Anasir kimiah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Unsur kimia)
Tabel periodik unsur kimia

Unsur kimia, utawa mung ingaran unsur, yaiku zat kimia kang ora bisa dipérang manèh dadi zat kang luwih cilik, utawa ora bisa diowahi dadi zat kimia liya kanthi migunakaké métode kimia biyasa.[1] Partikel paling cilik saka unsur yaiku atom.[1] Sawijining atom dumadi saka inti atom (nukleus) lan dikubengi déning èlèktron.[1] Inti atom dumadi saka sawatara proton lan neutron.[1] Nganti saiki diweruhi ana 116 unsur ing donya.[1]

Gambaran umum[besut | besut sumber]

Bab kang mbédakaké unsur siji lan sijiné yaiku cacahing proton sajeroning inti atom mau. Upamané, kabèh atom karbon duwé proton akèhé 6 iji, déné atom oksigèn duwé proton akèhé 8 iji. Cacahing proton ing siji atom misuwur kanthi istilah nomer atom (dilambangaké Z).

Sanajan mangkono, atom-atom ing unsur kang padha mau bisa duwé neutron kang béda; bab iki misuwur kanthi sebutan isotop. Massa atom siji unsur (dilambangaké "A") iku massa rata-rata atom siji unsur ing alam. Amarga massa èlèktron iku cilik banget, lan massa neutron mèh padha karo massa proton, banjur massa atom lumrahé dinyatakaké kanthi cacahing proton lan neutron ing inti atom, ing isotop kang duwèni kelimpahan paling akèh ing alam. Ukuran massa atom yaiku ékan massa atom (smu). Sawetara isotop duwé sipat radioaktif, lan ngalami penguraian (peluruhan) marang radhiasi partikel alfa utawa beta.

Unsur kang paling èntheng yaiku hidrogen lan hélium. Hidrogen dipracaya minangka unsur kang ana sepisanan ing jagad raya sawisé kadadéan Big Bang. Kabèh unsur-unsur abot kanthi alami kawentuk lumantar manéka warna cara (nukleosintesis). Nganti taun 2005, dingertèni ana 116 unsur, 93 ing antarané ana ing alam lan 23 unsur minangka unsur gawéan. Unsur gawéan kang sepisanan diprakirakaké yaiku teknetium ing taun 1973. Kabèh unsur gawéan minangka radioaktif kanthi wektu paruh kang sedhéla, saéngga atom-atom mau kang kawentuk kanthi cara alami kayané wis ngumbar. Pratélan unsur bisa diandharaké miturut jeneng, simbul, nomer atom, utawa miturut unsur kang nduwé sipat-sipat kimia kang padha.

Nomenklatur[besut | besut sumber]

Cara njenengi unsur wis suwé ana sadurungé ana téyori atom siji zat. Sanadyan ing wektu iku durung dingertèni kang endi kang jenengé unsur lan endi kang jenengé senyawa. Nalika téyori atom ngrembaka, jeneng-jeneng unsur kang wis digunakaké ing jaman biyèn tetep digunakaké. Tuladhané, unsur Cuprum ing basa Inggris dingertèni kanthi jeneng copper, lan ing basa Indonésia dingertèni kanthi aran tembaga. Tuladha liyané, ing basa Jerman Wassertoff tegesé Hidrogen, lan Sauertoff tegesé oksigèn

Jeneng resmi saka unsur kimia ditemtokaké déning organisasi IUPAC. Miturut IUPAC, jeneng unsur ora diwiwiti kanthi hurufkapital, kajaba ana ing wiwitan ukara. Ing saparo abad kaping 20, akèh laboratorium kang bisa nyiptakaké unsur anyar kang duwé tingkat peluruhan kang cukup dhuwur kanggo didol utawa disimpen. Jeneng-jeneng unsur anyar iki uga dikukuhaké déning IUPAC lan padatan njupuk jenengkang dipilih déning panemu unsur mau. Babagan iki bisa nuwuhaké kontroversi grup risèt kang asli nemu unsur mau lan njenengi unsur kang ditunda ing wektu kang suwé.


Lambang kimia[besut | besut sumber]

Sadurungé kimia dadi babagan èlmu, ahli alkemi wis nemtokaké simbul-simbul kanggo logam utawa senyawa umu liyané, yaiku nggunakaké singkatan ing diagram utawa prosedhur lan tanpa konsèp babagan sawijiné atom kang nyawiji kanggo minangka molekul. Kanthi perkembangan téyori zat, John dalton nepungaké simbul-simbool kang luwih prasaja miturut bunderan kang kanggo nggambar molekul.

Sistem kang saiki digunakaké ditepungaké déning Berzelius. Ing sitem tipografi mau, simbul kimia kang digunakaké yaiku singkatan saka jeneng Latin amarga wektu iku Basa latin minangka basa sains. Tuladhané Fe yaiku simbul saka unsur ferrum (wesi), Cu yaiku simbul saka unsur Cuprum (tembaga0, Hg yaiku simbul kanggo unsur hydrargyrum (raksa), lsp. Simbul kimia digunakaké kanthi internasional, sanadyan jeneng-jeneng unsur diterjemahaké antarbasa. Huruf sapisan simbul kimia ditulis nganggo huruf gedhé (kapital), déné huruf saterusé (yèn ana) ditulis nganggo huruf cilik.

Simbul non-unsur[besut | besut sumber]

Non unsur, mligi sajeroning kimia organik lan organometalik, asring migunakaké simbul kang kainspirasi déning simbul-simbul unsur kimia. Ing ngisor iki contoné:

Cy-sikloheksil; Ph-fenil; Bz-benzoil; Bn-benzil; Cp-Siklopentadiena; Pr-propil; Me-metil; Et-etil; Tf-triflat; Ts-tosil; Hb-hemoglobin.

Deleng uga[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Pengertian Unsur Kimia Archived 2013-05-25 at the Wayback Machine.(diundhuh 16 Januari 2013)

Pranala njaba[besut | besut sumber]