Èlèktron

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Èlèktron
Perkiraan teoritis rapatan èlèktron tumrap atom Hidrogen sajeroning sawetara orbit èlèktron
Komposisi: Partikel dhasar
Keluwarga: Fermion
Klompok: Lepton
Génerasi: Pertama
Interaksi: Gravitasi, Elektromagnetik, Lemah
Simbol: Cithakan:PhysicsParticle, Cithakan:PhysicsParticle
Antipartikel: Positron (uga karan antièlèktron)
Panggagas: Richard Laming (1838–1851),
G. Johnstone Stoney (1874) et. al.
Panemu: J. J. Thomson (1897)[1]
Massa: 9,10938215(45) × 10-31 kg
5,4857990943(23) × 10-4 u
[1822,88850204(77)]−1 u[cat 1]
0,510998910(13)MeV/c2
Muatan listrik: −1 e[cat 2]
-1,602176487(40) × 10-19 C
Momèntum magnètik: −1,00115965218111 μB
Spin: 12

Èlèktron iku partikel subatomik kang mawa momotan négatif lan lumrahé ditulis minangka e-. Èlèktron ora duwé komponèn dhasar utawa substruktur apa-apa kang diweruhi, saéngga dipercaya minangka partikel èlemèntèr.[2] Èlèktron duwé massa watara 1/1836 massa proton.[3] Mometum sudut (spin) instrinsik èlèktron iku setengah aji intèger sajeroning ékan ħ, kang tegesé kalebu fermion. Antipartikel èlèktron kasebutake minangka positron, kang idhèntik karo èlèktron, kajaba mawa momotan positif. Nalika siji èlèktron tumbukan karo positron, kaloroné kamungkinan bisa silih hambur utawa musnah total, ngasilaké sepasang (utawa luwih) foton sinar gama. Èlèktron, kang kalebu sajeroning génerasi kulawarga partikel lepton peisanan,[4] partisipasi sajeroning interaksi gravitasional, interaksi elektromagnètik lan interaksi lemah.[5] Padha karo kabèh materi, èlèktron duwé sipat bak partikel lan bak gelombang (dualitas gelombang-partikel), saéngga bisa tumbukan karo partikel liya lan difraksi kaya cahya. Amarga èlèktron kalebu fermion, ora ana loro èlèktron kang bisa nglungguhi kaanan kuantum kang padha tegesé asas pengecualian Pauli.[4]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Penyebut versi pecahané minangka balikan aji désimal (kanthi kaanan ora mesthi standar relatif 4,2 × 10-10).
  2. Muatan èlèktron négatif momotan elemèntèr kang duwé aji positif kanggo proton.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Dahl (1997:122–185).
  2. Eichten, E.J.; Peskin, M.E.; Peskin, M. (1983). "New Tests for Quark and Lepton Substructure". Physical Review Letters. 50 (11): 811–814. Bibcode:1983PhRvL..50..811E. doi:10.1103/PhysRevLett.50.811.
  3. "CODATA value: proton-electron mass ratio". 2006 CODATA recommended values. National Institute of Standards and Technology. Dibukak ing 2009-07-18.
  4. a b Curtis, L.J. (2003). Atomic Structure and Lifetimes: A Conceptual Approach. Cambridge University Press. kc. 74. ISBN 978-0-521-53635-6.
  5. Anastopoulos, Charis (2008). Particle Or Wave: The Evolution of the Concept of Matter in Modern Physics. Princeton University Press. kc. 236–237. ISBN 0691135126.