Anasir kimiah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Tabel periodik unsur kimia

Unsur kimia, utawa mung ingaran unsur, ya iku zat kimia kang ora bisa dipérang manèh dadi zat kang luwih cilik, utawa ora bisa diowahi dadi zat kimia liya kanthi migunakaké métode kimia biyasa.[1] Partikel paling cilik saka unsur ya iku atom.[1] Sawijining atom dumadi saka inti atom (nukleus) lan dikubengi déning èlèktron.[1] Inti atom dumadi saka sawetara proton lan neutron.[1] Nganti saiki diweruhi ana 116 unsur ing donya.[1]

Gambaran umum[besut | besut sumber]

Bab kang mbédakaké unsur siji lan sijiné ya iku cacahing proton sajeroning inti atom mau. Upamané, kabèh atom karbon duwé proton akèhé 6 iji, déné atom oksigen duwé proton akèhé 8 iji. Cacahing proton ing sawijining atom misuwur kanthi istilah nomer atom (dilambangaké Z).

Sanajan mangkono, atom-atom ing unsur kang padha mau bisa duwé neutron kang béda; bab iki misuwur kanthi sebutan isotop. Massa atom sawijining unsur (dilambangaké "A") iku massa rata-rata atom sawijining unsur ing alam. Amarga massa èlèktron iku cilik banget, lan massa neutron mèh padha karo massa proton, banjur massa atom lumrahé dinyatakaké kanthi cacahing proton lan neutron ing inti atom, ing isotop kang duwèni kelimpahan paling akèh ing alam. Ukuran massa atom ya iku ékan massa atom (smu). Sawetara isotop duwé sipat radioaktif, lan ngalami penguraian (peluruhan) marang radhiasi partikel alfa utawa beta.

Unsur kang paling èntheng ya iku hidrogen lan hélium. Hidrogen dipracaya minangka unsur kang ana sepisanan ing jagad raya sawisé kadadéan Big Bang. Kabèh unsur-unsur abot kanthi alami kawentuk lumantar manéka warna cara (nukleosintesis). Nganti taun 2005, dingertèni ana 116 unsur, 93 ing antarané ana ing alam lan 23 unsur minangka unsur gawéan. Unsur gawéan kang sepisanan diprakirakaké ya iku teknetium ing taun 1973. Kabèh unsur gawéan minangka radioaktif kanthi wektu paruh kang sedhéla, saéngga atom-atom mau kang kawentuk kanthi cara alami kayané wis ngumbar. Pratélan unsur bisa diandharaké miturut jeneng, simbul, nomer atom, utawa miturut unsur kang nduwé sipat-sipat kimia kang padha.

Nomenklatur[besut | besut sumber]

Cara njenengi unsur wis suwé ana sadurungé ana téyori atom sawijining zat. Sanadyan ing wektu iku durung dingertèni sing endi kang jenengé unsur lan endi sing jenengé senyawa. Nalika téyori atom ngrembaka, jeneng-jeneng unsur sing wis digunakaké ing jaman biyèn tetep digunakaké. Tuladhané, unsur Cuprum ing basa Inggris dingertèni kanthi jeneng copper, lan ing basa Indonésia dingertèni kanthi aran tembaga. Tuladha liyané, ing basa Jerman Wassertoff tegesé Hidrogen, lan Sauertoff tegesé oksigen

Jeneng resmi saka unsur kimia ditemtokaké déning organisasi IUPAC. Miturut IUPAC, jeneng unsur ora diwiwiti kanthi hurufkapital, kajaba ana ing wiwitan ukara. Ing saparo abad kaping 20, akèh laboratorium kang bisa nyiptakaké unsur anyar kang duwé tingkat peluruhan kang cukup dhuwur kanggo didol utawa disimpen. Jeneng-jeneng unsur anyar iki uga dikukuhaké déning IUPAC lan padatan njupuk jenengkang dipilih déning panemu unsur mau. Babagan iki bisa nuwuhaké kontroversi grup risèt kang asli nemu unsur mau lan njenengi unsur kang ditunda ing wektu kang suwé.


Lambang kimia[besut | besut sumber]

Sadurungé kimia dadi babagan èlmu, ahli alkemi wis nemtokaké simbul-simbul kanggo logam utawa senyawa umu liyané, ya iku nggunakaké singkatan ing diagram utawa prosedhur lan tanpa konsep babagan sawijiné atom kang nyawiji kanggo minangka molekul. Kanthi perkembangan téyori zat, John dalton nepungaké simbul-simbool kang luwih prasaja miturut bunderan kang kanggo nggambar molekul.

Sistem kang saiki digunakaké ditepungaké déning Berzelius. Ing sitem tipografi mau, simbul kimia kang digunakaké ya iku singkatan saka jeneng Latin amarga wektu iku Basa latin minangka basa sains. Tuladhané Fe ya iku simbul saka unsur ferrum (wesi), Cu ya iku simbul saka unsur Cuprum (tembaga0, Hg ya iku simbul kanggo unsur hydrargyrum (raksa), lsp. Simbul kimia digunakaké kanthi internasional, sanadyan jeneng-jeneng unsur diterjemahaké antarbasa. Huruf sepisan simbul kimia ditulis nganggo huruf gedhé (kapital), déné huruf saterusé (yèn ana) ditulis nganggo huruf cilik.

Simbul non-unsur[besut | besut sumber]

Non unsur, mliginé sajeroning kimia organik lan organometalik, asring migunakaké simbul kang kainspirasi déning simbul-simbul unsur kimia. Ing ngisor iki contoné:

Cy-sikloheksil; Ph-fenil; Bz-benzoil; Bn-benzil; Cp-Siklopentadiena; Pr-propil; Me-metil; Et-etil; Tf-triflat; Ts-tosil; Hb-hemoglobin.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e Pengertian Unsur Kimia(diundhuh 16 Januari 2013)

Pranala njaba[besut | besut sumber]