Ukara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Ukara iku konsèp linguistik lan racaké diartèkaké minangka siji èksprèsi alami basa: yaiku unit tatabasa lan lèksikal kang kasusun saka tembung kang cacahé siji utawa punjul siji kang mawa teges.

Péranganing ukara[besut | besut sumber]

Péranganing ukara kang baku, yaiku:

  • Jejer yaiku: samubarang kang dianggep duwé adeg dhéwé sarta dadi bakuning gunem utawa carita. Lumrahe awujud tembung aran, sarta dadi wangsulane pitakon:
  1. Apa kang...?
  2. Sapa kang...?
  • Wasésa yaiku: samubarang kang dadi caritane jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Nanging ana uga kang awujud tembung: aran, kaanan, sesulih, wilangan, lan sapanunggalané. Sarta dadi wangsulan saka pitakon:
  1. kepriyé...?
  2. ngapa...?
  • Lésan yaiku: samubarang kang dadi watesaning wasesa, utawa kang nerangake wasesa. Lesan, kapilah dadi papat, yaiku:
  1. lesan panindak
  2. lesan panandang
  3. lesan panyabab
  4. lesan panampa
  • Katrangan yaiku: yaiku kang dadi andharaning wasesa.

Jinising Ukara[besut | besut sumber]

  1. Ukara lamba
    1. Ukara awasesa kriya:
      1. Ukara tanggap
      2. Ukara tanduk
    2. Ukara awasesa kaanan
    3. Ukara awasesa aran
    4. Ukara awasesa wilangan
    5. Ukara awasesa ancer-ancer
  2. Ukara camboran
    1. Ukara camboran sajajar
    2. Ukara camboran sungsun
    3. Ukara camboran raketan
  3. Miturut cakriking ukara
    1. Ukara carita
    2. Ukara pakon
    3. Ukara pitakon
    4. Ukara sabawa
  4. Wancahan lan sungsun balik
    1. Ukara wancahan
    2. Ukara sungsun balik

Deleng uga[besut | besut sumber]