Asam amino

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Asam amino iku sembarang senyawa organik kang duwé gugus fungsional karboksil (-COOH) lan amina (lumrahé-NH2).Ing biokimia asring artiné diciutaké: loro-loroné kaiket ing siji atom karbon (C) kang padha (disebut atom C "alfa" utawa α). Gugus karboksil mènèhi sipat asam lan gugus amina mènèhi sipat basa. Yèn wanguné larutan, asam amino duwé sipat amfoterik: cenderung dadi asam ing larutan basa lan dadi basa ing larutan asam. Prilaku iki bisa kedadèn yèn asam amino dadi zwitter-ion. Asam amino kagolong senyawa kang paling akèh disinaoni amarga salah sawijiné fungsiné wigati banget ing organisme, ya iku minangka panyusun protein.

Struktur asam amino[besut | besut sumber]

Struktur asam α-amino

Struktur asam amino lumrahé ya iku siji atom C sing ngiket papat gugus: gugus amina (NH2), gugus karboksil (COOH), atom hidrogen (H), lan siji gugus sisa (R, teka residue) utawa disebut uga gugus utawa ranté samping kang mbédakaké sawijining asam amino karo asam amino liyané.

Atom C pusat dijenengi atom Cα ("C-alfa") selaras karo mènèhi jeneng senyawa kang gugusé karboksil, ya iku atom C kang iketané langsung karo gugus karboksil. Mula gugus amina uga keiket ing atom Cα iki, senyawa mau iku asam α-amino.

Asam amino lumrahé diklasifikasikaké miturut sipat kimia ranté samping mau dadi patang golongan. Ranté samping bisa gawé asam amino duwé sipat asam lemah, basa lemah, hidrofilik yèn polar, lan hidrofobik yèn nonpolar.

Isomerisme ing asam amino[besut | besut sumber]

Loro modhèl molekul isomer optis asam amino alanina

Amerga atom C pusat nalèni papat gugus kang béda, mula asam amino—kejaba glisina—duwé isomer optik: l lan d. Cara prasaja kanggo ngidhèntifikasi isomeri iki saka gambar rong dhimènsi ya iku nganggo cara "nyurung" atom H menyang mburi pamaca (ngadohi wong kang maca). Upama saarah ubengan dom jam (ubengan menyang tengen) ndadèkaké urutan karboksil-residu-amina mula iki mau tipe d. Upama urutan iki kedadèn saka arah ubengan walikané dom jam, mula iku mau tipe l. (Aturan iki diteèpungi ing basa Inggris CORN, saka singkatan COOH-R-NH2).

Lumrahé, asam amino alami sing diasilaké eukariota iku tipe l sanajan sapérangan kéong laut ngasilaké tipe d. Dhindhing sèl bakteri akèh ngandung asam amino d.

Polimerisasi asam amino[besut | besut sumber]

Uga delengen artikel èksprèsi genetik.

Réaksi kondhènsasi 2 asam amino kang mbentuk roncèn peptida

Protein kagolong polimer kang kasusun saka asam amino kang dadi monomeré. Monomer-monomer iki kesambung karo roncèn peptida, kang ngiket gugus karboksil duwèkané sawijining monomer karo gugus amina duwèkané monomer sisihé. Réaksi sing nyambungaké iki (disebut translasi) kang alami kedadèn ing sitoplasma kang diéwangi ribosom lan tRNA.

Ing polimerisasi asam amino, gugus-OH kang dadi pérangan gugus karboksil sawijining asam amino lan gugus-H kang dadi pérangan gugus amina asam amino liyané ucul lan mbentuk banyu. Mula, réaksi iki kagolong réaksi dehidrasi. Molekul asam amino kang wis ngeculaké molekul banyu dijenengi wangun résidhu asam amino.

Zwitter-ion[besut | besut sumber]

Asam amino kang wanguné ora kaion (kiwa) lan sing wanguné zwitter-ion

Amarga asam amino duwé gugus aktif amina lan karboksil sisan, dat iki dianggep asam lan basa (yèn sabeneré pH alaminé lumrahé diprabawai gugus-R kang diduwèni). Ing pH tinentu kang disebut titik isolistrik, gugus amina ing asam amino dadi duwé momotan positif (kaprotonasi, –NH3+), lan gugus karboksilé dadi duwé momotan négatif (kadeprotonasi, –COO-). Titik isolistrik iki spésifik gumantung ing jinis asam aminoné. Ing kahanan iki, asam amino duwé wangun zwitter-ion. Zwitter-ion bisa dièkstrak saka larutan asam amino kang dadi struktur kristal putih kang duwé titik lebur kang dhuwur amarga sipat dipolaré. Akèh-akèhé asam amino bébas ana ing wangun zwitter-ion ing pH nétral uga pH fisiologis kang cedhak netral. Amarga duwé momotan négatif lan positif, asam amino bisa ngalami réaksi marang asam uga basa.[1]

Asam amino dhasar (standar)[besut | besut sumber]

Protein disusun saka sapérangan asam amino kang digandhèngaké déning roncèn peptida. Sanajan mangkono, ing awal pambentukané protein mung kasusun saka 20 asam amino sing ditepungi kanthi jeneng asam amino dhasar utawa asam amino baku utawa asam amino kang nyusun protein (proteinogenik). Ya asam-asam amino iki sing disandhi déning DNA/RNA kanggo kodhe genetik.

Ing ngisor iki 20 asam amino sing nyusun protein (singkatan ing kurung nuduhaké singkatan telung huruf lan sakhuruf kang asring kanggo ing kajian protein), diklompokaké miturut sipat utawa struktur kimiawiné:

Asam amino alifatik prasaja[besut | besut sumber]

Asam amino hidroksi-alifatik[besut | besut sumber]

Asam amino dikarboksilat (asam)[besut | besut sumber]

Amida[besut | besut sumber]

Asam amino basa[besut | besut sumber]

Asam amino karo sulfur[besut | besut sumber]

Prolin[besut | besut sumber]

  • Prolina (Pro, P) (duwé gugus siklik)

Asam amino aromatik[besut | besut sumber]

Klompok iki duwé cincin benzena lan dadi bahan baku metabolit sekunder aromatik.

Fungsi biologi asam amino[besut | besut sumber]

  1. Panyusun protein, kagolong enzim.
  2. Rangka dhasar sapérangan senyawa wigati ing metabolisme (mliginé vitamin, hormon lan asam nukleat).
  3. Pangiket ion logam wigaèti kang diperlokaké ing réaksi enzimatik (kofaktor).

Asam amino esensial[besut | besut sumber]

Asam amino digunakaké makluk urip kanggo nyusun protein utawa kanggo rangka molekul-molekul wigati. Iki disebut esensial ing spésies organisme yèn spésies iku merlokaké nanging ora mampu mrodhuksi dhéwé utawa terus kekurangan asam amino. Kangggo nyukupi kabutuhané iki, spésies iku kudu masok saka njaba (lumantar panganan). Istilah "asam amino esensial" iki mung kanggo organisme heterotrof.

Kanggo manungsa, ana 8 (ana kang nyebutaké 9) asam amino esensial kang kudu dicukupi saka dièt sadina-dina, ya iku isoleusina, leusina, lisina, metionina, fenilalanina, treonina, triptofan, lan valina. Histidina lan arginina mau "setengah esensial" amarga awak manungsa diwasa séhat bisa nyukupi kabutuhané. Asam amino karnitina uga duwé sipat "setengah esensial" lan asring diwènèhaké kanggo kepentingan pangobatan.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

  • Situs iki ngamot biosintesis manéka asam amino panyusun protein [1]