tamèng kang ukurané gedhé.[1] Pérangan ndhuwur godhong ana rambut-rambut alus. Rambut-rambut iki kang ndadèkaké godhong tales kaya-kaya ora teles nalika kena banyu.

Tales duwé sistem oyot srabut lan cekak. Umbiné duwé jinis kang warna-warna.[1] Umbi tales aboté bisa tekan 4 kg utawa luwih.[1] Ukuran umbiné yaiku 30 cm x 15 cm kanthi wangun silindher utawa bunder lan rupané coklat.[1]

Tuwuhan tales ngandhut asem perusi (asem biru utawa HCN).[1] Sauntara umbi tales ngandhut akèh karbohidrat.[5]

Kagunan

[besut | besut sumber]

Godhong tales iku kena dianggo.[1] Kajaba iku, godhong tales uga kena kanggo pakan iwak gurame lan minangka payung tradhisional nalika udan.[1]

Woh tales bisa diolah kanthi cara dikukus, digorèng sawisé dikethok cilik-cilik.[1] Godhong tales uga kena dianggo kanggo mbungkus lan dipangan.[1] Panganan kang jenengé buntil lumrahé dibungkus nganggo godhong tales.[1]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t warintek.ristek.go.id Archived 2011-09-04 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 24 Agustus 2011)
  2. a b "buku1" <<id>>Rukmana,Rahmat."Budi Daya Talas".ISBN.Kanisius.(1998: 13)
  3. > Ruhmana,Rahmat."Budi Daya Talas".ISBN.Kanisius.Yogyakarta.(1998: 18)
  4. > Ir.H. Rahmat Rumana."budu daya TALAS".ISBN.KANISIUS.Yogyakarta.(1998: 7)
  5. deptan.go.id Archived 2011-05-16 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 24 Agustus 2011)


Cithakan:Tetuwuhan-stub