Coro

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Coro
Blaberus giganteus
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Arthropoda
kelas: Insecta
Subkelas: Pterygota
Infrakelas: Neoptera
Superorder: Dictyoptera
ordo: Blattodea
Famili

Blaberidae
Blattellidae
Blattidae
Cryptocercidae
Polyphagidae
Nocticolidae

Coro kalebu srangga utawa kéwan kang diwedèni, ora karana rupaé kang medèni ananging karana coro ndadèkaké panggonan reged lan ora séhat.[1] Coro kalebu kéwan kang paling tua ing donya kang asalé saka jaman purba.[1] Coro nduwèni habitat mèh ing saindenging donya kejaba kutub utara.[1] Coro duwé awak kang bisa tahan ing werna-werna kahanan lan bisa mlayu kanthi lincah.[1] Kéwan coro iki jinisé akèh, kurang luwih nganti éwonan spesies.[1]

Coro utawa asring kasebut sakjroning basa Indonésia karan jeneng kecoa iku kagolong jenis insèkta saka ordo Blattodea kurang luwih ana 3.500 spesiés saka 6 familia.[2] Coro bisa urip ana ing tlatah donya ing bumi iki khususé iklim tropis, nanging ora bisa urip ana ning tlatah kutub utawa panggonan sing adhem (anyep/anyes), apa manèh mangsa adhem amarga ora bisa gawé anget awaké.[2] Coro biyasané urip ana ing panggonan kang lembab lan reged, kayata: larahan, gudhang, lemari klambi, kandhang sapi, bèbèk pitik lan ing tumpukan gombal-gombal amoh (sandhangan tilas).[2]

Ing antara spesiés kang paling misuwur yaiku coro Amerika, Periplaneta americana, kang ndhuwèni dawa 3 cm, kecoa Jerman, Blattella germanica, dawané ±1½ cm, lan kecoa Asia, Blattella asahinai, dawané kurang luwéh 1½ cm.[2] Coro asring dianggep ama ing bangunan, kandhang, kamar, pawon.[2] Coro urip ing donya wis 300 taun kapungkur. Coro nduwé jeneng liya lipas kang asring dikelompokaké karo jangkrik (Ordo Orthoptera) utawa walang.[3] Coro kang akeh urip ing pemukiman yaiku Periplaneta americana (kecoa amerika) dan Blatella germanica (kecoa jerman), Periplaneta australasiae (kecoa australia), P. brunnea (kecoa coklat), Neostylopyga rombifolia, Nauphoeta cinerea] dan Symploce sp, meskipun keberadaannya jarang.[3]


Dasanama[sunting | sunting sumber]

Dasanamane kecoa:[1]

  1. Kecoa
  2. Roach
  3. Cockroach
  4. Lipas

Coro kéwan kang diwedéni[sunting | sunting sumber]

Panyebab kang ndadékaké coro dadi kéwan kang diwedéni yaiku:[1]

  • Rusoh utawa kotor, awit coro uripé ing panggonan kang lembab lan peteng, kayata got, sampah, ngisor lemari. Coro uga marakake penyakit.
  • Sikilé landhep.
  • Mlakuné cepet lan kesit.
  • Werna utawa kelire peteng.
  • Mripaté siji, uga nduwe anténa kang gawé keri.
  • Mangané regedan utawa sampah lan panganan bosok nganti garing.
  • Ngetokaké kotoran lan ngendhog ing saenggon-enggon kang angél ditemokaké.

Mateni coro[sunting | sunting sumber]

Cara mateni cara antarane:[1]

  1. Disemprot obat utawa insèktisida anti serangga.
  2. Nganggo kapur anti kecoa lan semut.
  3. Nganggo lém tikus.
  4. Dijebak nganggo jebakan kecoa.
  5. Dikepruk nganggo kayu lan dipecak nganggo sikil.

Béda panggonan béda jinis[sunting | sunting sumber]

Coro jinisé dibedakaké manut karo awaké.[2] Coro kang ana ing omah-omah umumé dibedakaké dadi loro yaiku coro amerika/ American cockroach (periplaneta Americana) lan coro Jerman/German cockroach (Blattela Germanica).[2] Coro amerika biyasane urip ing papan kang peteng lan lembab, dene coro jerman seneng uruip ing panggonan kang akeh panganane kayata pawon, lemari makan utawa plafon omah.[2]

Otak Coro Ngandhut Antibiotik[sunting | sunting sumber]

Nadyan kewan iki dianggep kewan kotor, nanging para ilmuwan bisa manfaatké kewan iki.[4] Daily Mail nguji lan nemokaké yèn ing jaringan otak lan sistem saraf serangga bisa maténi 90 persen luwih infeksi MRSA lan E-coli tanpa maténi sèl manungsa.[4]

Simon Lee, peneliti saka pascasarjana University of Nottingham ngandaraké yen coro nduwé sifat antibiotik kang kuwat sawise nemokaké 9 molekul kang béda ing jaringan awaké coro kang bisa maténi bakteri.[4] Miturut Kee antibiotik iki bisa kanggo alternatif kanggo obat amarga ora ana efek sampingé, beda kaya obat-obat saiki kang nduweni efek samping.[5]

Struktur Awak Coro[sunting | sunting sumber]

Awak coro bentuké oval utawa lonjong (pipih dorsoventral, ukurané kurang luwih 1-5 cm. Coro nduwe lapisan kulit luar kang diarani integumen.[3] Integumen iku kulit kaya elar kang alus lan wernane coklat nom utawa tuwa, kulit iki manggon ing awaké coro kang paling njaba.[3]Coro nduwé sikil kang kuwat lan nduwé sepasang anténa, uga cangkem kanthi untu geraham kang kuwat.[3] Lar utawa sayape ana rong pasang, lar kang kapindho iki kalebu lar kang kuwat, dene pasangan lar kapisan gunané kanggo nglindungi lar kang diaranitègmina.[[Tègmina luwih kaku lan kuwat kang bisa njaga awak saka dehidrasi.[3]

Chatetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h (id)[1](dipunundhuh tanggal 5 April 2011)
  2. ^ a b c d e f g h (id)[2](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  3. ^ a b c d e f (id)[3](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  4. ^ a b c (id)[4](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  5. ^ (id)[5](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Coro ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Coro&oldid=829168"