Kimia organik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Struktur dari molekul metana: ikatan hidrokarbon kang paling prasaja.

Kimia organik iku pacabangan studi èlmiyah saka èlmu kimia ngenani struktur, sipat, komposisi, réaksi, lan sintesis senyawa organik. Senyawa organik diwangun mliginé déning karbon lan hidrogen, lan bisa ngandhut unsur-unsur liya kaya ta nitrogèn, oksigen, fosfor, halogen lan belerang. Dhéfinisi asli saka kimia organik iki asalé saka kasalahpahaman yèn kabèh senyawa organik mesthi asalé saka organisme urip, nanging wis dibuktèkaké yèn ana sapérangan pangecualian. Malah sabeneré, kauripan uga gumantung banget ing kimia anorganik; minangka conto contoh, akèh enzim sing ndhasaraké kerjané ing logam transisi kaya ta wesi lan tembaga, uga untu lan balung sing komposisiné arupa campuran saka senyama organik uga anorganik. Conto liyané ya iku larutan HCl, larutan iki duwé peran gedhé ing prosès pancernan panganan sing mèh kabèh organisme (mliginé organisme tingkat dhuwur) migunakaké larutan HClHCL kanggo nyerna panganané, sing uga digolongaké ing senyawa anorganik. Ngenani unsur karbon, kimia anorganik racaké ana kaitané karo senyawa karbon sing prasaja sing ora ngandhut ikatan antar karbon upamané oksidaoksida, garamgaram, asamasam, karbidkarbid, lan mineralmineral. Nanging perkara iki ora ateges yèn ora ana senyawa karbon tunggal ing senyawa organik upamané metan lan turunané.

Sajarah[besut | besut sumber]

Kimia organik minangka sawijining èlmu kanthi umum disarujuki wis diwiwiti ing taun 1828 kanthi sintesis urea organik déning Friedrich Woehler, sing kanthi ora sengaja nguapaké larutan amonium sianat NH4OCN.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.